Dening: Inggih Sunarto
Kala-kala njelma hawa njelma bata njelma lungka
njelma bakul-bakul sate tengah kutha
ngipasi mawa
mengangah mblungka panas, kemranyas, getas
nyebar ganda
daging garing mekingking disunduki
kowe - aku
ing lincipe tuding pring
kowe - aku
ora sayah-sayah
ngadhepi mawa mengangah
kowe – aku
apa uga mawa?
Panjebar Semangat No. 50 – 11 Desember 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar