Ing
Desa Sumbaga, Kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal, yaiku sikiling gunung Slamet. Jarake karo gunung Slamet mung 12.5 KM. Ing Desa
Sumbaga ana mitos kang isih dipercaya dening
masarakat kana. Mitos iku ngembang ing sadawaning kali Biombong, yaiku kali
kang nyambung karo kali Gung. Kali Biombong anduweni tuk. Tuk yaiku banyu kang
ngucur saka lemah, banyu kang ngrembes ing lemah prelu kanggo cadangan banyune
wit-witan. Kali biombong nduweni limang tuk, yaiku tuk Pasang lan tuk Le kang
mili saka dukuh Kidul, tuk Biyuk lan tuk Rinjing mili saka kali lor, dukuh Krajan. Dene tuk Bulakan
iku mili saka dukuh Buaran.
Nalika
musim udan, ing tuk Rinjing ana kedadeyan kang disebut kali tarung. Kadadeyan
iki kawiwitan nalika ana ula tanpa buntut kang metu saka tuk Le terus mlayu
marang tuk Rinjing. Ing tuk Biyuk uga ana ula tanpa buntut uga, kang mlayu
marang tuk Rinjing. Ula tanpa buntut mau terus ketemu ing tuk Rinjing, adus
bareng. Ula loro kang lagi adus ing tuk Rinjing mau gawe banyu ing tuk munggah,
mbanjiri sawah, gawe tanduran pari padha kelelep.
Banyu
tuk Le saka Kidul lan banyu tuk Biyuk saka Lor pungkasane ketemu ing
tengah-tengah, saengga ketok kaya banyu kang tarung. Mula wong-wong padha ngarani Banyu Tarung. Nalika
udane wis mandheg, wong-wong metu saka omah ndelok banjur ndelok banyu kang wis
munggah mbanjiri sawah-sawah.
Dening: Tetty Fitria
Dening: Tetty Fitria
Tidak ada komentar:
Posting Komentar