Dening: Gunawan Wibisana
Uripku lucu, semono uga
Praupanku
Jare mbah ku
Sssstt, kaca mata lan rambut palsu
Uripku lucu, semono uga
Gaweyanku
Nilep dhuwit, ngarep-arep urip
Mubra-mubru
Uripku lucu, pancen lucu
Semono uga negaraku
Wis dadi wadi
Lan ora perlu wedi
Merga ukum lan paukuman
Bisa dituku
Panjebar Semangat No. 50 – 11 Desember 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar