Kamis, 25 Desember 2014

RAMA JUMENENG NATA



                Dasarata nata ing Ayodya, sawijining raja gung birathara sekti mandraguna. Sang Prabu kagungan permaisuri telu, asmane Kekayi, Sumitra, lan Kasalya sing sulistya ing warna (ayu). Sang Prabu nganakake pepuja lank urban nyuwun putra. Panyuwune Dasarata marang Gusti Akarya Jagad dikabulake. Dewi Kasalya apeputra Rama, Kekayi apeputra Bharata, lan Dewi Sumitra kagungan putra kembar, Leksmana lan Sartugna. Putra kapapat kasebut maguru marang Begawan Wasista.
                Begawan Wismawitra midhanget yen Rama punika sekti mandraguna lan titisan Dewa Wisnu, mula Wismawitra nyuwun pitulungan marang Rama supaya nyingkirake raseksa sing ngganggu pratapan Wismawitra. Raseksa-raseksa tan bisa nandhingi kasaktene Rama. Raseksa punika asmane Sitataka. Raseksa Sitataka mati marga layu. Begawan Wismawitra menehi pamanggih supaya Rama melu sayembara ing Negara Mantilidirja sing rajane asma Janaka. Isi sayembarane, sing sapa dadi juwara manah diparingi putrine Janaka sing aran Dewi Sinta. Rama menang lan Dewi Sinta diparingake marang Rama.
                Prabu Dasarata kepengin njumenengake Rama dadi nata ing Negara Ayodya, ngganti Sang Prabu Dasarata. Dewi Kekayi ora sarujuk. Ing upacara nata, Dewi Kekayi atur pamanggih sing diwisuda dadi raja yaiku Bharata. Usulan Dewi Kekayi tinampa dening Prabu Dasarata. Dewi Kekayi uga nyuwun marang Sang Prabu Dasarata yen Rama dibuwang wae ing alas Dhandhaka.
                Rama lan Sinta cinoba ing urip ira kudu ngrasakake rekasa ing alas Dhandhaka dinerekake adhine kinasih, Leksmana. Coban ing alas Dhandhaka dirasakake Rama kanthi legawa, muga-muga coban urip iku nuwuhake pigunaning urip ngalam dunya. Sajroning nglakoni urip lan dibuwang ing alas, Rama krasa akeh pigunane. Hikmah sing dirasakake umpamane Rama bisa nyambung paseduluran karo bala rewanda, Kaya Sugriwa, Anoman, Anila, Anggada lan liya-liyane. Rikala Sinta cinidra dening Prabu Dasamuka, raja ing Alengka diraja, Rama direwangi dening bala rewanda utawa kethek nggempur Negara Alengka, Rama menang.
                Rama banjur mulih ing Negara Ayodya, winisuda dadi raja ing Ayodya ngganti Bharata. Amarga Rama ngalami cobaan urip sing pait mulane Rama dadi raja sing tangguh lan tanggon ditresnani rakyate.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar