Kamis, 11 Desember 2014

Atur Pambagyo Harjo

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Bapak Adiwangsa Santosa minangka Kepala Desa Sawangan ingkang dahat kinurmatan.
Para sesepuh lan pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Para rawuh sedaya ingkang minulya.

Sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngersaning Gusti Allah SWT. Dene kula kaliyan panjenengan sedaya taksih pinaringan berkah rahmat saha hidayahipun. Katitik kula panjenengan sekaliyan saged makempal wonten ing panggenan punika. Saperlu badhe tirakatan dalu suron ing Dhusun Sawangan, Kec. Bumijawa Kab. Tegal

Para rawuh sedaya ingkang minulya,
Ing mriki kula minangka ketua panitia penyelenggara adicara tirakatan dalu suron, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa hangrawuhi adicara punika. Saperlu tirakatan sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang akarya jagad. Mugi-mugi kabupaten Tegal langkung-langkung Dhusun sawangan ing dinten ngajengipun saged manggih rahayu widodo nir sambikolo.

Para rawuh sedaya ingkang minulya,
Adicara tirakatan dalu suron ing Dhusun Sawangan lereng Gunung Slamet punika, sumangga kita bikak kanthi maos basmallah : Bismillahirrahmanirrahim.
Mugi-mugi keparengan lelenggahan kanthi mardikaning penggaling ngantos saparing purnaning adicara tirakatan ing dalu menika. Amin

Cekap semanten anggen kula matur. Mboten langkung nyuwun gunging pangapunten bilih wonten klenta-klentunipun anggen kula matur.
Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar