Tumindaka kang utama
Mangesthi dhawuhing Gusti
Tebihana sakeh dosa
Tindak tanduk den satiti
Miliha ingkang becik
Kang ala prayoga mungkur
Yen saget karya bingah
Utamane mring sesami
Gusti rena amirsani marang kita
Disabar sarta narima
Amecaki jroning urip
Lamun nganti sira lena
Tumindak kurang pratitis
Pilihen kang premati
Ywa nganti tumindak dudu
Nglingsemi yen sinawang
Tundhone dadi tan becik
Prayogane tumindaka kang prayoga
Tidak ada komentar:
Posting Komentar