Senin, 08 Desember 2014

TETENGER (M. Hadi Utomo)



Wis dadi tetenger sing Gusti Allah


Awaké dhèwèk : nyong karo kowen


Dilairna nang kéné


Mbrojol sing guwagarbané emboké nyong


Lan mboké kowen, tan bisa milih


Nang tlatah saloré Gunung Slamet


Tetegalan amba nang pinggir pesisir


Segara Jawa sing ombaké ora patia dhuwur


Tetegalan amba sing lemahé subur


Tetegalan sing mengkoné bakal dadi aran : Tegal


Tegalé dhèwèk…


Tegalé nyong karo kowen


Sing pan tak tembangi


Sadawané wengi


Nganggo puisi



Tidak ada komentar:

Posting Komentar