Kenduren
utawa slametan yaiku tradisi kang wis turun temurun wiwit jaman biyen, yaiku
donga bebarengan kang ditekani dening para tetangga lan kulawarga kang umume
dilakokake dening wong lanang, kang
dipimpin dening sesepuh utawa sing dituakake ing saben lingkungan. Kenduren
umume dilakokake sawise ba’da Isya.
Tuladhane
kenduren syukuran
Wong kang oleh anugerah saka Gusti
Allah SWT, mesti wae ngucapake puji syukur. Biasane rasa syukur mau diungkapake
karo nganakake acara kenduren syukuran ngundang sedulur, kanca-kanca lan
tetangga.
Tuladhane wong kang nduweni omah
anyar, montor anyar, naik pangkat, lulus sekola, diterima kerja. Oleh jabatan
kang luwih dhuwur, kayadene diangkat dadi direktur, kepala kantor, lurah,
bupati, gubernur, lan liya-liyane.
Acara syukuran diwiwiti saka donga
bebarengan, maca tahlil, surat Yasin, lan surat-surat pendek, kayata surat
Al-Fatihah, surat An Nas, surat Al-Falaq, lan surat Al-Ikhlas. Karo jagongan
sila ing dhuwure klasa, mubengi tumpeng lengkap karo lawuhe lan jajanan pasar.
Sakbacute
maca donga ucapan syukur kang ditujukake marang Gusti Allah SWT kang wis menehi
rejeki. Muga-muga diwenehi keslametan, di adohi saka goda lan alangan kang bisa
ndadikake cilaka marang dheweke, kulawarga, lan liyane. Sawise iku maca dunga
panutup.
Sawise
rampung anggone dedunga, sakbacute mangan bareng-bareng. Bubar mangan kang wis
disediani, wong-wong kang wis padha teka digawani berkat kanggo digawa mulih.
Isine berkat yaiku beras ½ kg, teh, kopi, iwak sarden, lenga kelapa, lan mie
instant sing didokon ing jero sangku utawa besek plastik lan dibungkus kanggo
plastik kresek.
Tradisi
kenduren isih dilakokake dening masyarakat ing jaman kang wis maju iki. Masyarakat
bisa kumpul bebarengan ing omahe wong kang nganakake acara kasebut. Iki bisa
ngraketake tali silaturahmi, karo ndongakake wong lan njaluk berkah marang
Gusti Allah SWT kanggo ngucapake syukur amarga wis diwenehi berkah lan nikmat
urip.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar