Ngudhuna
utawa mudhun lemah salah sawijining tradhisi masyarakat Islam Jawa kang
diwulangake dening Walisongo awit abad 15 M. Upacara ngudhuna dianakake amarga
ana kapitayan masyarakat Jawa yen lemah kuwi nduweni makna ghoib lan dijaga
Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik, mula dianakake upacara
ngenalake bocah bayi marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah.
Ngudhuna
yaiku mudhune bayi kang umure wis pitung wulang. Ritual ngudhuna nggambarake kesiapane bocah kanggo nglakoni
urip kang bener ing mengkone kang oleh berkah saka Gusti Allah SWT lan tuntunan
wong tuwa.
Acara
mudhun lemah ing desaku bayi mau ora mudhun tenanan marang lemah. Lemah iku
digantekake karo bubur cadil, yaiku jajanan kang digawe saka ketan lan aci,
terus digawe bunder-bunder cilik, digodhog, ditambah santen lan gula jawa kang
wis lumer. Saengga warnane dadi kaya warna
lemah kang coklat semu abang.
Sawise
iku bayi digletakake ana ing klasa kang wis ana alat nulis, alat ibadah,
klambi, dhuwit, jagung, tela, pari, kaca, jungkat, slendhang, alat paes. Bayi
kuwi dijorake arep nyekel barang apa. Tuladhane nyekel jagung, dikarepake bocah
bayi iku mbesuke bisa dadi petani jagung
kang sukses. Barang mau sing dipilih dening bocah iku kaya tandha besuk bakal
duweni pagawean mau.
Acara
iki diterusake nyebar dhuwit receh kang dicampur beras kuning. Wong tuwa lan
nom-noman kang nyekseni padha rebutan kanthi ati bungah. Acara nyebar dhuwit
iki dikarepake nalika wis gedhe bocah iku seneng tetulung marang wong liya,
seneng wenehi sedekah lan digampangake rejekine.
Nalika
acara pungkasan bubur cadil kang wis digawe dibagikake marang tangga teparo. Tegese
pratandha minangka bocah bayi kang umur pitung wulan iku wis mulai bisa mudhun
ing lemah, utawa wis mulai sinau ngadeg lan mlaku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar