Kamis, 25 Desember 2014

DUMADINE DESA BALAPULANG, KAB. TEGAL



                Tekane bangsa Walanda ing Bumi Nuswantara njalari bangsa Indonesia sansaya sengsara uripe, apa maneh sawise ngadege VOC kanthi cara monopoli dagange, kacingkrangan lan kasangsaran ora bisa disingkiri.
                Sultan Agung Anyakrakusuma raja Mataram minangka panguwasaning praja pangayomaning kawula ora sarujuk karo trekahe Kumpeni Walanda mula panjenengane kagungan kersa bakal mbrastha VOC ing Batavia. Kanggo mbentengi lan ngukuhi pulo Jawa ing pesisir kulon panjenengane ngangkat putra Adipati Brang Wetan ingkang asma Martalaya minangka Adipati Tegal lan diparingi jejibahan nyawisake lumbung-lumbung pangan sarta piranti peperangan.
                Ubarampe kabeh wis cumawis kanthi tumata, Sultan Agung Anyakrakusuma dhawuh marang Baureksa supaya budhal mbrastha VOC ing Batavia. Baureksa dibantu Sura Agul Agul, Kyai Adipati Mandureja lan Tumenggung Upasanta nyerang Walanda nganthi wadyabala secukupe aran Kalatida. Kanthi semangat gelenging tekad wadyabala Kalatida tandange kaya bantheng ketaton njalari wadyabala Walanda kasoran ing yuda kocar-kacir kaya gabah den interi.
                VOC asor ing yuda, dheweke banjur nggunakake cara kang licik kanthi cara mbendung Kali Ciliwung lan mbakar lumbung-lumbung pangan kang ana ing Kerawang lan Cirebon, wusana prajurit Mataram genti asor ing yuda amarga kekurangan pangan. Midhanget prajurit Mataram asor ing yuda Sultan Agung Anyakrakusuma singkel penggalihe nanging Adipati Martalaya ora mundur sapecak panjenengane tetep sumpah ngusir Walanda saka Bumi Nuswantara.
                Sawise Sultan Agung Anyakrakusuma wafat, putrane kang asma Amangkurat I kawisudha minangka raja Mataram. Emane Amangkurat I ora ditresnani kawulane amarga daksia nganti adhine dhewe Pangeran Alit diperjaya jalaran didakwa ngrebut garwa selire aran Rara Mangli. Kedadean iki nuwuhake pembrontakan Pasingsingan.
                Trunajaya Adipati Madura mbrontak Mataram pengin males patine wong tuwane kang diperjaya Amangkurat I. Ngadepi Trunajaya, Amangkurat I rumangsa kethetheran banjur lunga ninggalake Mataram arep tumuju ing Batavia njaluk bantuan Walanda. Tumeka ing Banyumas Amangkurat I gerah lan sungkawa penggalihe, amarga gerahe saya abot panjenengane dhawuh marang putrane Pangeran Anom sepisan menawa sawayah-wayah seda supaya dipetak ana ing Tegalarum, kapindho supaya nerusake perjuwangane ngrebut Praja Mataram saka tangane Trunajaya. Amangkurat I uga dhawuh supaya Pangeran Anom mrentah Narantaka (Gendowor) nimbali Adipati Martalaya tumeka ing Banyumas.
                Tindake Amangkurat I lan wadya Mataram wis tumeka ing Ajibarang. Ing papan kene Amangkurat I wafat. Pangeran Anom dhawuh supaya rombongan tetep mlaku, tekan ing Bumiayu rombongan diprentah mandheg saperlu ngupadi papan kang prayoga kanggo upacara panyiraman.
                Sawise upacara panyiraman rampung rombongan supaya budhal maneh. Lakune wis adoh saka Bumiayu kaya-kaya wis padha kesel mula bareng wis wayah surup surya Pangeran Anom dhawuh supaya rombongan nginep. Jenazahe Amangkurat I dipapanake ana ing sisihe wetu kang gedhe kanthi genti-genten diwacakake ayat suci Al Qur’an. Minangka pangeling-eling papan kang kanggo mapanake jenazahe Amangkurat I diparingi aran Batuagung.
                Esuke rombongan budhal maneh nanging lagi mlaku kira-kira sajam, Pangeran Anom dhawuh supaya rombongan mandheg disik. Pangeran Anom ngendika: “Paman Adipati Martalaya, menapa prayogi saperangan wadyabala wangsul dhateng Mataram ngabari kulawarga ingkang wonten ing Mataram?” “Inggih saenipun makaten Pangeran, lan menawi dipunlilani kula ngrumiyini wangsul dhateng Kadipaten saperlu nyawisaken upacara lan nemtokaken papan kados ingkang dipunkersakaken Sinuwun Amangkurat I”, wangsulane Adipati Martalaya. “Inggih paman Adipati sumangga, oh inggih paman amargi saperangan wadyabala wangsul dhateng Mataram, minangka pepeling kangge anak putu papan menika kula paring aran BALAPULANG, menapa paman sarujuk?” ngendikane Pangeran Anom. “Inggih paman sarujuk”, wangsulane Martalaya. “Pangeran kula enggal bidhal nyuwun pamit supados samudayanipun rancak.” “Sumangga paman, sugeng tindak”, ngendikane Pangeran Anom.


Kajarwakake sacukupe saka Legenda Kabupaten Tegal

Takwid Budiharso

Tidak ada komentar:

Posting Komentar