Dasamuka
utawa Rahwana iku ratu ing Negara Alengka, sekti mandraguna. Dasamuka iku putra
pambayun Prabu Wisrawa karo Dewi Sukesi. Dasamuka duwe adhi telu, yaiku
Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Wibisana. Dasamuka anduweni sipat adigang adigung
adiguna. Sipat sing kaya mangkene iki njalari Dasamuka sombong, seneng pamer,
ngadirake sugih, sekti lan pinter.
Dasamuka
precaya banget marang kekuwatane dhewe lan sipat srakahe nguwasani jagad. Ing
sawijining dina, Dasamuka kepengin nggarwa Dewi Sinta, garwane Raden Rama
Wijaya kanthi cara ndhusta Dewi Sinta. Dewi Sinta bisa didhusta dening Dasamuka
lan kaboyong ing Ngalengka.
Raden
Rama Wijaya duka amarga Dewi Sinta didhusta dening Dasamuka. Raden Rama
ngumpulake bala rewanda, Kuthila, kethek, utawa palwaga kang dipandhegani
dening Anoman. Sugriwa, Anggada, lan Anila nyerbu Alengka. Perang gedhe
antaraning prajurit Ngalengka karo prajurite Rama Wijaya.
Kumbakarna
adhine Dasamuka kang awujud raseksa ngaturi pamrayoga marang raka yen tindake
nyolong Dewi Sinta iku kliru. Mula, becike Dewi Sinta dibalikake marang Prabu
Rama Wijaya. Nampa ature Kumbakarna, Dasamuka sewot banget. Kumbakarna
diunek-unekake malah ditundhung minggat.
Dasamuka
lan prajurite kalah perang nglawan prajurite Rama Wijaya. Negara Alengka ajur
mumur. Kabeh Senopati Ngalengka enthek. Kumbakarna sing isih seger beger sing
dijagakake. Kumbakarna madeg senopati maju perang. Majune Kumbakarna ing perang
ora mbelani kakange, nanging nglabuhi Negara sing diobrak-abrik dening prajurite
Prabu Rama Wijaya. Kumbakarna eling yen mukti ing Ngalengka karo leluhur, bumi
kelairan kudu ditohpati.
Kumbakarna
gugur ing peperangan. Kumbakarna satriya sing bisa ngrungkebi nusa bangsa
nganti tumekaning pati. Sanadya Kumbakarna awatak utama, gugure Kumbakarna
dipretheli awake dening jemparinge Raden Rama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar