Amangkurat
II (Pangeran Anom) sawetawis wekdal cumondhok wonten ing Kadipaten Jepara
saperlu ngrekadaya ngrebat Mataram saking tanganipun Trunajaya. Adipati Tegal
Martalaya wekdal menika tindak dhateng Jepara ngrawuhi wisudanipun para adipati
nanging sepinten kagedipun Adipati Martalaya sasampunipun wisudan rampung
Amangkurat II mbiwarakaken supados sedaya adipati kersa napakastani serat
perjanjian ingkang isinipun Kumpeni Walanda purun mbiyantu ngrebat Mataram
saking tanganipun Trunajaya kanthi sarat pesisir ler Pulo Jawa dipungadhekaken
dhateng VOC. Adipati Martalaya mboten sarujuk kaliyan kersanipun Amangkurat II,
Martalaya kanthi sora ngendika menawi ngantos pesisir ler dipungadhekaken
dhateng Kumpeni Walanda namung badhe nambahi kasangsaranipun kawula alit.
Adipati Martalaya lajeng kondur dhateng Tegal ninggalaken papan paseban.
Kondur
wonten Tegal Adipati Martalaya kados kagol penggalihipun menggalih kersanipun
Amangkurat II. Nalikanipun saweg lenggahan ketungka sowanipun abdi Narantaka
(Gendowor) matur bilih wonten tamu saking Jepara inggih menika Martapura.
Wosing rembag Adipati Martapura kadhawuhan ngaturi Adipati Martalaya sowan
Amangkurat II ing Jepara. Adipati Martalaya puguh mboten purun sowan dene Adipati
Martapura ngrudhapeksa pramila lajeng perang dedreg kekalihipun pejah sampyuh.
Sedanipun
Adipati Martalaya njalari Narantaka (Gendowor) nesu, piyambakipun prasetya
badhe numpes tuwin nyingkiraken Kumpeni Walanda saking laladan Tegal, pramila
kanthi sesanti “Rawe-rawe rantas malang-malang putung” pindha bantheng ketaton
pangamukipun Gendowor sawadyabala njalari Walanda kasoran. Kompeni Walanda
nyuwun bantuan dhateng Amangkurat II wusana Amangkurat II rawuh ing Tegal.
Gendowor badhe dipunwisuda dados Adipati Tegal sauger mboten mungsuhi Kompeni
Walanda. Mireng pangandikanipun Amangkurat II, Gendowor mboten trima. Gendowor
purun nglereni anggenipun mungsuhi Walanda sauger Kompeni Walanda kesah saking
laladan Tegal. Panyuwunipun Gendowor dipunsarujuki Amangkurat II, wusana
Narantaka (Gendowor) kawisudha dados Adipati Tegal.
Narantaka
(Gendowor) mujudaken pemimpin ingkang dipunajeni, dipunbekteni kawulanipun
amargi panjenenganipun wicaksana, jujur, adil, nggatosaken kawula alit,
gesangipun prasaja mboten ngowah-owahi. Panjenenganipun sanadyan adipati taksih
kersa ngurusi piyambak kretanipun menawi tindak dhusun ngadhusun.
Ing
sawijinipun dinten nalika kondur saking dhusun Semeda, Adipati Narantaka
sapendherekipun tindak ngilen, dumugi ing Kalipah panjenenganipun kendel namung
saperlu mirsani suket ingkang ijo royo-royo. Panjenenganipun ngendika, “Suket
ijo-ijo iku prayoga banget kanggo jaranku ing Kadipaten.”
Pirsa
kedadosan menika Nyai Narantaka lingsem dhateng pengawalipun lajeng matur,.
“Kang Mas, panjenengan menika adipati kok inggih menggalih suket kangge kuda.”
Anggenipun matur kaliyan nyablek pupunipun, Kanjeng Adipati Narantaka mboten
nyana nalika Nyai Narantaka nyablek kakungipun astanipun nyenggol kendhali
njalari kreta mlajar banter sanget. Nyai Narantaka bengok-bengok nyuwun tulung,
sedaya pengawal lajeng mlajar nututi kreta ngantos Adipati Narantaka dipuntilar
piyambakan.
Mlajaripun
kreta menggok ngidul dumugi ing dhusun Tembok, jaran tuwin kretanipun keluweng
ngantos Nyai Narantaka mencelat saking kreta. Dhusun papan keluwengipun kreta
ingkang dipuntumpaki Nyai Narantaka menika lajeng dipunwastani “Dhusun Tembok
Luweng utawi Tembok Luwung.”
Kajarwakake sacukupe
saka Legenda Kabupaten Tegal
Takwid
Budiharso
Tidak ada komentar:
Posting Komentar