Kamis, 25 Desember 2014

DUMADINE DESA BABAKAN, KAB. TEGAL

         Kacarita nalika abad kaping 17 awal, Ki Ageng Sebayu kagungan putra-putri asma Ni Ken Jayanti utawa kesuwur kanthi jeneng Ni Ken Subaleksana. Ni Ken Jayanti iku ayu banget, lan saking ayune nganti kondhang ing sajabaning pulo Jawa. Sebabe apa kok kondhang? Jalaran Ki Ageng Sebayu kagolong bangsawan kang wektu semono keplesit lan dadi utama, nyebar ngrembakaning agama Islam ing tlatah Kabupaten Tegal.
                Saking ayune banjur akeh para putra Adipati lan Bupati malah putra nata ing Mataram iya banjur padha nyatakake ayune Ni Ken Jayanti sarta arsa ngembun-embun enjing pisan.
                Ki Ageng Sebayu nganti judge penggalihe, amarga datan bisa nolak lan uga tan bisa nampa kabeh. Dadi cethane kang kudu krama antuk Ni Ken Jayanti kudu mung siji. Ki Ageng Sebayu banjur manages marang Gusti kang Akarya Jagad kanthi Sholat tahajud. Semono uga Ni Ken Jayanti uga nglakoni Sholat tahajud kaya keng ramane. Wusana banjur ana swara tanpa rupa: “Ki Ageng, sira ora usah bingung ing pemilihmu. Kang bakal dadi mantunira ora liya yaiku sawijining priya kang linuwih saiki lagi nylamur lan nglakoni dadi santri. Kanggo mutusake pemilihmu becik sira nganakna sayembara pilih. Sapa wae kang bisa negor wit jati kang dumunung ing sakidule wringin kembar yaiku jodhone putrimu.
                Lejar penggalihe Ki Ageng Sebayu lan esuke banjur nimbali para santri lan didhawuhi nyebarake isi sayembara.
                Para putra bupati lan adipati saindenging Nuswantara banjur padha mangkat menyang Tegal, njujug ing dalem Ki Ageng Sebayu ing desa Rejasa (saiki desa Timbangreja, Kecamatan Lebaksiu), manggon cedhak ringin kembar yasa tendha akehe ana selawe.
                Esuke banjur diwiwiti negor wit jati kang gedhene ora lumrah. Siji mbaka siji satriya pinunjul nyoba negor nanging ora ana kang bisa tatas ing wektu sedina malah kepara mung cecel kulite thok.
                Gendheng wis sedina ora bisa rubuh mulane diwatesi yen saben panglamar mung sedina wae amarga kang ngenteni akeh. Esuke genti kang arep negor wit jati maul an sadurunge tumandang wit jati ditliti dhisik mbok menawa ana kang tumindak ora jujur ing wayah bengi. Kaya ngapa kagete para santri lan satriya iku jalaran wit jati iku bali kaya wingi uni. Wola-wali para santri nyoba negor prasasat mung mbabaki kulit jati thok. Gampanging crita ora ana kang bisa mrantasi gawe.
                Ki Ageng Sebayu banjur manages lan antuk wangsit yen kang dadi jodhone wis teka jenenge Jadhug. Jadhug banjur kedhawuhan negor wit jati. Jadhug sendika dhawuh. Sadurunge tumandang Jadhug semedi ing ngisor wit Jati nyuwun marang Allah SWT, bisaa wit jati iku rubuh saoyod-oyode. Pesanren geger lan Ki Jadhug sida dijodohake karo Ni Ken Jayanti. Crita iku banjur nuwuhake desa-desa: BABAKAN, JATIALI.
                Dene Ki Jadhug Pranyata sawijining Pangeran saka Mataram asma Pangeran Slarong utawa Pangeran Purbaya. Desa patilasane Ki Jadhug dijenengi desa Jatipelag lan sacedhake dijenengi desa Slarang.


Kapetik saka Pustaka Candra
Soemarna, BA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar