Rangsang Tuban, Padmasusastra, 1912,
#516
--- 0 ---
Sêrat Rangsang Tuban, nyariyosakên
lêlampahanipun pangeran kêkalih ing nagari Tuban, ajêjuluk Sang Pangeran
Warihkusuma sarta Sang Pangeran Adipati Anom, Warsakusuma, ngantos satamating
cariyos. Pêthikan saking Sêrat, Wedhaparaya, anggitanipun Êmpu Manêhguna ing
nagari Lamongan
Kaanggit dening Ki Padmasusastra
Tiyang mardika ingkang marsudi
kasusastran Jawi ing Surakarta
Nalika taun 1900
Kaêcap wontên ing pangêcapan N.V.
Budi Utama ing Surakarta 1912.
--- 1 ---
Ing nagari Tuban, wontên ingkang
jumênêng nata binathara, ajêjuluk Prabu Sindupati, agêng karatonipun,
angrèhakên para ratu ing ngatas angin, ing bawah angin, sang prabu tansah
angêlar jajahan, misuwuring asmanipun angèbêki jagad, para ratu sami suyud
sumawita botên kalayan kagêbag ing pêrang, anggêpipun sami ambathara. Sang
prabu nêngênakên kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah kasampurnaning
kawruh pêrang, aji jaya-kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, sami têguh-timbul,
botên wontên ingkang têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda, limpad ing
wiweka sugih gêlar panangkêping satru sêkti botên kanyanan ing mêngsah,
sumêrêpipun sampun kasèp kalêbêt ing byuha kalawêrit, angèl wênganipun,
kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kawêgiganing pasang gêlar wau: adamêl
mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawêngku ing jajahanipun nagari Tuban.
Garwanipun sang prabu sangang dasa sanga, nanging putranipun namung kêkalih
sami kakung, ingkang sêpuh mijil saking garwa pangrêmbe turasing pandhita,
kaparingan nama Radèn Warihkusuma, ingkang anèm miyos saking garwa padmi
putrining ratu, kaparingan nama Radèn Warsakusuma, punika ingkang ginadhang
anggêntosi karatonipun ingkang rama, radèn kêkalih [kêka...]
--- 2 ---
[...lih] rukun anggènipun saduluran,
radèn sêpuh sangêt momong dhatêng ingkang rayi, sarta ajrih asih narimah ing
pandum ingkang sampun dados lêrêsipun jumênêng pangeran agêng dados
wêwêngkuning praja. Radèn anèm sangêt trêsna saha rumêngkuh agêng gunganipun
dhatêng ingkang raka prasasat dhatêng ingkang rama, mila jumênêngipun pangeran
adipati botên adamêl kêmeronipun dhatêng ingkang raka, saking ingkang rayi
rumaos kawêngku dhatêng ingkang raka.
Sang prabu sangêt pirêna ing galih
anguningani rukunipun ingkang putra anggènipun saduluran, acipta badhe botên
wontên sambekala ingkang dhumawah dhatêng putra: bilih sang prabu sampun murud
dhatêng têpêtsuci.
Jumênêngipun sang prabu antawis
pikantuk 50 taun, dumugi yuswa 75 taun, nandhang gêrah sarira sadaya, sang nata
karaos badhe puput yuswanipun, ingkang putra sami ingandikan, wontên ing dagan
sami angujungi sampeyanipun ingkang rama sarta sami lara karuna sumêrêp
netyanipun ingkang rama sampun asawang kunarpa, ingkang rama angandika lirih:
Kulup sakarone gêrah ingsun kaya wus ora waluya dening usada, ingsun bakal
tumêka ing pati, sira sakarone dibêcik sapungkur ingsun, sang pangeran tansah
sami carocosan, sang prabu mapat lajêng [la...]
--- 3 ---
[...jêng] seda, tangis gumuruh
salêbêting pura, sang pramèswari sarta para garwa pangrêmbe sami rêmpu ing
galih koncatan sihing raka kados coploking sêsotya saking êmbanan.
Sang pangeran kêkalih lajêng matah
bab upakartining layon, botên dangu sampun samapta, sang prabu lajêng
kaangkatakên kalayan pakurmatan agêng, kasarèkakên ing astana nunggil para
lêluhuripun.
Tidhêming praja antawis, 7 dintên,
karsanipun Sang Pangeran Warihkusuma ingkang rayi Sang Pangeran Adipati
Warsakusuma kaangkat jumênêng ratu anggêntosi ingkang rama suwargi, kalampahan
mawi pakurmatan agêng sarta mawi kajênêngan para ratu ingkang nunggil jaman
kalihan sang nata, misuwuring asmanipun sang prabu sairib lan ingkang rama,
pikêkahing praja ingkang dados tanggulanging mungsuh sêkti namung Sang Pangeran
Warihkusuma.
Kacariyos Sang Pangeran Warihkusuma
dèrèng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur kalêrês sadhèrèkipun
nak-sanak piyambak saking bibi, kala samantên dèrèng diwasa, sapunika sampun
nêdhêng birai, karsanipun sang pangeran badhe nglamar dhatêng ing rêdi, pamit
dhatêng ingkang rayi sang prabu, nyariosakên karsanipun wau punika, awit botên
namung wajibipun ing agêsang [agê...]
--- 4 ---
[...sang] mawi krama, ingkang
langkung pêrlu angestokakên piwêlinging kaki sang pandhita ingkang sampun murud
dhatêng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning lare kalihan Endhang
Wrêsti sutaning Umbulmudal, patutan saking endhang sadhèrèking bibi. Sang prabu
sarêng midhangêt yèn ingkang raka badhe palakrama sakalangkung pirêna ing
panggalih, lajêng adhêdhawuh karsa ngaturakên piyambak ing tindakipun ingkang
raka sang pangeran, mêthuk Endhang Wrêsti dhatêng ing rêdi, tiyang sapraja otêr
sami tata-tata.
Tindakipun sang pangeran kalihan
ingkang rayi sang prabu dhatêng ing rêdi Mudal, adamêl orêging têtiyang sapraja
sami kapiluyu tumut andhèrèkakên dhatêng ing rêdi ngiras ningali, sakathahing
bala ambalabar ngantos angèbêki papan, sanadyan ing jurang-jurang kêbak tiyang,
ing Mudal awutahan tiyang sapraja kados nagari dadakan, Kyai Umbul sampun
nampèni dhawuh rumiyin ing tindakipun sang pangeran sakalihan ingkang rayi sang
prabu, sarta sampun nyuwêngakên griya manggèn ing gandhok, lajêng tata-tata
saha sampun mirantos, ing griya dipun pajang linungsir ing gêgodhongan wanan,
lunging pakis lan pradapaning angsoka winor lan soglènganing sêkar pudhak,
tuwin mayanging jambe kinarawistha kinubêngakên minôngka têtawing utawi
palisiring [palisir...]
--- 5 ---
[...ing] pinarakanipun sang prabu
lan sang pinangantèn, kongasing ambêtipun rêrêngganing pinarakan kados wontên
ing jaman limunan kadhatoning êjin pêri parayangan, saka-saka sami kapasangan
têtuwuhan, cêngkiripun gadhing tinulis ing kênaka luru gambaripun Kumajaya lan
Dewi Ratih, tarubipun sami kinayu apu ing gêgodhongan sarta lunglungan tuwin
sêsêkaran ingkang wangi-wangi.
Rawuhipun sang prabu sarta sang
pinangantèn katingal pirêna ing galih, Kyai Umbul gurawalan mêthuk kalihan
semahipun sami makidhupuh ngalosod ing siti, sang prabu marma ing galih lajêng
kinèn andhèrèk ing tindakipun. Rawuhing pêpajangan lênggah kalihan ingkang raka
sang pinangantèn, kaadhêp ing Kyai Patih Toyamarta, kiwanipun Kyai Umbul,
lajêng para nayaka ingkang sami andhèrèk, tarab wontên ngarsanipun sang prabu.
Kyai Umbulmudal matur, Gusti: Kawula rumaos bêgja karawuhan ratu pituruning
dewa badhe aparing nugraha dhumatêng kawula, kawula kamipurun ngaturakên
kasugêngan paduka, saha raka paduka sang pangeran, sêmbah kawula konjuk ing
pada paduka sang binathara.
Sang prabu, Paman: bangêt
tarimaningsun, sira apa padha basuki. [ba...]
--- 6 ---
[...suki.]
Umbulmudal, Kawula nuwun gusti,
saking pangèstu paduka: basuki.
Sang pangeran, Paman Umbul: pun Rara
Wrêsti sampeyan dhawahi. marak ing ngarsanipun yayi prabu, nunggila bibi wontên
ing ngriku, ngarah punapa sadhèrèk piyambak, yayi prabu dèrèng nate uninga
dhatêng warnane yayi Wrêsti.
Ing pagêdhongan, anggènipun
pêpacangan sang pangeran kalihan Endhang Wrêsti sampun sangkaning timur, dhasar
sadhèrèk nak-sanak, mila sampun aprasêtyan yèn sang pangeran badhe botên krama
ing salami-laminipun bilih botên dhaup kalihan Endhang Wrêsti, makatên ugi
Endhang Wrêsti. Sang pangeran sabên wolung dintên sapisan tindak ing Mudal,
angendhang-endhangi pêpacanganipun, mila ing kalih-kalihipun sampun saekapraya
sami kasok sihipun, kalampahanipun namung kantun ngêntosi diwasanipun Endhang
Wrêsti kemawon, ing mangke badhe dhaup, dumugi ingkang sampun dados
pangajêng-ajêng ing salami-laminipun.
Nyai Umbul mundur saking ngarsanipun
sang prabu anjujug ing têpas wangi dununging panyêngkêranipun ingkang putra,
sang dèwi sawêg dipun [dipu...]
--- 7 ---
[...n] alub-alubi kablonyo ing gônda
wida jêbad kasturi, kalulur sariranipun, dhatêngipun Nyai Umbul, sang rêtna
mingsêr anggènipun lênggah. Nyai Umbul êntyarsaning galih ningali sampurnaning
citranipun ingkang putra: sarwi ngandika, dhenok, kowe ditimbali marang wong
atuwamu ingandikakake ngadhêp sang prabu, awit sang prabu durung uninga marang
kowe.
Sang ayu kagèt ing galih midhangêt
pangandikanipun ingkang ibu Nyai Umbul, sarwi matur: kakang mas pangeran punapa
sampun anglilani.
Nyai Umbul, sing dhawuh akon seba
ing sang prabu iku: iya kakangamu sang pangeran.
Sang rêtna ajrih maoni karsanipun
ingkang raka, nanging botên karsa ngadi busana, namung ngagêm nyamping
patêlêsan sêmbagi kuning wêdalan ing Kustasawit kalihan rasukanipun, tinutup
ing paniti botên katingal kasêmêkanipun, namung wêninging jôngga kawuryan
sumorot apindha thathit, prêmbayunipun katingal sawêg gumana saking kapathêt ing
rasukan, kocaking netra pindha lintang karainan, dhasar sêsinomipun barèh kados
mêntas wungu saking sare, tindakipun mucang kanginan, kicating pada gumêbyar
pindha andaru lêlampah. Sang prabu aningali [a...]
--- 8 ---
[...ningali] citranipun sang kadi ratih,
tumratab ing galih riwe kumyus amarawayan, cêkak ingkang uswasa sêrêt ingkang
pangandika, brôngta kasabêt ing sambang putri dadakan, sang rêtna lajêng marak
ing ngarsanipun sang prabu wontên kiwanipun ingkang ibu ragi kapering,
têlênging tingal namung dhatêng ingkang raka sang pangeran, dhasar sampun
kulina akula-kuli sinêmbuh sadhèrèk piyambak, wah sampun apêpacangan timur
mila, botên pisan kabrèbèl dhatêng sang prabu. Sang prabu sami sanalika asantun
cipta gênging dhatêng ingkang raka, rumaos kasoran kabagusanipun, dene sang
putri botên pisan nimbangi pêthuking ciptanipun, malah karsa tumingal kemawon,
sang putri: botên.
Cinêkak sang prabu sagêd angecani
sarak galihipun ingkang raka: yèn lajêng badhe kondur tulak, botên sagêd
angêntosi badhe pikramènipun ingkang raka, amargi sariranipun karaos wontên
ingkang kirang sakeca, sang pangeran namung nyumanggakakên sakarsa, nanging
wontên ingkang kacathêt ing galih. Sang prabu lajêng adhêdhawah kondur,
wadyabala busêkan pating bilulung kathetheran, awit botên ngintên yèn sang
prabu tulak kondur, namung kyai patih bijaksana sumêrêp dhatêng wêwadining
karsanipun sang prabu ingkang botên lêrês, mila botên tumut tata-tata, [ta...]
--- 9 ---
[...ta-tata,] badhe ngantun kemawon,
botên dangu sang nata bidhal, kaatêrakên ingkang raka dumugi ing kikising
dhusun: lajêng wangsul, tindakipun sang prabu dumugi pôncaniti: lajêng
sinewaka, nimbali kyai patih: kaunjukakên taksih kantun ing margi, sang prabu
sangêt duka lajêng nimbali senapatining pêrang Ki Tumênggung Jalasêngara,
kadhawuhan wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, saha wadyabalakuswa, kinèn nyêpêng
Sang Pangeran Warihkusuma sarta Kyai Umbul sagotrahipun, griyanipun kadamêla
karang abang, amargi sang pangeran tinarka balela ing ratu, lajêng winêling
wêwadining karsanipun sang prabu.
Ki Tumênggung Jalasêngara sampun
tampi ingkang dados karsanipun sang prabu, sanadyan nyimpang saking lêrês, ki
tumênggung namung badhe angestokakên dhawuh, nêtêpi kasenapatènipun,
katêmpuhakên ing rêdi sela amêsthi botên mundur, mêngsah satru sêkti punika
ingkang tansah dipun cêcadhang. Ki Tumênggung Jalasêngara sawadyabala kuswa
kêbut nulak bidhal wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, samargi-margi galak kados
danawa môngsa daging, namung apunagi pêjah ing rana, anêtêpi trahing wirotama,
amargi ing batos ki tumênggung rumaos awrat anglampahi dhawuhipun sang prabu
wau, kajawi botên kolu mêngsah gustinipun piyambak,
--- 10 ---
pancèn rumaos botên kaconggah
nyêmbadani sang pangeran, awit Sang Pangeran Warihkusuma sêkti môndraguna,
sagêd mancala putra mancala putri manjing ajur ajèr, lêmbat kagunanipun pêrang,
tangèh kasumêrêpan wêwadining pamasange gêlaripun ing yuda. Awratipun kapiji
ing ratu sarta sampun dados wajibing senapati, ki tumênggung namung badhe soroh
pati, lêpas lampahipun.
Gêntos kacariyos ing padhukuhan
Mudal, sapêngkêripun sang prabu: sang pangeran kirang sakeca ing galih
anggènipun sang prabu ningali dhatêng Dèwi Wrêsti kados mambêt manah. Ing wanci
sontên badhe dhauping pangantèn, usrêg swaraning têtiyang nyambut damêl,
têtingalan warni-warni, sêsuruhan ing wanci pukul tiga siyang sampun wiwit
dhatêng. Carabalèn sarta Kêbogiro umyang botên wontên kèndêlipun, sang pangeran
sampun wiwit dipun dandosi saagêm-agêmaning pangantèn, nanging salêbêting galih
tansah mangu-mangu kèngêtan ringasing pasuryanipun ingkang rayi sang prabu
nalika nulak kondur, bokmênawi anuwuhakên bêbêndu saking kacuwan karsa, dèrèng
dumugi panglocitaning panggalih kasaru gègèring jawi alok wontên mêngsah
dhatêng sarta sampun adamêl pêpati kathah, senapatining pêrang Ki Tumênggung
Jalasêngara. [Jala...]
--- 11 ---
[...sêngara.] Sang Pangeran
Warihkusuma botên karsa adamêl karisakaning ingkang para abdi mila wani pêrang,
kajawi karoban lawan, lingsêm mêmêngsahan kalihan ingkang rayi piyambak arêbat
rabi, mila lajêng nutut kemawon, pasrah dhatêng pêpêsthèning sariranipun,
dhatênging senapati dumrojog tanpa larapan, sang pangeran lajêng kaawêran
cindhe: tanpa suwala, sarta lajêng kadhèrèkakên kondur dhatêng nagari,
kalêbêtakên ing warangkan, Kyai Umbul sagotrahipun kaboyong kadalêmakên, namung
sang juwita ingkang lajêng kalêbêtakên ing kadhaton, punika ingkang dados
parênging karsanipun sang prabu, ananging taksih kandhêg rikuh ing galih bilih
ingkang raka dèrèng kasedanan, sumuking duka sangsaya sangêt, kyai patih kadangu
punapa sampun dhatêng panusule ing tindakipun, kaaturakên yèn kyai patih botên
nusul, malah lajêng mantuk kemawon, punika sangsaya amêwahi dukanipun sang
prabu, rumaos dipun waoni karsanipun dhatêng kyai patih, kurmukusing netya
andik pasuryanipun abrit ngatirah mawinga-winga wêngis kados bêl mêdal dahana,
sang prabu dhawuh kinèn nimbali kyai patih enggal-enggal, sarênga salampahipun.
Kyai patih ingkang bijaksana,
saunduripun saking Mudal anguningani [a...]
--- 12 ---
[...nguningani] tindakipun sang
prabu amurang niti, gêla ing galih suwita ing ratu ambêk niaya têgên anglampahi
kanisthan, namung pados jalaran sagêda kèndêl pangastanipun pusaraning praja,
kasaru dhatêngipun utusan, kyai patih katimbalan enggal-enggal. Kyai patih
botên gita, lajêng sowan kèrid lampahipun utusan, dumugining pasewakan sang
prabu taksih lênggah lajêng ngandika: uwa patih, sira lumakua dhewe marang
warangkan, kakangmas Pangeran Warihkusuma: sedanana, awit ingsun wis midhangêt
têrang saha ature abdiningsun kêkasih yèn kakangmas cidra ing jangji malik
tingal sumêdya balela marang panjênênganingsun, lumakua saiki dikêbat.
Kyai patih ewa ing galih, anginggihi
dhawuhipun sang prabu kalihan angangên-angên punapa ingkang badhe linampahan,
lajêng matur: gusti, kados prayogi raka paduka dipun sedani wontên ing wana,
supados botên kadêngangan ing para abdi kathah, ical suwuripun wêntala paduka
kolu nyedani sadhèrèk, kawula piyambak ingkang badhe anglampahi dhawuh paduka
wau.
Sang prabu lômba ing galih kinintên
yèn kyai patih badhe ngestokakên sadhawuh, amarêngakên sapanuwunipun kyai
patih. [pa...]
--- 13 ---
[...tih.] Dhawuhipun sang prabu: iya
uwa patih, kakangmas sedanana ana ing alas bae, sarta banjur sarèkna ana ing
kono pisan, awit trahing kusuma kang wus nêmu dosa ora kêna têtunggalan lan
para lêluhure kang minulya, yèn wis kalakon bae sira anglapurna, sarta
angkatira anggawaa prajurit sagêgamane kang saparo, minôngka pakurmataning
lakune kakang mas.
Aturipun kyai patih: sandika, sarta
lajêng bidhal anjujug ing pawarangkan, sang pangeran pinanggih lênggah sidhakêp
ingadhêp abdinipun kêkalih, namung angajêng-ajêng punapa ingkang dados
karsanipun ingkang rayi sang prabu. Kyai patih lajêng andhawuhakên timbalanipun
sang prabu yèn sang pangeran kapundhut pêjah gêsangipun, badhe kasedanan wontên
ing wana, awit dosa balela ing ratu saking aturing têlikipun sang prabu. Sang
pangeran anglês ing galih dene badhe kasedanan, sarta dipun lokakkên dosa
balela ing ratu, sêrêt pangandikanipun: uwa, punapa sampun sampeyan manah
têrang kalihan para nayakaning praja anggèn kula tinarka balela ing ratu, sarta
pinanggih ing pangrêmbag punapa kula kalêrês kokum.
Kyai patih, pangandikanipun sang
pangeran punika nama amêrangi [amê...]
--- 14 ---
[...rangi] tatal, samukawis ingkang
sampun kula tindakakên, langkung malih ingkang kula lampahi piyambak, punika
sampun mêsthi mami[1] pikiran padhang, botên mutatuli, botên awuran.
Sang pangeran, uwa, punapa sampeyan
kalintu tampi ing atur kula: mokal, kula punika botên pisan maoni agêngipun
mrêngkang saking wisesaning nagari ingkang katindakakên dhumatêng uwa, namung
kula nyuwun sumêrêp dununging kalêpatan kula sarta punapa sampun lêrêsipun
dhumawahing kukum pati.
Kyai patih, benjing bilih sampun
dumugi ing ênggèn pangisasan putra kula badhe sumêrêp kalêpatan ingkang
kapitakèkakên ing putra kula wau, sapunika dèrèng mangsanipun, sarta putra kula
badhe botên amastani lêpating panindak kula.
Kyai patih kanthi nayakaning praja
saha wadyabala andhèrèkakên ing tindakipun sang pangeran kabêkta dhatêng ing
wana nitih titihan taksih kaawêran cindhe, têka malah amarasêmu kados pangantèn
binayang karya, dados têtingalaning kathah, ingkang sumêrêp prakawisipun sami
kapiluh amarawayan wêlas ningali dhatêng sang pangeran anggènipun badhe
kasedanan tanpa
--- 15 ---
dosa. Galihipun sang pangeran kados
rinujit, botên ajrih bab ing sedanipun, namung kèngêtan dhatêng ingkang rayi
Dèwi Wrêsti, katon mêloking wadana kocaking netra èsmu balut, kala kapisah
dadakan, karuna samargi-margi, parêntuling luh kados intên rinonce, tètèsipun
tansah adamêl kêpyuring galihipun sang pangeran, ciptaning galih dipun
awratakên rudahing galihipun sang putri tinimbang kalihan pêcating nyawanipun.
Cinêndhak lampahipun kyai patih
sampun dumugi têngahing wana, sang pangeran tumêdhak saking titihan, lajêng
dipun rangkul dhatêng kyai patih sarta tinangisan, sang pangeran botên
andungkap ingkang dados karsanipun kyai patih salêbêting galih, lajêng
ngandika: uwa, sampun kados wanodya kula mawi katangisan, mindhak anênangi
manah susah, kula sampun lilah ing pêjah kula, suwawi tumuntên sampeyan lampahi
dhawuhipun yayi prabu.
Kyai patih sêrêt amangsuli: anggèr
prakawis karsanipun ingkang rayi sang prabu ingkang botên lêrês, punika sampun
kula manah akalihan kônca kula nayaka wêwolu sarta sampun pinanggih ing
pambudi, kênthêling rêmbag, putra kula botên kasedanan, [kase...]
--- 16 ---
[...danan,] namung kesaha saking
wêwêngkonipun nagari Tuban, angêntosana karsaning dewa ingkang dhumawah dhatêng
putra kula, dene tangis kula wau têka kula kêpêksa pêpisahan.
Sang pangeran midhangêt
pangandikanipun kyai patih rumaos awrat oncatipun saking nagari Tuban, bingah
nêmahi seda saking botên dosa, nanging botên sagêd nampik utawi maoni
karsanipun kyai patih, sang pangeran lajêng anglugas raga bablas tindak anut
paraning suku, pêngkêran kalihan kyai patih wangsul dhatêng nagari.
Kocap sapêngkêripun kyai patih, sang
prabu botên sagêd nahan brangtanipun dhatêng Endhang Wrêsti, lajêng kondur
angadhaton, karsanipun badhe angimur-imur rujiting galihipun Endhang Wrêsti,
ananging Endhang Wrêsti botên kenging cinêlakan tansah angasta patrêm,
punaginipun sang dèwi: samôngsa sang prabu cêlak amêsthi rinangsang ing patrêm,
parêkan sampun wontên ingkang atur uninga ing tekadipun sang ayu, sang prabu
mênggah ing galih ewadene lajêng dipun coba kêpanggih sang putri saking
katêbihan sarwi ngandika: yayi, aja kêdawa-dawa rujiting atimu, tolèhên aku
ratu binathara angêsrahake pati urip marang kowe, aku narima dadi êmbanmu. Sang
putri amangsuli nyêngit [nyê...]
--- 17 ---
[...ngit] pêdhês cumalêkit sarta
botên krama, têmbungipun: kowe têtêp ratu gêlah-gêlah ing jagad, ora idhêp ing
isin, watêkmu manggan, kolu matèni sadulur arêp ngrasuk marang pêpacangane,
kajaba yèn aku wis dadi bathang kêna kodêmok awakku, lah mara nyatane prawira
tadhahana patrêmku, mêngko aku pondhongên. Sang prabu lingsêm mundur palarasan,
osiking galih: kajaba mêngko bêngi bae yèn wis turu dak parêkane. Lajêng
adhêdhawuh dhatêng bok êmban ingkang kinathik, sarta sampun tampi ingkang dados
karsanipun sang prabu, angulat-ulatakên sang dèwi sampun ngantos kanyanan.
Sang putri sampun sakeca ing galih
dene sang prabu botên nyiosakên karsanipun sarta sampun botên katingal malih
ing kadhaton, mêmpên wontên ing panêpèn.
Sarêng sampun dalu wanci tidhêm
kayon, sang putri kalêson sare wontên kasur sari. Tumuntên bok êmban ingkang
amarasandi enggal lapur ing sang prabu yèn sang putri sampun sare, sang nata
gita ing galih enggal rawuh ing pasarean, sarêng ningali sênêning wadana
kasorot ing pandam kurung maya-maya kados murca kinêdhèpakên, sang nata botên
sarèh, sang putri rinodapaksa, [ri...]
--- 18 ---
[...nodapaksa,] sapintên kuwating
èstri winisesa ing kakung. Sang ayu saya anjarêm ing galih rumaos cinidra ing
rêsmi, nanging namung kèndêl sarwi mawas sang prabu, sang nata uninga tansah
winawas ing sang putri rumaos kapadhan ing karsa, supe bilih sang rêtna taksih
angasta patrêm ligan, salêbêtipun sang putri rinangkul sarwi binantalan ing
asta têngên, sang prabu dipun suduk ing patrêm kenging kêkulunging manah têrus
ing walikat, seda botên mawi sêsambat, kasumêrêpan pawongan cèthi ingkang jagi
pasarean sami anjrit karuna, otêr salêbêting kadhaton, sang putri botên mawi
anggragap namung cipta badhe suduk jiwa samôngsa sampun nalarakên ing awone
tindakipun sang prabu. Kasaru dhatêngipun kyai patih saking ing wana lajêng
anjujug ing kadhaton, badhe lapur sarèhing dinuta, amêningi otêring pura yèn
sang prabu seda kacidra ing sang putri. Kyai patih gita lajêng malêbêt ing
kamar pinanggih sang putri taksih wontên ing tilam, nanging patrêmipun katingal
sampun kawrangkakakên sumèlèh wontên ing ulon-ulon, sang prabu kuthah ludira
wontên ing pasarean, kyai patih alon pitakèn dhatêng sang putri, têmbungipun:
kadospundi dene putri adi têrahing pandhita têka nindakakên pandamêl rajapati
ingkang angêrês-êrêsi [angêrê...]
--- 19 ---
[...s-êrêsi] makatên. Sang putri
lajêng anggancarakên lêlampahanipun wiwit pêpacangan kalihan Sang Pangeran
Warihkusuma saking karsanipun ingkang eyang sang wiku sarta sampun aprasêtyan
kalihan upata sinêksèn ing dewa ingkang linuwih, wusana rinisak dening sang
prabu kanthi ambêking rasêksa agoragodha nyimpang saking kautaman ngagêm tindak
nistha mêksa tiyang lumuh, lan malih tega dhatêng sirnaning sadhèrèk, makatên
pangandikanipun sang putri urut rèntès botên wontên ingkang kalangkungan, tètèh
titih tatag adamêl eraming galihipun kyai patih, sasampunipun makatên: sang ayu
pamitan lajêng badhe suduk sarira bela dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma
ingkang sampun kasedanan.
Kyai patih lêgêg ing galih
midhangêtakên gancaring cariyosipun sang putri, lajêng ngandika: sang ayu
sampeyan sampun bela dhatêng sang pangeran, awit sang pangeran botên siyos kula
sedani, kula aturi kesah ing sapurug-purug. Dèrèng dumugi pangandikanipun kyai
patih, sang putri anjrit karuna sarta lajêng badhe madosi sapurugipun sang
pangeran, kyai patih mambêng, kasêrêpakên karsanipun ingkang winadi.
Kyai patih sarêmbag kalihan para
nayaka yèn karaton ing
--- 20 ---
Tuban ing mangke kagantung wontên
tanganipun kyai patih, angêntosi rawuhipun Sang Pangeran Warihkusuma, kyai
patih lajêng amatah upakartining layon, sarta amatah wadyabala ingkang madosi
sang pangeran, punapa dene nindakakên prakawis kridhaning praja, sang ayu dipun
aturi têtêp têngga pura tuwin angluwari Kyai Umbulmudal dalah anak bojo lan
kulawarganipun ingkang kinêbon kadalêmakên, sampun kalampahan sadaya.
Utusanipun kyai patih ingkang madosi
Sang Pangeran Warihkusuma botên kalilan mantuk bilih dèrèng pinanggih sang
pangeran, ananging karsanipun ing dewa ingkang linuwih sawêg kadamêl
lêlampahan, pangupadosipun wadyabala wau sanadyan sinêbar mêksa botên sagêd
pinanggih, amargi sang pangeran sampun lêpas lampahipun.
Gêntos kacariyos sang putri dados
anggarbini, sarêng sampun dumugi mangsanipun ambabar miyos kakung, kasaosan
nama dhatêng kyai patih: Radèn Udakawimba, kalawun-lawun agêngipun.
Kyai Patih Toyamarta wontên asrêpe
galihipun sakêdhik, sarêng sang putri kagungan putra miyos kakung, ciptaning
galih:
--- 21 ---
bilih utusanipun ingkang ngupadosi
Sang Pangeran Warihkusuma sampun tita botên sagêd pinanggih, Radèn Udakawimba
ingkang badhe kaangkat anggêntosi ingkang rama Sang Prabu Warsakusuma, sêdhêng
Radèn Udakawimba sampun diwasa.
Gêntos kacariyos malih Sang Pangèn[2] Warihkusuma lampahipun ngidul ngilèn kados kinoncanging
dewa ngantos dumugi ing nagari Banyubiru, ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Sang
Prabu Hèrtambang, misuwur prawira ing yuda, kathah têtêlukanipun ratu sami
ngidhêp dhatêng nagari Banyubiru, sang prabu nêngênakên para brahmana kinèn
nganggit-anggit babading karaton, kadhawahan anglugokakên lêlampahaning para
lêluhuripun, awon sae kalêbêtna sadaya, dalasan cacadipun sang prabu piyambak
inggih ugi kadhawahan anglêbêtakên, panggalihipun sang prabu: babad ingkang
mawi rinêngga ing pêpaès badhe luntur dening dêrêsipun wasitaning sêrat ingkang
sagêd ambikak wèwadining pulas ingkang sinamun, têmahan malicat katingal
nyatanipun, ambalêntong dados andhêng-andhênging sarira, punika ingkang dipun
kalumuhi sang prabu, panggalihipun sang nata: cariyos lugu punika kados
sêmining kêkajêngan, katingal angrêsêpakên manah, nanging cariyos ingkang mawi
sêsunggingan punika kados angganing [angga...]
--- 22 ---
[...ning] pang ingkang katêrês,
alumipun katingal anyênyêngit.
Sang pangeran sampun pikantuk sêrêp
bab lêlabuhanipun sang prabu cocog lan panggalihipun, karsanipun sang pangeran
badhe suwita lajêng malêbêt ing alun-alun pepe wontên sakidulipun waringin
kêmbar, sang nata pinuju miyos sinewaka wontên ing siti bêntar, awas tumingal
yèn wontên tiyang sowan pepe, lajêng kadhawuhan nimbali, sang pangeran kèrid
ing lampahipun, mabukuh lênggah wontên ngarsanipun sang prabu, trêpsila tajêm
ing paningal, sêmunipun mêngku kasujanan, sang nata eram salêbêting galih
ningali manising pamulu bagus jêtmika, narka yèn trahing kusuma, lajêng
kadangu:
Bagea: sira kang lagi têka.
Kawula nuwun: gusti, ratu ingkang
kuwasa ing dunya, mugi-mugi lulusa ing kawibawan paduka, nuwun: ingkang abdi
kapatêdhan pambage.
Sira sapa, pinangkanira ing ngêndi,
kang yoga marang sira: sapa.
Kawula nuwun, nama kawula pun
Warihkusuma, wijil kawula saking ing pratapan laladaning nagari Tuban, biyung
kawula sutaning pandhita.
Sang prabu nyathêt salêbêting galih
yèn sudarmanipun winadi,
--- 23 ---
mila botên kalajêngakên
pandangunipun ing bab wau punika, namung kadangu sêdyanipun, pangandikanipun:
sêdyanira pepe apa ana karêpira kang wigati, sarta kêna sira pasthèkake yèn
andadèkake dhanganing panggalih ingsun têtulung marang sira kang ora andadèkake
karibêdan ingsun.
Kawula nuwun: Gusti, ratu kinawasa,
ingkang abdi kamipurun anuwila gônda mênawi kangge ingkang abdi nyuwun suwita
wontên ing ngarsa paduka.
Apa kang sira kêpengini dene sira
duwe cipta suwita marang panjênênganingsun, ing kene panggonane wong
bususukbuk,[3] beda karo nagaranira ing Tuban, akèh para sarjana kang
nawurake kêkarangane tinulad para ratu, sanadyan ingsun iya nulad ing Tuban.
Gusti, kaluhuran dhawuh paduka,
ananging ingkang abdi tuna ing budi sêpên kawruh, mila ngantos kesah saking ing
nagari Tuban, jalaran tinampik ing pasuwitan kawula, kalampahana karaya-raya
ingkang abdi ngantos dumugi ing ngarsa paduka ratu bijaksana bèr budi asih ing
apapa dhapur angungsi gêsang.
Sang prabu miyarsakakên aturipun
sang pangeran pirêna ing galih, lajêng jêngkar angadhaton, sang pangeran
kakarsakakên [kakarsakakê...]
--- 24 ---
[...n] andhèrèk. Cinêndhak:
pasuwitanipun sang pangeran: kanggêp, rintên dalu tansah wontên ngarsanipun
sang prabu sarta tansah adamêl pirênaning galih, kathah kêkaranganipun sang
nata ingkang karampingakên dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.
Salêbêting galihipun sang prabu:
kamokalakên yèn Radèn Warihkusuma dedea têdhaking kusuma, katitik saking
alusing bêbudènipun, wicaksana bèr budi bawa lêksana, mumpuni kasagêdanipun
ulah praja sarta ulah pêrang, punapa dene limpad ing têmbung sampurna dhatêng
wêwadining tulis, sarèhning wontên pêrlunipun ing atasing sariranipun sang
prabu kêdah nguningani aluraning lêluhuripun sang pangeran, Radèn Warihkusuma
kadangu: Warihkusuma, aja andadèkake kagèting atinira, ingsun kêpengin sumurup
wong akuwanira[4] kang yoga marang sira, awit nalika sira ingsun dangu asal
kamulanira: mung ngaturake kaki sarta biyungira bae.
Sang pangeran sakalangkung kagèt ing
galih midhangêtakên pangandikanipun sang prabu, ngantos dangu kèndêl,
ngangên-angên salêbêting galih, badhe matur kumbi: ajrih, badhe matur prasaja:
bokmênawi sagêd andadosakên jalaran botên sayogining sariranipun, wusana
pinanggih ing pambudi namung badhe matur
--- 25 ---
sawantahipun, bokmênawi sagêd
pikantuk piwêlasipun sang prabu, lajêng matur: gusti, ratu ingkang misuwur ing
jagad, ingkang abdi badhe ngêkêr wadi dhumatêng namanipun bapa kawula ing
salami-laminipun, ananging ing mangke wadi wau pêcah awit saking pandamêl paduka
ratu kêkasihing dewa, ingkang abdi botên sagêd kumbi, awit pêjah gêsang kawula
katêkêm wontên ing ngasta paduka, kawula nuwun: bapa kawula punika dede tiyang
pidakpadarakan, ratu agung binathara anyakrawati ambaudhêndha, ajêjuluk Maha
Prabu Sindupati ingkang anggrênggani kadhaton ing Tuban, kawula punika anakipun
jalêr ingkang sêpuh patutan saking endhang, anuntên adhi kawula putra saking
pramèswari ingkang ginadhang anggêntosi kaprabon, sasugêngipun kangjêng rama
kawula kaangkat dados pangeran agêng, adhi kawula kaangkat dados pangeran
adipati anom, kawula sampun narimah ingkang dados pamintaning bapa, saha rukun
anggèn kawula saduluran, tumuntên kangjêng rama seda, yayi pangeran adipati
anom, kawula jumênêngakên ratu anggêntosi kangjêng rama, lêstantun botên wontên
sangsayanipun, tumuntên kawula badhe palakrama angestokakên kêkudanganing kaki.
Lajêng kaaturakên uruting lêlampahanipun sandening palakrama,
--- 26 ---
lajêng badhe katêlasan wontên ing
wana ngantos dumugi suwita ing sang prabu.
Sang nata midhangêt aturipun Sang
Pangeran Warihkusuma kamiwêlasên barêbêl waspanipun, jog tumêdhak saking
pinarakan angrangkul dhatêng sang pangeran, sarwi angandika: pangeran kang kaya
sira patut olèh piwêlas saka ratu kang wicaksana, anulungi kasrakatira saka papêsthèning
dewa kang wus sira sandhang. Sanadyan ingsun ora kalêbu ing wêwilanganing ratu
utama, nanging wênang uga mitulungi marang sira mêntase saka ing kapapanira,
saiki sira sinêbuta ing akèh aran pangeran manèh, kalawan kaurmatan pantêsing
pangeran putraning ratu sarta kalawan wêwênang lan kamurahan ingsun.
Sang pangeran lajêng sujud ing
sampeyan saha amêmuji kaluhuranipun sang prabu.
Jumênêngipun Pangeran Radèn
Warihkusuma wontên ing nagari Banyubiru kabyawarakakên ing akathah sarta kapiji
angasta paprentahan agêng sampun botên nguciwani pisan-pisan, awit sang
pangeran sampun kulina ngasta paprentahan agêng ing nagari Tuban, kasoksihipun
sang prabu dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.
--- 27 ---
Kacariyos Sang Prabu Hèrtambang,
putranipun namung satunggal putri dinama-dama dados sêkaring pura, ajêjuluk
Rêtna Wayi, pinrêtêk ing piwulang kawruh pangrèhing praja sarta
anggêr-anggêring nagari punapa dene kagunaning pêrang, sampurna dhatêng
pamasanging byuha kalawêrit, awit karsanipun sang prabu: sanadyan putri
ginadhang aggêntosi kaprabon, kathah para ratu ingkang sami ngêbun-êbun enjing
anjêjawah sontên, nanging sami tinulak, awit kêkudanganipun sang prabu: ingkang
putra kramaa satriya di ingkang wicaksana bèr budi bawa laksana, dadosa
êmbananing karaton, sawontênipun Sang Pangeran Warihkusuma, sang prabu kagungan
osik karsa mundhut mantu dhatêng sang pangeran, ing wanci sontên sang pangeran
dipun timbali dhatêng ing panêpèn, sang pangeran gita anyana yèn wontên
padamêlan pêrlu: lajêng sowan malêbêt, kaaturakên ing parêkan lajêng
katimbalan, sang prabu pinarak ijèn wontên ing kamar panyêratan.
Pangandikakanipun:[5] Pangeran, apa sira sumurup kang dadi karsaningsun: nimbali
marang sira.
Kawula nuwun, Gusti, namung sang
Hyang Wisesa ingkang nguningani karêntêging galih paduka.
Sira apa durung tau rabi.
--- 28 ---
Kawula nuwun, têka mawi andangu
ingkang makatên, kawula sampun nate ngaturakên lêlampahan kawula miwiti malah
amêkasi kala kawula kadangu wontên ing kadhaton, sanadyan ngantos ing dintên
punika, misik wanodya kemawon: nuwun dèrèng.
Sabab apa, lan ingsun durung kalalèn
aturira biyèn marang ingsun.
Sababipun botên wontên kajawi namung
saking tani kawula, kalih dene malih raosing manah kawula dèrèng sagêd
angipatakên katrêsnan kawula dhatêng pêpacangan ingkang sampun lèngkèt wontên
ing jêjantung.
Apa ora bakal mêndha ing
salawas-lawase.
Sagêd ugi bilih wontên pitulunging
dewa ingkang abdi sagêd pikantuk jodho ingkang timbang kalihan kaluhuran
kawula.
Saupama dudu dewa: ratu kang paring
pitulung marang sira.
Saèstunipun pantês mawi têtêbusan
pêcating nyawa sarta wutahing rah kawula.
Pangeran: kalawan dhanganing atinira
sarta condhong: sira bakal ingsun pundhut mantu dhewe.
Sang pangeran kagèt ing galih lajêng
nyungkêmi sampeyanipun [sampeyanipu...]
--- 29 ---
[...n] sang prabu sarwi matur:
gusti, pêpundhèn kawula, ratu pituruning dewa, ingkang abdi botên nyana
kadhawahan rêmbulaning praja Banyubiru.
Pangeran: payo milua tindak ingsun
marang kadhaton, ingsun surupake marang nini putri, aja kuciwa ing sêmu.
Sang prabu tindak ing kadhaton
anjujug ing dalêmipun ingkang rayi sang pramèswari: sêpên, tindak ing kradenayon
ing dalêmipun ingkang putra sang putri, sang prabu lajêng ing tindakipun, sang
pramèswari sarta ingkang putra sumêrêp gupuh mêthuk rawuhipun sang nata: lajêng
satata lênggah.
Sang prabu, sira ingsun golèki wis
kêtêmu ana ing kene: lagi apa.
Sang pramèswari, kula nuwun, nglurug
cuki kalihan putra paduka.
Sang pramèswari, sumôngga.
Sang prabu, êlo aja kuwi: dhenok,
sing kolakokake kuwe: lo.
Sang putri botên kangjêng rama,
sampun lêrês, punika badhe
--- 30 ---
dipun caplok.
Sang prabu, o,o, iya bênêr sira.
Sang putri ngagêm nyamping
padintênan sêratan angrèni (= anggrèni de Hollander) sampun masêm,
kasêmêkanipun plangi wêdalan ing Indhu ngajêng tanpa rasukan, ngagêm rimong
ngangrangan biru langit, sariranipun katingal pindha ulam kalêbêt ing jala,
mênthar kados sêkar mlathi, baludaging prêmbayun kados anjêbolakên kasêmêkan
ingkang minôngka setu bandalayu.
Sang pangeran tansah trataban ing
galih sumêrêp warnanipun sang ayu, kathah iribipun lan ingkang rayi Dèwi
Wrêsti, malah mênang sengoh sang putri andêmênakakên manah, rumaos marêm
galihipun sang pangeran bilih saèstu kadhawahan rêmbulan ingkang sagêd cuki
raosipun krapês-krapês kadon[7] kênthos, sang putri nolih mundhut gantèn pagut tingal lan
sang pangeran sarêng kagètipun, (pancèn lairipun dèrèng dipun gêbyag) sang
putri anglocita: baya kuwe wong kang dadi ojat gêdêring akèh: nyata bagus,
emane mripate kaya kolik, nonton wong dupèh ora tuku bae, layak kangjêng rama
asih, magang lagi sakênyèk bae banjur winisudha dadi pangeran, lah bok iya
didadèkake tunggon ana ing kradenayon [kra...]
--- 31 ---
[...denayon] bae dhisik, cik bèn
êntèk atine, tak garok tak lukokne ana ing pasêtrènku desa Tilamsari, supaya
mari adol sêngung, wangune kumintêr ngêndêl-êndêlake baguse, aku gêthing têmên
wong duwe pambêkan mêngkono kuwi, tur tak dadara kapintêrane: dadi awu
pangalêmbana manèh olèha, sida lêstari dadi tunggon, dikira aku kiyi kaya dene
putri lumrah kae, bisane mung wêdhak pupur, ora sumurup yèn aku lêbda marang
ingêring jagad, baya dhèwèke ora kulak warta adol prungu yèn putrane sang prabu
Hèrtambang ing Banyubiru ajêjuluk Dèwi Wayi, punjul ing apapak mrojol ing
akêrêp, mancala putra mancala putri, bisa manjing ajur ajèr. Anua kae yèn
nonton mêrak atine: iya kudu olèh pangapura sarta kudu olèh ganjaran gambarku
kang cinawi ing kênaka luru, pirabara liniru kang ginambar, nanging aku gêmang.
Sang prabu sakêdhap nguningani
paguting tingal ingkang putra sami kapadhanipun, sakalangkung pirêna ing galih,
lajêng jêngkar saking kaputrèn kadhèrèkakên sang pangeran sarwi rêraosan
samargi-margi ingkang rèmèh-rèmèh, sang pangeran lajêng kêlilan mundur.
Sang prabu saya kasok sihipun
dhatêng sang pangeran amargi
--- 32 ---
tansah katitik kawicaksanan sarta
kawasisanipun angrênbag[8] prakawising nagari, botên pae lan ingkang putra sang putri,
pancèn sami pinrêtêg ing piwulang wiwit timur mila, panggalihipun sang prabu
badhe lintu patra tôndha nama sumerening karaton botên dhatêng putra putri,
sayogi dhatêng putra mantu bilih sampun kalampahan dhaup sarta sampun apêputra.
Awit saking punika lajêng
kadhawuhakên waradin yèn sang pangeran kapacangakên ing sang putri sarta sang
pangeran lajêng kaangkat dados pangeran adipati anom.
Cinêndhak botên antawis lami
karsanipun sang prabu saèstu miwaha putra, mawi sêsuruhan para ratu ing
amôncapraja, dumugining dintên pikramèn bawahanipun sakalangkung agêng, kyai
patih sarta para niyakaning praja sami makajangan wontên ing alun-alun,
laminipun kawandasa dintên, nutug sami suka parisuka, dhauping pangantèn sami
kaèstrenan para ratu pinisêpuh, ing kadhaton kados jêbol-jêbola kêbak dening
kathahing tiyang, wêwangi ing kadhaton kasabêt ing samirana sumilir wêdalipun
angèbêki pasamuan, kados angin sugônda awor dhêdhaharan ingkang miraos kongas
ambêtipun, adamêl rêsêping para tamu. Tumuntên sang prabu sarta sang pramèswari
[pra...]
--- 33 ---
[...mèswari] punapa dene rara ratu
sami kinabêktèn ing sang pinangantèn, sang prabu êntyarsa ing galih ningali
ingkang putra sang pinangantèn kadugèn ing karsa rêmpu galihipun, putra namung
satunggal putri dinama dama pikantuk kakung putraning ratu binathara, bagus
tanpa cacad, dhasar wicaksana alus bêbudènipun, ing galih kados age-agea sèlèh
kaprabon dhumatêng sang pangeran, sang prabu lajêng andumugèkakên kasukan
kalihan ingkang para tamu.
Gêntos kacariyos ingkang wontên ing
pêpajangan sang pangantèn kakung kados amanggih rêtna sawukir, dhasar ayu
putrining nata ginadhang binadhe raja, sang pangeran sarèh ing galih, awit
ingkang garwa mumpuni dhatêng kasusilan, sarta pinunjul ing guna kasantikan,
botên kewran ing agal lêmbut dhasar lantip ing panggraita mêngku kasujanan,
sang pangeran ngangkah-angkah angêmpakakên têmbung pamiluta manis amanohara.
Dhuh gusti rêtnaning pura ingkang abdi kamipurun anuwila gônda, punapa kalilan
awawan sabda, sanadyan gusti kula botên sotah ningali, sok ugi namung karsa
angandika kemawon dadosa pamurunging brôngta angarang. Sampun pintên laminipun
anggèn kula suwita wontên ing ngriki angêntosi rêntahing
--- 34 ---
kartika saking ing langit ingkang
kados warna andika, ing dintên punika kartika wau rêntah wontên ing pangkon
kula, punapa kula botên kalilan angêla-êla.
Pangeran, sampeyan sampun
sangêt-sangêt anoraga dhumatêng kula, kula dede lare alit, sarèhning karsanipun
kangjêng rama sarta ibu sori, kula kapatêdhakakên dhatêng ingkang sarira dados
garwa, dados kula kêpêksa suwita dhatêng tiyang ingkang dèrèng nate kula
wanuhi, sarta limrah ing laki pamisesanipun dhatêng ing rabi angungkuli
pamisesaning bapa biyung dhatêng ing anak, sapintên awratipun manah kula pancèn
amarentah dados kaparentah.
Dhuh gusti pêpujan kula, kula botên
pisan-pisan nganggêp kados ingkang kapangandikakakên punika têbih pitung
bêdahap mênawi kula anggadhahana cipta kumawawa misesa wasa-wasa dhatêng ing
rabi, malah kula nyuwun titip jasad kula dhatêng sarira andika, kula namung
têtêp dadosa pamongipun sang kadi Ratih.
Pangeran, pangandika sampeyan punika
sayêktosipun namung lamis kemawon, kajawi nyulayani pranataning agama: botên
wontên tiyang jalêr kawisesa ing èstri, dene ingkang kêdah sampeyan tampèni
panuwun kula sarta kalayan upata
--- 35 ---
sampeyan, punika bilih dhangan, kula
namung titip dhatêng kangjêng rama sarta ibu sori lumèbèripun dhatêng kula,
sampun ngantos sampeyan gêrahakên galihipun, awit potangipun kangjêng rama
sarta ibu sori dhatêng kula, kula dèrèng sagêd nyaur, môngka ing mangke kula
prasasat dados tiyang tumbasan, sarta sampeyan ginadhang badhe jumênêng nata
anggêntosi karatonipun kangjêng rama.
Sang pangeran kapranan ing galih
midhangêtakên aturipun ingkang rayi ambarêbêl mêdal luhipun sarwi ngandika
aprasêtya yèn badhe botên adamêl saksêrik, malah adamêl sukapirênaning galih
ing salami-laminipun, ingkang rayi lajêng sinambut.
Ing wanci enjing sang prabu
sakalihan ingkang garwa sang pramèswari têdhak ing kamar pangantèn, ingkang
putra pinanggih suwêng tindak dhatêng udyana: lajêng kasusul, pinanggih sang
pangeran sawêg ngranggèhakên sêkar gadhung ingkang rumambat mulêt witing sêkar
pacar katut sagodhongipun, lajêng dipun lungakên dhatêng ingkang rayi sarwi
ngandika: yayi dialon iku ana rine yèn nocog tangan: lara, sêkar gadhung dipun
tampèni ingkang rayi kinuswa lajêng kacangking ing asta kiwa. Kapêthuk ingkang
rama sang prabu sakalihan ingkang [ing...]
--- 36 ---
[...kang] ibu sang pramèswari:
lajêng sami andhodhok ngapurancang, ingkang rama sarta ingkang ibu sangêt
êntyarsaning galih nguningani dhatêng ingkang putra sakalihan, sarwi ngandika:
ingsun arani sira isih ana ing omah, jêbul wis mênyang patamanan golèk kêmbang
apa.
Kawula nuwun, namung mlampah-mlampah
kemawon, wontên ing tênggan kathah tiyang: yayi dèwi botên kuwawi sumukipun,
mêdal pados isis.
Wong sing tunggu bêcik konên padha
sumingkir, anaa ing jaba bae.
Kawula nuwun, inggih sandika.
Ayo padha mênyang kadhaton, ingsun
lawas ora main catur karo sira.
Sang prabu kasukan catur kalihan
pangeran, gêntos kasêsêr kemawon.
Sang pangeran matur, gusti putra
dalêm yayi dèwi: sêmunipun kados sagêd catur.
O, kêpriye pangeran, yèn ingsun
catur karo bojonira: ingsun wêdi, awit kalah pintêr, ingsun ora tau mênang.
--- 37 ---
Botên dhik kakangmas, kangjêng rama
punika namung ngumpak kemawon.
Môngsa ingsun ngumpak, mara
pangeran, saiki salin mungsuh bojonira dibut ro karo ingsun.
Sang putri kakarsakakên catur
kalihan sang pangeran, sang prabu anjagowi (= anjagohi spr.).
Anggènipun anglampahakên catur sang
pangeran kêrêp diyon kalihan ingkang rama. Sang putri tansah gumujêng
kadhawahakên ing sanès, môngka anggènipun anglampahakên catur sang putri kados
botên dipun galih rikat angeram-eramakên, ngantos tigang rambahan sang pangeran
tansah kawon kemawon, ingkang sapisan balanipun taksih wêtah ratunipun
kakunêng: pêjah botên sagêd tutup, ingkang kaping kalih balanipun dipun
têlasakên ratunipun pêjah kalihan pidak wontên ing têngah. Ingkang kaping tiga
namung dipun oyak ing kapal kêkalih, ratunipun kasêsêr oncat saking ênggèn
pangrêksaning bala, kalêbêt ing gêlar lajêng kakuya-kuya pêjah wontên
palaganing mêngsah, balanipun taksih wutuh ayam, botên wontên ingkang sagêd
têtulung jalaran kaadhangan dening samêktaning byuha kalawêrit. Sang pangeran
lêga ing galih anguningani kawêgiganing pamasangipun [pamasang...]
--- 38 ---
[...ipun] gêlar catur ingkang rayi,
rumaos botên sagêd andungkap, bikakan pambêdhahing gêlar sap pitu sampun
kasumêrêpan rumiyin, lajêng ngandika: yayi aku wis kalah têmênan wis ora wani
mungmuhan[9] karo kowe manèh, kaluhuran dhawuhe kangjêng rama.
Tiyang sampeyan kawoni kemawon,
upami sampeyan êpêng utawi sampun mêdal bêdhat sampeyan, kula amêsthi kawon.
Dikalahi kêpriye, wong kringête
nganti gumrobyos mêngkene kiyi ngalahi.
Mênawi sumuk.
Sumuk ngisin-isin.
Botên.
Sang prabu sangêt pirêna ing galih
anguningani rukunipun ingkang putra tansah arêruntungan kados mimi lan mintuna.
Anggènipun palakrama sang pangeran antawis sataun, ingkang rayi sang putri
angidham-idham kaworan, sarêng sampun katingal ngandhêg tigang wulan lajêng
ngaturi uninga ingkang rama, sang prabu saya sangêt bingah ing galih sarta saya
sangêt pangêla-êlanipun dhatêng ingkang putra sakalihan, prasasat botên wontên
towongipun sang
--- 39 ---
nata adamêl bojana ngiras wilujêngan
pamboboting putra. Sarêng sampun andungkap môngsa lair: sang putri anggêrahi,
otêr tiyang sakadhaton, nanging anggènipun anggêrahi sang putri kasêngkala
bayinipun nungsang mila dangu botên sagêd mêdal, anggènipun anggêrahi ngantos
pitung dintên pitung dalu, netyanipun sampun asawang kunarpa, ingkang ibu
tansah amuwuni wontên ing ngeringan, langkung malih sang pangeran, anggènipun
nyundhang wontên ing ulon-ulon, adus luh anêlêsi kajang sirah ngantos kados
turasan, botên dhahar botên sare, sang prabu botên tahan nênggani ngiwa wontên
ing panêpèn, botên dhahar-dhahar.
Sarèhning sampun tita bayi botên
sagêd lair, aturing dhukun sarta para tabib, bayi kêdah kawêdalakên sarana
pirantos, lajêng angunjuki uninga ing sang prabu, sang nata saya putêk ing
galih, kajawi marma sumêlang mênawi andadosakên jalaran sedaning putra,
ananging botên sagêd mênggah aturing dhukun, ingkang murih arjaning putra.
Dhawuhipun sang prabu: wis môngsa bodhoa sira, ingsun wis aja sira unjuki
uninga manèh prakara iku, ingsun mung nguningani bêcike sarta slamête bae.
Tumuntên para dhukun sarta tabib sami pirêmbagan sakecaning [sa...]
--- 40 ---
[...kecaning] panindak ingkang
sayogi linampahan, ingkang sami nênggani wontên ing kamar sami kaaturan mêdal
sadaya, dalah sang pramèswari ugi kaaturan sumingkir, namung sang pangeran
piyambak ingkang taksih wontên ing kamar, anjagèni sariranipun sang dèwi.
Sarêng pirantos dipun cakakên gampil wêdaling bayi kalayan wilujêng miyos
putri, cêngèripun ing bayi tiyang sakadhaton gumuruh sami suka bingah, bayi
lajêng dipun upakara ing dhukun wontên ing jawi, namung sang juwita lêsuning
sarira saya ngranuhi tansah lês-lêsan botên èngêt, dipun arasi dhatêng ingkang
raka sarta dipun muwuni, sang rêtna sampun kasupèn, wusana puput yuswanipun
seda konduran, sang pangeran anjrit muwun angrungkêbi ingkang garwa lajêng
kantaka, sang pramèswari malêbêt ing kamar, ingkang putra sang rêtna sampun
pinanggih seda anjrit sarosa anggêblag lajêng kantaka, otêr tiyang salêbêting
kadhaton, gumêrah pindha swaraning jawah ingkang nrajang wana pajatèn, ingkang
sami nênggani wontên ing kamar bibar pating bilulung gumêdêr angèbêki kadhaton,
kêmirêng saking panêpèn pasingidanipun sang prabu, sang nata enggal têdhak ing
kadhaton, botên ngantos dipun unjuki uninga ing abdi, angintên yèn ingkang
putra dados lan sedanipun, rawuhipun ing kadhaton ingkang [ing...]
--- 41 ---
[...kang] rayi sang pramèswari
sampun pinanggih èngêt lajêng angrungkêbi sampeyanipun ingkang raka sarwi lara
karuna pitakèn putranipun, gusti kawula botên sagêd kantun kalihan putra tuwan
pun Wayi, paduka sarêng kalêbêtna ing kuburipun, sang prabu kêrot kancing botên
sagêd ngandika, ingkang rayi kakondurakên dhatêng ing tênggan, sang prabu
lajêng sinewaka, Kyai Patih Lodaka sampun pitung dintên tugur sakancanipun para
bupati wontên ing sri manganti, sarêng mirêng ramenipun ing pura lajêng malêbêt
botên kalayan dipun timbali, sang prabu sampun pinanggih lênggah sinewaka
wontên ing dhampar, kyai patih lajêng sowan nyakêt, sang prabu tansah
gêrêng-gêrêng dèrèng sagêd ngandika, wadananipun katingal kados latu, kyai
patih botên andungkap ingkang dados puruging bêndu, jamakipun tiyang kasripahan
punika: susah, sang prabu punika botên, malah nawung duka.
Kyai patih bijaksana botên mawi
angêntosi dhawuhipun sang prabu bab upakarti sarta rêrêngganing layon, sampun
kadhawuhakên samapta rumiyin, sarta layonipun sang putri sampun lajêng
kabidhalakên dhatêng astana lêluhuripun sang prabu mawi pakurmatan agêng,
wêdalipun saking kadhaton botên kauningan ing sang nata, kagalih mênawi saya
adamêl rontaging galihipun [ga...]
--- 42 ---
[...lihipun] sang prabu.
Sang nata andhawuhakên parentah
dhatêng kyai patih: kakang layone anakira apa wus sira pikir.
Kawula nuwun sampun, saha sampun
kawula angkatakên.
Kakang: panggalih ingsun ora bisa
tumingal marang putranira jabang bayi, awit samôngsa ingsun tumingal bisa
andadèkake kagèting panggalih ingsun, èngêt marang kang wis layon, awit saka
iku bokmênawa bisa amêmugut karênan ananingsun ing dunya, iku banjur sira
labuha ing bangawan bae, emanên yuswaningsun yèn nganti ora widada saka
pangaluping jabang bayi iku. Dene kang luwih pêrlu: ingsun aja kongsi tumingal
manèh marang si Warihkusuma, saiki sira tundhungên lunga saka laladaning
naganingsun[10] ing Banyubiru, balia marang laladaning nagarane dhewe ing
Tuban, yèn ora ngestokake parentah ingsun, amêsthi ingsun patèni kalawan
pangewan-ewan, awit kang dadi jalaran patine putriningsun: saka awake, dadi wis
têtela yèn lungane si Warihkusuma saka ing nagarane mau pancèn ala, gawe
sangaring nagara kang diambah. Apa karsaningsun amêsthi kalakon padha sanalika
iki.
--- 43 ---
[...ka] dhèrèk kemawon, pamurihipun
namung rumêksa ing kasugêngan, sarta karaharjaning praja sampun ngantos
gustinipun katuwuhan sêkêl awit saking prakawis punika. Kyai patih mundur
saking ngajêngan lajêng angruktèni pirantos badhe panglabuhing jabang bayi,
winot ing joli kajêng nagasari kinarawistha ing sêsêkaran awig pakirtyanipun,
sarta lajêng winot ing baita tembo mawi rinêngga ing gêgodhongan pancasan enggal,
aluming godhong katingal saking katêbihan amêmêlas, sampun kalampahan jabang
bayi kalabuh mawi pakurmatan lampah agêng. Kyai patih lajêng kapanggih Sang
Pangeran Warihkusuma, andhawuhakên karsanipun sang prabu, yèn sang pangeran
kadhawahan tundhung, botên kenging ngambah laladaning nagari Banyubiru, amargi
sang pangeran kagalih damêl sangaring praja sarta adamêl jalaran sedanipun sang
putri, sapintên rujiting galihipun sang pangeran, mêntas kasedan garwa
putranipun kalabuh, sariranipun katundhung, sang pangeran lingsêm mulat
sasamining tumitah, wanci lingsir dalu anis saking pura, lajêng ing tindakipun
malêbêt ing wanawasa pados margining pêjah.
Kocapa Kyai Buyut Wulusan ing
Sumbêrêja, padamêlanipun misaya ulam ing bênawi, nuju wontên ing lèpèn kagèt
[ka...]
--- 44 ---
[...gèt] sumêrêp wontên kêndhaga
kèli winot ing baita tembo mawi ombyong-ombyong gêgodhongan sampun sami alum,
lajêng dipun candhangi, sarêng kabikak isi bayi mawa teja, kyai buyut eram
salêbêting manah, narka yèn bayi punika putraning putri ingkang lampah jina
lajêng kalabuh ing bênawi nyirnakakên tilas, kyai buyut gadhah osik, bayi iki
bêcik dak pupune, tinimbang mati aluwung dadia bocah kêna dikongkon, karodene
manèh bokne bayèk wis ping têlu gone duwe anak pijêr mati bae, bocah iki yèn bisa
dadi lanjaran, bayi lajêng dipun bopong kabêkta mantuk, dipun sukakakên
semahipun, nyai buyut kagèt sumêrêp ingkang jalêr mantuk ambopong bayi, mulung
tanganipun nampèni bayi sarwi pitakèn: iki mau bayi olèhmu ing ngêndi.
Olèhku candhang ing bêngawan.
Ayake anake wong dhêmênan
dikèlèkake.
Mênawa, nanging dudu sok wonga,
katitik wadhahe apik, didokok ana ing gêndhaga.
Aku bungah bangêt bapakne gêndhuk,
kowèhi anak, tak opènane sing bêcik, mêngko tak gêbyur, banyuku susu
--- 45 ---
isih mêtu, dadi kêbênêran bangêt.
Kojênêngake sapa: bapakne.
Tak jênêngake Rara Sêndhang bae:
bêcik, wong olèhku ana ing banyu.
Rara Sêndhang ingupakara sarta
sinêsêpan dhatêng Nyai Buyut Wulusan ing Sumbêrêja, dumlundung kalis ing
sêsakit, enggal agêng kados dinusan ing toya gege, agêngipun Rara Sêndhang
kalawun-lawun.
Gêntos kacariyos, lampahipun
wadyabala ing Banyubiru ingkang andhèrèkakên layonipun sang putri dumugi ing
astana layon kasèlèhakên, salêbêting krêndhasawa kêmirêng saking ing jawi swara
lamat-lamat, sarta kalêsêding layon katingal obah, senapatining lampah enggal
ambikak tutuping krêndhasawa, katingal sang putri wungu sarta ngandika lirih,
kangmas pangeran adipati ana ing ngêndi, senapatining lampah nyana yèn sang
putri waluya jati, lajêng matur: raka paduka taksih wontên ing nagari,
panjênêngan paduka punika sampun kaagêm-agêman busananing layon, amargi seda
konduran, sapunika sampun dumugi ing astana.
--- 46 ---
Aku gawanên bali, nanging aja
kolukari, cik bèn dilukari kangmas pangeran dhewe ana ing kadhaton.
Layon lajêng kabêkta wangsul sarta
mawi pratandhaning kabingahan, tambur slomprèt mungêl mawi lêlagon gêndhing
anganyut-anyut, gêdêring pawartos enggal dumugi ing nagari yèn sang putri botên
saèstu seda, ing mangke kabêkta wangsul kondur taksih wontên salêbêting krêndhasawa
bikakan.
Sang prabu saha sang pramèswari
sampun kaaturan uninga ing kasugênganipun ingkang putra sang putri, kados
punapa bingahing galihipun sang prabu, enggal têdhak mêthuk akalihan ingkang
rayi, saking kasêsanipun tindak dharat kemawon, titihan rata kasusulakên
katututakên wontên ing margi, sang prabu sarta sang pramèswari lajêng nitih
rata, antawis saonjotan layon katingal, rata kadhawuhan ngrikatakên, botên
sarèh karsanipun sang nata, dumugi pasanggrahan ing Rancakarni: layon kèndêl,
sang prabu sarta sang pramèswari rawuh gurawalan lajêng ngangkat putra ingkang
pindha layon, sang pramèswari anglukari ingkang putra sarta lajêng ingagêman
raja kaputrèn, ingkang putra tansah [ta...]
--- 47 ---
[...nsah] dipun arasi ingkang ibu,
sang putri matur: kakangmas adipati wontên pundi, saha anak kula punapa gêsang.
Ingkang rama nênggak waspa sarwi ngandika: bojonira mulih marang Tuban, mêngko
ingsun utusan nimbali, dene anakira ingsun labuh marang bêngawan. Sang prabu
lajêng andhawuhakên dhatêng kyai patih kinèn ngupadosi Radèn Warihkusuma, bilih
botên pinanggih ing margi lajêng kadhawuhan anglacak dhatêng nagari Tuban,
makatên ugi anglari gêndhaga ingkang kalabuh ing bênawi, anggènipun dhawuh sang
prabu dhatêng kyai patih, kalayan bisik-bisik, karsanipun sang prabu sampun
ngantos adamêl kagèt utawi rontaging galihipun ingkang putra sang putri,
prakawis wau kêdah kawados, sampun ngantos sang putri anguningani yèn ingkang
raka sang pangeran kesahipun kadhawahan tundhung. Sang prabu saha garwa putra
lajêng bidhal kondur angadhaton, pulih rêntênging galihipun sang prabu, kantun
angêntosi dhatêngipun sang pangeran sarta kapanggihing gêndhaga bilih bayi
taksih sugêng.
Utusanipun sang prabu ingkang nglari
sang pangeran, botên angsal lacak, ngantos dipun susul dumugi nagari Tuban,
[Tu...]
--- 48 ---
[...ban,] malah wadyabala ing Tuban
ingkang ngupadosi sang pangeran: dèrèng wontên mantuk, mila utusan wau lajêng
nulak wangsul ngupadosi dhatêng ing wana malih, makatên ugi utusan ingkang
nglari gêndhaga turut bênawi ngantos dumugi sungapaning sagantên mêksa botên
sagêd angsal lacak, para utusan wau sarêng sampun tita pangupadosipun lajêng
sami wangsul dhatêng nagari sarta lajêng angunujuki uninga ing sang prabu. Sang
nata botên andugi bab cabaring utusan, bokmênawi karsaning dewa ingkang putra
kadamêl lêlampahan, sang prabu mupus salêbêting galih narimah punapa purbanipun
Sang Hyang Wisesa, sang prabu sadintên-dintên tansah angimur tikbraning
galihipun ingkang putra sang putri.
Gêntos kacariyos sang pangeran
wontên salêbêting wana tanpa kanthi, ingkang kadhahar namung wowohan sarta
gêgodhongan nèm ing wana, sangêt anggènipun kasarakat, ciptaning galih namung
badhe anganyut tuwuh tansah nêtah sarira anggènipun katula-tula, badhe garwa
pêpacangan karêbat ingkang rayi sang prabu, angsal panglipur sagêd krama
putrining ratu, ayu pinunjul ing jagad, dèrèng ngantos dumugi sawêg sataun
tinilar seda. Galihipun [Galihipu...]
--- 49 ---
[...n] sang pangeran kados rinujit
anglês tanpa karkat sèndhèn ing uwit bêndha dhoyong ingkang pinulêt ing mandira
goraya, samirana midit ambêkta gandaning sêkar saya adamêl rêncêming galih,
swaraning pêksi rame kados pencokan badhe mapan tilêm tambah adamêl kuwur,
pêpêtêng wiwit andhatêngi kados badhe angêlêm jagad, punika ingkang amisesa
têlasing galihipun sang pangeran, andhêkukul angrangkul jêngku waspa adrês
kados turasan, salêbêtipun wontên ngandhap bêndha tansah mêrêm mêlik botên
sagêd sare kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Wrêsti, wanci sidhên[12] kayon lintang sumêbar ing langit, purnama mungup sapucaking
aldaka sumorot kados wadananipun ingkang rayi, cumêngèring kidang alihan tilêm
kados panguwuh angaturi kondur dhatêng ing nagari Tuban, sang pangeran tumratab
ing galih, acipta ingkang rayi Dèwi Wrêsti kados sumandhing lênggah, guragapan
tinolih botên wontên, namung katingal soroting rêmbulan ingkang ambêdhah
lêlongkangan sêlaning godhong kumênyar amawa praba, sang pangeran saya putêk
ing galih. Salêbêtipun sare rêm-rêm ayam, wontên swara kêmirêng, têmbungipun:
Pangeran kang
--- 50 ---
kawêlasasih kados ijêngandika,
pantês nampèni panglipur. Pangeran: sampeyan sumêrêpa yèn rayi sampeyan sang
putri: sugêng, sarta tansah ngajêng-ajêng rawuh sampeyan ing nagari Tuban,
amargi sapêngkêr sampeyan lolos: sang prabu seda. Sang pangeran kagèt lajêng
wungu, èngêt wêwentehan swara ingkang kamirêng, ananging pinaibên ing dalêm
batos. Sampun anggagat bangun enjing bun pating talêthog angêbêsi sarira, mêdal
saking ing wana sumêdya dhatêng padhusunan pados pitakenan ing bab
kawontênanipun nagari Tuban, punapa wontên èmpêripun kalihan swara ingkang
kêmirêng, wontên ing margi kêpêthuk tiyang ingkang badhe dhatêng pêkên, anglur
sami anggêgendhong. Bok ayu: sang prabu apa sugêng. Winangsulan, niku takèn
têka anyêrwètèh, sedane sang prabu êmpun kawak kuwi dika tekokake. Sang
pangeran ragi sakeca ing galih dene anètèsi swara ingkang kacêtha, lajêng
tindakipun sêdya kondur dhatêng nagari, nanging karsanipun botên mêdal ing
ngajêngan, mêdal ing pungkuran, panggalihipun: sapisan dèrèng tartamtu
sedanipun ingkang rayi sang prabu, kaping kalih bokmênawi [bo...]
--- 51 ---
[...kmênawi] nuwuhakên prakawis
ingkang kirang prayogi.
Kacariyos Sang Rêtna Wrêsti, sampun
lami ing panganti rawuhipun ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, tansah
gêlik-gêlik wontên ing kadhaton, raosing galih kados wontên ing tarungku, sarta
sampun botên kulina kalihan ingkang putra Radèn Udakawimba, amargi wiwit miyos
lajêng winimbasara dhatêng kyai patih pinisah ngantos agêng. Ciptaning
galihipun sang putri sampun botên kraos wontên ing kadhaton, badhe wangsul
angendhang-endhang wontên ing Mudal, nanging kapambêngan dening parentahipun
kyai patih ingkang misesani karaton, botên anglilani tindakipun sang putri,
awit sampun kaanggêp dados pramèswarinipun Sang Prabu Warsakusuma ingkang
sampun seda, sang putri karsa angenggar-enggar galih amêng-amêng dhatêng
pasanggrahan sajawining nagari, lasar sabên-sabên sang putri ing ngriku
pacangkramanipun, ngantos nyare kalih utawi tigang dalu: sawêg kondur. Ing
wanci sontên sang putri lênggah wontên talundhaging yasakambang kaadhêp ing
para cèthi parêkan, dhasar talundhaking yasakambang munggul saking margi,
tumingal wontên satriya lumampah turut [tu...]
--- 52 ---
[...rut] lalelayaning[13] udyana, tumratab ing galih èsmu sumêdhot kados tindakipun
ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, dangu dipun awasakên kumêdhèp têsmak,
wusana têtela yèn ingkang lumampah: ingkang dados pangajapanipun ing tawang,
enggal dipun palajêngi agurawalan, lajêng dipun rangkul sarwi lara karuna sambat
amêlas asih: nyawa ingkang kula êntosi mèh dumugi ing pêjah sawêg katingal
sapunika. Sang pangeran kagèt ing galih dipun palajêngi sarta lajêng dipun
rangkul ing putri ayu, ananging inggih lajêng sumêrêp yèn putri punika ingkang
dados têlênging galih: ingkang rayi Dèwi Wrêsti, mila enggal gêntos rinangkul
sarta dipun arasi sarwi muwun, dangu sami tangis-tinangisan, sang putri lajêng
pinondhong dhatêng ing yasakambang: botên suwala, ananging sarêng badhe
kasarèkakên sangêt ing panyêngkahipun, sang pangeran eram salêbêting galih,
ngèndêli karsanipun amurwarêsmi: sarwi ngandika linuding pangêla-êla: yayi kang
nawang kumala sarta kang bisa nyambung dawaning umurku, apa kang dadi darunane
anampik sihe pun kakang salawase ora bisa ilang-ilang, ature sang putri: kakangmas:
namung kandhêga samantên [samantê...]
--- 53 ---
[...n] kemawon, kula tuhu ing jangji
yèn sampeyan dados guru laki kula ngantos dumugi ing jaman kalanggêngan,
nanging kenging ugi yèn kula nama cidra ing janji, amargi sariraning sêkar
ingkang taksih kudhup rinodapaksa kinisêp dening kruraning bêrmara. Lajêng
kacariyosakên lêlampahanipun miwiti malah amêkasi, dados ing mangke kula namung
anyênyadhang sihing guru laki kula ingkang kados sarira sampeyan ngapuntên ing
dosa kula agêng sèdhèng ing laki, namung kula têbusi wahdat ing
salami-laminipun, sarta anyirnakna dosa kula anglampahi rajapati. Sang pangeran
trênyuh ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi, lajêng ngandika: yayi,
dosamu iku ora ngapaa, awit anglabuhi tuhuning prasêtya, malah iku kang aran
utama, ora kagiwang nampani rahsaning liyan, jamaking wanodya kang durung
tau-tau amêsthi korup marang sajatining rahsa mau, mulane bangêt pangapuraku
marang kowe, awit kowe ora luput, sanadyan ananing pêpati kowe iya nora nêmu
dosa, awit pamrajaya iku pamalêsing patrap rodaparipêksa, mulane biratên
tikbraning atimu, aku kang tanggung tumêkane
--- 54 ---
pangayunaning Pangeran, amêsthi ora
nêmu siksa. Mangkono manèh yayi mungguh ing aku iya kêna ingaranan ora nêtêpi
janji, amarga aku iya wis palakrama sarta asêsuta wadon. Lajêng dipun
andharakên lêlampahanipun turut botên wontên ingkang kalangkungan, sang rêtna
anggènipun mindhangêtakên ngantos angrêntahakên waspa botên karaos, satamating
cariyos: sang putri katingal tutut, lajêng sami kèndêl ing yasakambang.
Ing wanci enjing sang pangeran
lênggah kalihan ingkang rayi wontên ing paningrat, kaadhêp ing cèthi parêkan,
sang pangeran mundhut papan rontal kasêrat ing kênaka, lajêng kadhawuhan
maringakên dhatêng kyai patih.
Kacariyos utusanipun kyai patih
anggènipun anglari tindakipun Sang Pangeran Warihkusuma anjajah dhusun
milangkori: ngantos pintên-pintên taun, sarèhning sampun tita botên sagêd
pinanggih lajêng sami wangsul mantuk dhatêng nagari anjujug ing kapatihan, kyai
patih sawêg lênggah ing panêpèn kalihan ingkang putra Radèn Udakawimba, sang
bagus sawêg winulang patrapipun nyêrat sastra jêjêg, [jê...]
--- 55 ---
[...jêg,] utusan enggal sinapa,
lajêng matur sami ngaturakên tiwas ing lampahipun, sarta sami anggadhahi
pangintên yèn pangeran kados lajêng anganyut tuwuh, awit sawarnining panggenan
dalah ingkang sungil-sungil sampun kaosak-asik mêksa botên sagêd pinanggih,
kyai patih midhangêtakên aturing utusan lêgêg ing galih, botên sagêd andugi
puruging tindakipun pangeran, kasaru dhatêngipun utusan saking sang putri
ambêkta papan rontal, enggal katampèn sarta lajêng kawaos, suraosing sêrat
saking Sang Pangeran Warihkusuma ngaturi uninga ing rawuhipun sang pangeran,
sarta kyai patih kaaturan rawuh ing pasanggrahan. Kyai patih kagèt ing galih,
bingah amarwata suta kados manggih sêsotya ingkang dhumawah saking ing langit,
enggal tindakipun dhatêng ing taman anganthi ingkang putra Radèn Udakawimba,
rawuhipun ing taman kapêthukakên sang pangeran sarta lajêng gapyuk arêrangkulan
sami angrêntahakên waspa. Kyai patih matur: kangjêng pangeran, ingkang alus ing
budi, ingkang ngagungakên paramarta, ingkang sagêd angecani manahipun têtiyang
alit, ingkang wicaksana bèr budi, ing mangke
--- 56 ---
panjênêngan paduka kula angkat dados
susuhunanipun têtiyang ing nagari Tuban, lajêng paduka tampèni sapunika kalayan
panuwun agêng yèn karaton wau pêparingipun rama paduka Sang Prabu Sindupati
ingkang sampun suwarga, kula namung sadarmi ngampil salêbêtipun nagari ara-uru,
ing mangke paduka pulihakên risakipun, dene putranipun rayi ijêngandika Sang
Prabu Warsakusuma ing samangke taksih timur sawêg kula prêtêk ing piwulang,
sapunika têtêpa dados putra paduka pambajêng sarta diwasanipun kula suwunakên
kaangkata dados pangeran adipati, dados panjênêngan paduka nama jumênêng anyêlani.
Mênggah atur kula ingkang makatên samantên wau sampun muphakat kalihan prikônca
kula wadana jawi lêbêt, ingkang punika punapa taksih wontên ingkang nalisir
saking ing lêrês.
Sang pangeran botên sagêd maoni
karsanipun kyai patih dening sampun anglênggahi lêrês, ananging salêbêting
galih dhatêng ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba sangêt botên sarju, awit
punika tunggakaning kêmadhuh, ewadene sinamun ing netya botên wontên antawising
pinggêtipun ing galih, pangunandikanipun: gampang
--- 57 ---
masalahe besuk yèn aku wis jumênêng
ratu sarta patutan karo yayi dèwi, Si Udakawimba iku prakara apa. Sang pangeran
ngandika: uwa patih kula namung andhèrèk punapa sapangrèhing patih wisesa
ingkang sampun sabiyantu kalihan para nayakaning praja: kados sariranipun uwa.
Pun Udakawimba punapa ingkang wontên ngarsanipun uwa punika.
Inggih punika putra paduka Radèn
Udakawimba, nanging wiwit miyos kula wimbasara wontên ing kapatihan, botên nate
pêpanggihan kalihan ingkang ibu.
Prayoginipun ing mangke kula pundhut
wontên ing kadhaton.
Kula nyumanggakakên sakarsa.
Sang pangeran lajêng kondur
angadhaton, kalihan ingkang rayi Dèwi Wrêsti saha ingkang putra Radèn
Udakawimba, wiwit punika kapanggihipun kalihan ingkang ibu andhèrèk wontên
salêbêting kadhaton.
Antawis wolung dintên sang pangeran
lajêng jumênêng nata saking pangangkatipun kyai patih sarta para nayakaning
praja, mawi sêsuruhan para ratu ingkang têpang watês kalihan jajahanipun
[jajahani...]
--- 58 ---
[...pun] nagari Tuban,
pakurmatanipun agêng, ajêjuluk Sang Prabu Warihkusuma, kajèn kèringan dhatêng
para ratu sanèsipun, awit saking misuwuring kawasisanipun kridhaning pêrang,
jumênêngipun Sang Prabu Warihkusuma lulus botên wontên sangsayanipun, nanging
kalihan ingkang rayi kêlajêng botên sagêd apêputra.
Kyai Patih Toyamarta sangsaya sêpuh,
sarta sampun botên kuwawi ngêmbat nagari, lajêng nyuwun kèndêl, saha narimah
namung dados tuwangga nama wiku wontên ing wukir, panuwunipun kaparêng sarta
kaparingan pêpancèn siti kathah minôngka dhaharipun, ingkang kakarsakakên anggêntosi
bupati tamping putranipun pambajêng kyai patih anama Arya Toyatuli. Wondene
putranipun kyai patih têtiga, ingkang anèm kêkalih sami dados nayakaning praja
sami limpad-limpad ing budi nanging botên kapilih, ingkang sêpuh kirang
mangrêtos inggih Arya Toyatuli wau, mila karsanipun ingkang rama kyai patih:
Arya Toyatuli namung kapacak dados bupati tamping kemawon, mênggah karsanipun
sang prabu anggènipun ngangkat Arya Toyatuli dados patih supados botên badhe
--- 59 ---
maoni karsanipun sang prabu, awit
sang nata taksih simpên wêwados, sampun ngantos kajodheran karsanipun dening
pamambênging pêpatih, mila amilaur ngangkat bupati tamping, aling-alingipun
misudha dhatêng waris ingkang wajib. Inggih punika putraning patih ingkang
sêpuh piyambak, wondening karsanipun sang prabu ing dalêm batos, Radèn
Udakawimba badhe kasirnakakên.
Kacariyos Radèn Udakawimba sampun
yuswa 15 taun, diwasa kalawun-lawun tanpa pinardi dhatêng ingkang rama sang
prabu, sang bagus wiwit anggraita sêpên ing pangajêng-ajêng yèn ta kaangkata
pangeran adipati anom, awit sangêt dipun cêri-cêri dhatêng ingkang rama sarta
asring sinungan ujar ingkang angêrês-êrêsi turasing ratu angkara, Radèn
Udakawimba putêk ing galih, dhatêng ingkang ibu botên sakangsalan, awit kirang
kulinanipun, kalih dene malih ingkang ibu sangêt ajrih dhatêng ingkang rama,
osiking galih botên sande badhe sangsaya kadaud-daut risaking sarira bilih
ngantêpi pasuwitanipun dhatêng ingkang rama, prasasat angêntosi timbuling watu
itêm, Radèn Udakawimba ing wanci dalu anis saking kadipatèn, tanpa
--- 60 ---
kanthi tindak nurut lampahing toya
bênawi lêpas lampahipun.
Enjing kauningan ing sang prabu:
lolosipun Radèn Udakawimba, sang nata apigugup sarta adhêdhawuh kinèn
ngupadosi, nanging bilih botên sagêd kapanggih kadhawuhan sami wangsul kemawon.
Ingkang ibu sang pramèswari muwun wontên ing kadhaton, lajêng angimur dhatêng
ingkang raka, sang prabu sagah amulari piyambak, botên ngantos lami utusanipun
sang nata sampun sami wangsul ngaturakên tiwasing lampah botên wontên ingkang lêbda
ing karya, ical larinipun, sang prabu botên gita malah dhawuh ingandikakakên
sami kèndêl kemawon, sampun ngantos wontên ingkang rêraosan bab murcanipun
rajaputra.
Gêntos kacariyos ing padhukuhan
Sumbêrêja: Kyai Agêng Wulusan, mêntas kadhatêngan sayid saking Ngarab anama Sèh
Jumadil Kubra bin Mukamad Daos, mêdharakên sakathahing ngèlmi saraking rasul,
Kyai Agêng Wulusan kalindhih kawruhipun lajêng anggêguru, malah lajêng
tinetesan ing ngèlmi kasampurnan, panunggaling kawula Gusti,
--- 61 ---
sumêrêp ing sangkan paran, saking
sêngsêmipun lajêng tilar agaminipun Buda dalah kadang warga sarta rencangipun
sadaya, sami manjing agami Islam, mungkul ibadahipun, ngadêgakên barjumungah,
adamêl masjid agêng, surambinipun panjang têpang kalihan griya pawèstrèn kiwa têngêning
masjid, kinubêngan toya balumbang, sirahing toya saking lambunging ardi
gumrojog anjog ing parang pêpongol, salaliman ingkang ambandhing cêlak jurang
sirung, lajêng tinambêng ing tambak sela tala lubèr mili agêng ing lêlêngkèh
èrèng-èrènging ardi, sinusuk kangge margining toya ngalêmpak lajêng angoncori
têtanêman ing asrama, wontên ingkang kasudhèt malêbêt ing capuri masjid angjog
ing balumbang, toyanipun mili akimplah-kimplah adamêl sêngsêmipun para ingkang
sami sêmbayang dhatêng masjid.
Kyai agêng adamêl langgar wontên
sakilèning pandhapa kêlêtan kêlir laleyaning capuri, rintên dalu wontên ngriku
têkabul ngèlmi, sinambi mêmulang para siswa ingkang kinasih, dene
pamulanganipun agêng wontên ing surambi, gurunipun kyai pangulu sarta para
katib, rintên dalu botên wontên kèndêlipun sami tilawat Kuran.
--- 62 ---
Gêntos kacariyos lampahipun Radèn
Udakawimba turut bênawi dumugi ing dhukuh Sumbêrêja, ngongkang bênawi
mêngkêrakên rêdi, kiwa têngênipun pasabinan êloh toya pating srèwèh, Radèn
Udakawimba lajêng malêbêt ing dhusun sumêrêp masjid agêng ing surambi kathah
lare sami ngaos, Radèn Udakawimba lajêng nunggil kalihan lare kathah,
kadêngangan dhatêng kyai pangulu: dipun pitakèni, thole kowe bocah saka ing
ngêndi aku nêmbe tumon, lan jênêngmu sapa. Radèn Udakawimba mangsuli, kula lare
saking nagari Tuban, nama kula pun Udakawimba, pisowan kula badhe andhèrèk
ngaos wontên ing ngriki, kyai pangulu rêsêp aningali dhatêng warninipun Radèn
Udakawimba bagus mêrak ati taksih lare, lajêng dipun parentahi: thole mêngko
bubar ngaji kowe milua aku bae, tak opèni ana ing omahku, nyambia angon kêbo,
pangonku kurang siji. Kacariyos Radèn Udakawimba kèndêl wotên ing griyanipun
kyai pangulu, sabên wanci lare ngucul tumut angèn maesa dipun sambi kalihan
damêl ringgit rumput dondoman, dangu-dangu lajêng damêl isthaning driya,
tumuntên damêl [da...]
--- 63 ---
[...mêl] kadhaton mawi bètèng sarta
jagan angèmpêr-èmpêr kadhatonipun ingkang rama, katingal angrêmênakên, Radèn
Udakawimba pancèn wasis dhatêng pakartining kriya, salêbêting manah saupami
wontêna bôndha baunipun kadugi adamêl biting santosa ingkang angèl kabêdhah ing
mêngsah, ing batos amaoni kadhatonipun ingkang rama, dene katingal ringkih
sarta tanpa wêwados, gampil kabêdhah ing mêngsah, bobotipun Radèn Udakawimba taksih
lare sampun gadhah gagasan samantên, saiba diwasanipun kados botên kenging
cinakrabawa ing sanès, èngêt-èngêt têdhaking ratu prajurit dhasar wijiling
amaratapa aluran saking kaki. Bilih sampun wanci anggiring, Radèn Udakawimba
dhatêng ing masjid sinau ngaos, enjing sontên makatên lampahipun, botên ngantos
lami sampun limpad angungkuli lare kathah, kauningan dhatêng Kyai Agêng
Wulusan, Radèn Udakawimba katimbalan dhatêng ing langgar kilèn pandhapa, kèrid
dening kyai pangulu, Radèn Udakawimba anoraga lênggah makidhupuh, Kyai Agêng
Wulusan pirêna ing galih aningali warninipun Radèn Udakawimba, bagus mêrak ati
pamulunipun [pamulu...]
--- 64 ---
[...nipun] manis, dhasar trêpsila
tajêm polatanipun.
Kyai Agêng Wulusan ngandika dhatêng
kyai pangulu. Pangulu si Udakawimba tak jaluk ngèdhêg ana ing ngarêpanaku,
karêbèn ngaji kitab, karo arêp tak wuruki pasèhing pangajine.
Kula sumôngga.
Radèn Udakawimba rintên dalu wontên
ngarsanipun Kyai Agêng Wulusan, winêlêg ing piwulang, sadaya piwulang kacakup
botên wontên ingkang kècèr, sangêt lêganing galihipun Kyai Agêng Wulusan
pikantuk murid landhêp manahipun, Radèn Udakawimba tumuntên badhe katetesan
ngèlmi sajati. Radèn Udakawimba botên mawi sêmang-sêmang andhèrèk karsanipun
Kyai Agêng Wulusan, anuju satunggiling dintên sampun bakda sêmbayang ngisa
Radèn Udakawimba katimbalan kadhawuhan malêbêt ing langgar, botên kêlilan maos
kitab, dipun pangandikani: jêbèng wis mangsane kowe nampani pitutur jati,
pêrlune ing têmbe bakal dak wêjangake ana môngsa loro, saiki sinaua sumurup
gêlaran wiriting Pangeran, wis ditêmbangake karo kang jalela, lah iki layange
wacanên tak rungokne.
--- 65 ---
Nuwun inggih sandika.
Pangkur
Pangkur wuryaning gitaya / sadurunge
kaki sira dumadi / anèng ngêndi dunungipun / yêktine saking ora / bapa biyung
dadi lantaran tumuwuh / tan nêdya yoga mring sira / mung nêkakkên ardèng budi
//
tibaning kang rahsa mulya / nèng
manikêm urip lawan pribadi / bundêr samrica binubut / kumêdut salaminya /
sumrambahing angga bisa dadi wujud / bayi lair sing wêtêngan / dadi manungsa
sajati //
kadunungan pôncadriya / kapiyarsa
panggèn dalan pangèksi / pangucap lawan ciptanung / nanging durung têtela /
awit durung kadunungan rasa tuhu / ri wusnyantuk rasa tama / mundhak-mundhak
sabên ari //
nganti praptaning diwasa / pôncadriya
jumênêng lawan titi / bisa angrungu angambu / wêruh lawan angucap / tômpa saka
isbatujait liripun / yèku warah saking liyan / mula jimatun wus tampi //
aran têtêp tinêtêpan / luwih èlèk
dayaning sanubari / beda-beda ciptanipun / kang aran Johar Ngaral / lamun sira
nyipta barang kang durung wruh / Johar Parit lamun sira / nyipta barang kang
wus uning //
lawan datu maulana / lamun sira
nyipta angganta kaki / pinindha mlaku [mla...]
--- 66 ---
[...ku] lan lungguh / anèng
panggenan liyan / sakêclapan ing kene sayêkti suwung / katon ngalih anèng kana
/ byaring tyas wus ngrasa bali //
pusaka pudya kidungan / pandhitadi
aran rêsi artati / Artadaya kang jêjuluk / karya gita pralambang / anênangi
sanggyaning kang mudhapunggung / isine kang wuluh wongwang / suwung obah kênèng
angin //
tapake kontul anglayang / manuk
mibêr muluk ngungkuli langit / kalawan gigiring punglu / kuda ngrab ing
pandêngan / wêkasaning langit lan jaladri agung / tanggal pisan kapurnaman /
sêntèg pisan anigasi //
kabèh dayaning budaya / anganakkên
cipta lan siring ati / pinindhana: watêsipun / lan ana tilasira / apa dene
kinira sapisan cundhuk / kalawan panjêring nala / rampunging babar pisani //
pralambang bumi pinêtak / duhkitèng
tyas lumèngkèt tan ngêndhani / kanang pawana tiniyub / yèku bantêring manah /
ciptèng nala lumaku rosaning bayu / apèk gêni adêdamar / wong ngangsu pikulan
warih //
yèku pacanging tyastama / gung
ngupadi undhake kawruhnèki / tanapi kang banyu kinum / yèku adhêming manah /
angungkuli adhême kang tirta salju / dahana murub binakar / yaiku panasing ati
//
luwih
--- 67 ---
panasing dahana / lan srêngenge pine
padhanging ati / sumêblak nora kêbundung / dening ima manampak / lawan malih
pralambang galihing kangkung / iku hawa datan obah / ngêdhêm sajroning ginaib
//
susuh angin ngêndi gonnya / upadinên
ing dalil Kuran muni / waladahu wakaribun / minkibaril warita / Gusti Allah
rêrakêtan dunungipun / lan rasa nikmat mupangat / anèng gon ingkang winadi //
kusuma anjrahing tawang / pindha
kombang angajab tawèng sêpi / iku tirtaning kêmumuh / lamun têdhuh kawuryan /
lir angganing kapuk kataman ing banyu / mratani madyaning jagad / iki
pralambang artati //
lan manèh sambunging tata /
sinukarta rinambahakên malih / kodhok ngêmuli lèngipun / raga môngka canthuka /
anèng ngêrong yèku nyawa isbatipun / karsane kang karya tita / raga angêmuli
urip //
kang rôngka manjing curiga /
munggèng jawi isbate ponang ragi / yèku anglungguhi suwung / môngka lamun
supêna / antuk jaman sayêktine nora mêtu / upama bisa umahya / murut marang
têpêtsuci //
randhu alas nut sembukan / randhu
alas isbate punang ragi / sembukan nyawa liripun / kalamun raganira / pisah
lawan jiwanta
--- 68 ---
sayêkti layu / bali marang ananira /
yèku sampurnaning pati //
ana manuk bango buthak / lamun
ngêndhog nèng ngênthak-ênthak sêpi / dene kalamun jinupu:k / juga obah sadaya /
kang kadyèku awang-awang uwung-uwung / kang dinumuk ora kêna / anèng jagad
anglimputi //
suwunge amêngku ana / kang winêngku
udara lawan angin / udara nora lumaku / angin katon lumampah / awit saka kasorotan
sang hyang banu / bisa nangèkakên panas / udarobah dadya angin //
cublak suwêng suwêngira: / si
gêlèntèr mambu kêtundhung mundhing / êmpak êmpong lira-liru / iyèku swasananta
/ mlêbu mêtu ingaranan lira-liru / ing suwung kang mêngku ana / mungguh
sajroning aurip //
cebol arsanggayuh lintang / janma
lumpuh bisa ngidêri bumi / angên-angên jatinipun / lan manèh ingkang wisma /
kang tan mambu gêgaman apa liripun / iyèku ciptaning manah / nganakkên rupaning
panti //
beda ingkang aran wisma / dudu wisma
yêktine suwungnèki / lawan malih sualipun / êndi guru sanyata / tan yyan
angên-angênira: wit amêngku / pangadilan amongraga / jaksa patih pangulu ji //
lan manèh ki bale atma /
--- 69 ---
êmoh lara kalawan êmoh mati / môngka
raga kang kêtêmpuh / kêna ing lara pêjah / marma kaki kang awas tibaning sêmu /
nanggulang karsèng murkèngrat / wit raganta kang nglakoni //
anadene kang udara / jagad gêdhe
kalawan jagad cilik / yèkti tanna bedanipun / napas mêtu ing grana / nupus mêtu
tutuk abab aranipun / tênapas mêtu ing karna / anpasing netra umijil //
anpusakum mêtyèng raga /
rêngganganing kanang swanita mijil / wuta tuduh marga tuhu / angambu antuk
gônda / katampaning ati wêruh dunungipun / sinidikkên datan cidra / yêkti
gandaning mêmanis //
kang aran talining gêsang /
swasananta tan kandhêg rinawêngi / tanpa pakon lampahipun / iyèku aran nyawa /
balik sapa iya ingkang ngajak turu / lawan ingkang ngajak gêsang / tunggale
kang ngajak mati //
sapa kang karya ambêkan / wit udara
mênêng datan lumaris / obahe iku kêtundhung / dening maujud liyan / iya iku
tunggale kang ngajak lampus / ngêbut ênênging udara / dadyambêkan manjing mijil
//
lira-liru datan pêgat / U: umanjing
Allah: wêdalirèki / salat daim aranipun / puji tan kênèng pêgat / cêdhak lawan
susuh
--- 70 ---
angin dunungipun / yèku marga
parapatan / kumpuling rahsa sakalir //
sanggyaning para malekat / Jabarail
Mingkail lan Ngisrapil / Ngijrail lan Ngijajilun / padha amasang gêlar /
angrêridhu gumiwanging tyas mrih dudu / marma kaki ywa pêpeka / yèn luput ambilaèni
//
sapa kang bisa narbuka /
wadiningrat: antuk rahmating Widhi / yèku tirta kamandhalu / panglêburing
cintaka / kaarsayan kamoitan wus kapungkur / mung nikmat lawan mupangat / lir
rasa jingga taruni //
Durma
al islamu: dabikul nupusatina / min
sèpi muklipatin / kang ingaran Islam / wong kang bisa amragat / ing nêpsunira
pribadi / pamragatira / ing pêdhang nulayani //
antamutu kabêlalmutu jarwanya / mati
sajroning urip / ing ngêndi marganya / walahu karibuna / yèku min kibaril warit
/ Allah rakêtan / ing unggyan kang winadi //
walaohu layukayapu artinya / Allah
iku tan kêni / yèn kinayangapa / miyarsa tanpa karna / angandika tanpa lathi /
lamun tumingal / tanpa netra udani //
kang ingaran nênggih sipat kalih
dasa / wujud ananing Widhi / kidam matismaya / bakal langgêng tan owah / mokal
lapah lil kawadis / bèdèng kaanan [kaana...]
--- 71 ---
[...n] / kiyamu binapsihi //
iya iku jumênêng kalawan dhawak /
wadoniyah sawiji / kudrat kang kuwasa / iradat aran karsa / ngèlmu kawruh kayat
urip / samak miyarsa / dhasar wruh kalam angling //
pan kadiran kuwasa muridan karsa /
ngaliman kang undhagi / kayan ingkang gêsang / samingan kang miyarsa / basiran
ingkang ngawruhi / muntakaliman / iyèku ingkang angling //
pikukuhing Islam pan limang prakara
/ sadat ingkang rumiyin / waashaduana / lailaha ilullah / waashaduana nênggih:
/ Nabi Mukhamad / iya rasulullahi //
satuhune pan ora ana Pangeran /
nanging Allah sayêkti / pan satuhunira / Kangjêng Nabi Mukhamad / utusaning
Maha Suci / artining sadat / ngandêl marang Hyang Widhi //
kaping kalih ashaduana ilaha /
ilaana kang arti / satuhune nora: / nana aran Pangeran / nanging ingsun kang
mandhiri / angandêl marang: / angên-angên lan eling //
kang kaping tri: ashaduana ilaha /
ilahuwa kang arti / satuhune nora / nana aran Pangeran / nanging suwung kang
mandhiri / angandêl marang: / jumênêngirèng ghaib //
kaping catur ashaduana ilaha / illa
anta kang arti / satuhune [satuhu...]
--- 72 ---
[...ne] nora / nana aran Pangeran /
nanging kudrat kang mandhiri / angandêl marang: / ana lawan pribadi //
kaping kalih salat warna ro winahya
/ juga salat ngabêkti / subuh lohor ngasar / mahrib kalawan ngisa / ping kalih
ran salat daim / swasananira / lumaku manjing mijil //
iya iku puji kang tan kêna pêgat /
u: kalamun umanjing / utêg têgêsira / Allah: kalamun mêdal / angên-angên lawan
eling / swarèng sasana / yèn suptagung kapyarsi //
kang kaping tri jakat warna ro
winahya / juga jakat wèh picis / miwah rajabrana / lawan eklasing manah / dwi
jakat danakkên kardi / myang kabêcikan / nanging kang sêpi pamrih //
kaping catur wong pasa tiga winahya
/ juga ngam datan bukti / sarupaning pangan / nanging lamun tan bêtah / nginang
udud iku kêni / noraran batal / dwi kas yèku tan bukti //
sarupaning pangan apadene kinang /
lan udud nora kêni / tri wong pasa aksa / iku sasênêngira / nanging ywa lali
ngabêkti / riwusing nadhah / mrih antuk sihing Widi //
kaping lima khaji warna ro winahya /
juga wong munggah khaji / mring nagari Mêkah / laju maring Madinah / nujum
astana jêng nabi: / dinil mustapa / nayakèngrat sinêlir //
--- 73 ---
salallahu angallaihi wasalam / dwi
têgêse wong muphti / sajatining Islam / wallahu karibuna / yèku minkibaril
warit / Allah rakêtan / lan unggyan kang winadi //
kang ingaran: sarengat iku
sêmbahyang / lan anut rèhing nagri / tarekat tatanya / sapa ingkang sinêmbah /
lan apêpatut mèstuti / agnyaning praja / ywa kongsi salah dalih //
de kakekat manêmbah sabênêrira / lan
manut rèh kang titi / komram ing sapraja / makripat kinawruhan / ya nêmbah kang
tanpa budi / lan manut prentah / ywa tan wrin kang kinardi //
kang ingaran: lêluri dayaning kudrat
/ kayata: bayi lair / warnane ki jabang / nêmu saking kaanan / pêpak
saranduning dhiri / tur yayah rena: / nira tan ngrasa ngukir //
de nalaring yèku bayi sinusonan /
karo-karoning tunggil / bisa tanpa ajar / nêtêpi prajanjian / saking
lêluhurirèki / nganti tan ngrasa / amung nêtêpi wajib //
de ngakali yaiku bayi dinadah /
nglêstarèkkên pakarti: / nira janma wrêdha / pênêt kadadiannya / sumambung
tumrahing wuri / tur kinurmatan / pêncar praptèng samangkin //
de ngadadi: bêbayi pinulasara /
wusing diwasa nuli / pinardyèng piwulang / dening yayah renanya [rena...]
--- 74 ---
[...nya] / ing kawruh sabilik-bilik
/ pangarahira: / ywa kongsi tibèng nisthip //
kang ingaran: dat sipat asma: apêngal
/ yèku rupa sawiji / dat: araning rupa / sipat: tandhaning rupa / asma
jênêngirèng warni / miwah apêngal: / panggawenirèng warni //
kang ingaran: wajib wênang: lawan
mokal / yèku asmaning Widhi / wajib: sinêbuta / lan wênang: ingandêla / nanging
mokal wujud dadi / awit tan ganjar / mulung saking ngastèki //
dalil Kuran: bakaratan waasila /
esuk sore mèngêti / ananing pangeran / mung yèn ing wayah rina / yèn wêngi
kêkês murinding / kêndêl swuh sirna / têpa luh wèh mêmanis //
Dhandhanggula
ciptèng nala nora maro kapti / kang
katampan dening woding prana / lir pangrasa upamine / lêbda mangapus kinung[14] / nanging nora bisa anyambi / pakarti liyanira / beda kang
winuwus / rasa bisa maro karsa / angrasakkên lêgi atanapi pait / barêng padha
kêrasa //
netra ugi bisa maro kapti / kadi ta
anon lintang rêmbulan / dinulu katon karone / grana bisa angambu / bêbarêngan
wangi lan pêsing / karna amaro karsa / awit bisa ngrungu / unining bêndhe
--- 75 ---
angangkang / bêbarêngan lawan
jumêdhoting bêdhil / mung dhêle kang kapyarsa //
pagawean tumindak pribadi / obahe
lawan nora ingagnya / lembehan lumaku kêdhèdhèp /[15]
lêluri aranipun / dene lamun dipun owahi / binarêng kang lembehan / anjog yèn
lumaku / kang kêdhèp pyêke ginantya / angowahi lêluri ran jirim jisim / yèku
agnyaning driya //
kang ingaran Mukhamad kakiki /
jumênêng kita lawan priyôngga / têlung prakara adêge / Mukhamad jaba milu /
raga kita ingkang sajati / Mukhamad jêro ana / jro paesanipun / Mukhamad kadim
awarna / wêwayangan kang ana sajroning manik / mêngku têlung prakara //
iya iku rasul awarna tri / juga
rasul jaba pratandhanya / yèn krasa gatêl awake / rasul jro kalihipun /
angrasakkên lêgi lan gurih / rasul kadim ping tiga / krasa jroning turu /
kapenak lan tan kapenak / apadene ngrasakkên panganan adi / nir rasane sanyata
//
maol kayat yèku banyu urip / utawa
tirta ingkang nirmala / sastrajendrayu wus dene / bunbunan kang kumêdut /
ingaranan panggonan suci / yèku betal mukadas / lan pujining rasul / yèku
kêkêtêking jaja [ja...]
--- 76 ---
[...ja] / apadene pujining roh tuwuh
sidhi / kêdut kêtêking tangan //
Nur Mukhamad lir soroting rawi / iya
iku wayanganing netra / lawan pinêtêl katone / praptaning môngsa layu / yèn tan
keguh kagodhèng eblis / ing kono dunungira / amanggih swargagung / mung rasa
nikmat muphangat / limut marang kaananirèng dumadi / tan jalu tan wanita //
dalil Kuran ana ingkang muni / betal
makmur ênggon paramean / yèku utêk angêmbêng we / wor tirta kamandhalu / angêbêsi
otot kang manjing: / ing netra lan ing karna / ing grana myang tutuk / yèn asat
kang tirta marta / anuwuhkên rogèng raga angranuhi / luput-luput antaka //
Kyai Agêng Wulusan têlas
piwulangipun dhatêng ingkang putra Radèn Udakawimba, kasok sihipun, malah
salêbêting galih: Radèn Udakawimba badhe kapupu kapundhut mantu piyambak,
nanging dèrèng kawêdhar, awit Rara Sêndhang dèrèng diwasa.
Kacariyos Radèn Udakawimba
karêmênipun anênêpi dhatêng ing rêdi-rêdi sarta ing jurang-jurang, pinambêng
dhatêng ingkang rama Kyai Agêng Wulusan: botên kenging. Galihipun [Galihi...]
--- 77 ---
[...pun] Radèn Udakawimba kados
rinujit kèngêtan sariranipun dhumawah ing papa sande dados gêgadhanganing
satriya ingkang binadhe raja, ing wanci bakda sêmbahyang ngisa nilapakên
ingkang rama kesah nênêpi dhatêng ing rêdi kados sabênipun, nuju wulan purnama
hyang sitarêsmi katawêng ing imalaya nipis rumamyang katingal lumampah badhe
oncat saking pêpêtêng, lintang-lintang sami surêm sorotipun kados dening
kênyaring sasôngka rudatos angêmu susah, lampahipun Radèn Udakawimba dumugi
sukuning rêdi Kênaka, wontên guwanipun panêpèn, angongkang jurang ingkang
angubêngi rêdi, rêdi Kênaka botên patos agêng nanging mênggêr, antawis namung
saêpal mubêng, lambunging rêdi ingkang sisih kidul mêdal toyanipun lajêng mili
mangilèn angoncori pasabinan ing Sumbêrêja, ingkang lèr kalèthèkan jurang
ambambing, radèn sare wontên ing guwa alèmèk ron palasa aking, akajang sirah
tugêlan kajêng sêmpu, sadalu amêrêm mêlik botên sagêd sare ngantos mèh gagat enjing,
botên amanoni utawi botên angsal sasmita punapa-punapa, kakên galihipun lajêng
sare pisan. Ing wanci byar hyang aruna nyoroti lawanging guwa,
--- 78 ---
Radèn Udakawimba wungu saking sare
kagèt aningali sadhasaring jurang nyrêmomok kados wana kawêlagar, dipun
waspaosakên têtela yèn wontên mrêngangah abrit dening kasorotan padhanging
srêngenge, radèn eram ing galih dene wontên kêtingal anèh salêbêting jurang,
sêkunging galih badhe kanyatakakên dhatêng ing dhasar, Radèn Udakawimba lajêng
mudhun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih undhak-undhakan sela cêndhani
sampun katutup ing rumput mêrakan, radèn eram ing galih dene undhak-undhakan
wontên ing jurang, lajêng gampil udhunipun, namung kantun miyak rêrungkudipun,
dumugi ing ngandhap: Radèn Udakawimba sumlêngêrên aningali wêdhinipun abrit
kawoworan mas ore sarta sêsotya amôncawarni, katingal pating karêlip, saha eram
malih têtela yèn ingkang katingal abrit wau tutuping kori gapuraning kadhaton:
têmbaga sari kagêmbêlèng, wontên sorogipun agêng taksih manjing, kori lajêng
kawêngakakên gampil kemawon, byar katingal candhi kadhaton salêbêting guwa,
kados punapa kemawon eraming galihipun Radèn Udakawimba, [Uda...]
--- 79 ---
[...kawimba,] saha eram malih dene
salêbêting guwa kados kaswargan sagêd padhang kados kapadhangan ing diwangkara,
botên sumêrêp bilih sampun wontên pintên-pintên bolongan margi angin ambêkta
pêpadhang saking jawi, Radèn Udakawimba lajêng malêbêt dhatêng kadhaton, dumugi
kori agêng kèndêl aningali rêrêngganing kori, tutuping kori gêmbêlèngan salaka
pêthak, tinatah ing kênaka angrawit, têbênging kori wontên sasêratanipun
budakala, mungêl: Sang Prabu Kalapardha, iya Sangkalawêrdati, gêgunungan utawa
ratune para diyu rasêksa kang adhêdhôngka saubênging guwa-guwa sarta
gunung-gunung talatahing nuswa Jawa kang angrênggani sarta akadhaton ing
Tirtakandhas.
Radèn Udakawimba sawêg sumêrêp yèn
punika kadhaton ing Tirtakandhas, ing galih ragi ajrih bilih taksih
rêksasanipun, nanging ing sêrat pêpakêm cariyos purwa Prabu Kalapardha sampun
tumpês sawadyabalanipun kala andhustha Dèwi Erawati dening Wasi Jaladara sarta
Radèn Pamade. Amargi saking nyênyêtipun botên wontên sabawa kêmirêng, nelakakên
suwêngipun kadhaton, [kadhato...]
--- 80 ---
[...n,] mila Radèn Udakawimba sirna
sumêlangipun, korining kadhaton lajêng kasorog mênga, sangêt eraming galih dene
botên wontên ingkang katingal rêpit, sadaya taksih wêtah ayam, rêrêngganing
prabasuyasa sarwa êmas, radèn lajêng ambikaki gêdhong-gêdhong salêbêting
kadhaton, sadaya kuncinipun taksih sami manjing ing inêbipun piyambak-piyambak,
pintên-pintên rajabrana karaton taksih pêpak, tuwin bêkakas dhahar sawa êmas
tuwin salaka, wusana ambikak gêdhong rajabrana, ing ngriku kalêmpaking donya
arta mas sarta salaka pintên-pintên kulah, mas ore sampun kawadhahan ing êncèh
agêng: pintên-pintên kathahipun, Radèn Udakawimba mangartika salêbêting galih:
yèn rajabrana iki lêstari kaduwe ing aku kabèh, kasugihaku angungkuli para ratu
ing ngalam dunya kang misuwur dhewe. Nanging yèn luput-luput sêmbire nganti
kauningan ing ratu kang ambawahake padhukuhan ing Sumbêrêja kene wurung sugih:
rajabrana kadarbe ing liyan, awake malah kaparentah.
Radèn Udakawimba sampun
kacariyosakên ing ngajêng yèn lantip yêyasan pakartining kriya, kagungan osik
[osi...]
--- 81 ---
[...k] yèn sapucaking ardi badhe
kadamêl kadhaton, saubênging rêdi kapasangan bètèng, jurang ingkang minôngka
larènipun, jurang Kênaka kabobol anjog ing kadhaton, mawi pipa ingkang
amadhangi margi, dados rajabrana lêstantun wontên ing ngriku, namung kapêndhêt
saking ênggènipun kemawon, dhasaring jurang dados pasimpênan rajabrana agung,
taksih kathah malih osiking galihipun Radèn Udakawimba, lajêng mêdal saking
jurang laju kondur kapanggih ingkang rama. Kadangu dene ngantos siyang sawêg
wangsul, radèn matur bilih katilêman wontên ing jurang. Antawis dangu Radèn
Udakawimba matur dhatêng ingkang rama yèn anggènipun asring nênêpi angsal
kamirahaning pangeran sagêd nyipta wêdhi dados mas ore.
Kyai agêng kagèt mirêng arturipun
ingkang putra, cobage: nyatakna kawruhmu iku, amêsthi aku lan kowe dadi wong
misuwur. Ingkang putra matur: punika botên kenging kasat mata ing sanès: rama,
kêdah mawi salat kajat wontên ing rêdi namung kalayan ijèn. Mênawi kaparêng:
rama namung narimah anampèni saking kula sacêkapipun karsa sampeyan, sarta sakajêng
kula, nanging mênawi kaparêng [ka...]
--- 82 ---
[...parêng] rama sampun mawi
mêmancèni kajêng kula anggèn kula badhe angwêdalakên wragad kathah angrêjakakên
dhukuh ing Sumbêrêja.
Iya: gèr aku bakal nurut ing
sakarêpmu, nanging nyatakna kandhamu iku, dadi ora kaya caturane wong ngimpi.
Mangke dalu kula wangsul nênêpi,
enjing kula wangsul, ambêkta kasagahan kula wau.
Bakda salat ngisa Radèn Udakawimba
tindak kados sabênipun, sarta ambêkta kandhi agêng, dumugi ing guwa lajêng sare
kemawon, enjing mudhun dhatêng ing jurang lajêng malêbêt ing guwa kadhaton,
ambikak gêdhong rajabrana, mêndhêt mas ore sakandhi ngantos kêbak, lajêng
kondur kapanggih ingkang rama. Ingkang rama gita amêthukakên ingkang putra
sarta lajêng dipun jak malêbêt dhatêng dalêm, pratingkahipun kadamêl wados,
bêbêktanipun ingkang putra lajêng pun sok wontên ing bèri salêbêting gêdhong.
Ingkang rama anjêngêr dene wontên mas ore samantên kathahipun, nanging ingkang
putra botên pisan-pisan katingal tumut eram, eramipun sampun katilar wontên ing
jurang kadhaton: ingkang tansah winados, ingkang putra
--- 83 ---
lajêng dipun rangkul sarta dipun
pangandikani: gèr, kowe lan aku bakal misuwur sugih saka rajabrana pêparinging
Allah, aku kang bakal anglêbur mas iki sarta andadèkake dandanan kang akèh
pangajine.
Kacariyos Radèn Udakawimba lajêng
angirup tiyang kriya sami dipun jak gêgriya ing padhukuhan Sumbêrêja, dipun
cêkap kabêtahanipun, botên antawis wulan padhukuhan Sumbêrêja dados nagari,
karsanipun Radèn Udakawimba dipun lêksanani, nyithak banon pintên-pintên kêthi,
ngobong gamping pintên-pintên lumbung, tandho wêdhi ngantos kados rêdi,
kasarêng panggarapipun bètèng sarta pangêburing rêdi, punapadene pangrakiting
kadhaton, tuwin margi agêng têrusan lan margi simpangan, dalasan tanêman
rêrêngganing kadhaton miwah pêpêthetaning margi wau ingkang amurih aub, kajêng
kênari, cêmara tuwin asêm, wringinipun katanêm ing prapatan, kagalih sarênga
dadosipun, amargi saking kawasisanipun Radèn Udakawimba: dadosing nagari brêng
kados nagari tiban, uparêngganing kadhaton sarwa kancana, kori jêplakan ingkang
manjing ing guwa dhasar: winadi, sumingit [sumingi...]
--- 84 ---
[...t] ing lengkonganing paningrat
panêpèn, tinatanan rêrêngganing pamujan asarwa kênaka, bilih kabikak
bolonganipun bundêr pindha pipaning margi angin, wontên timbalanipun bêsatan
tarikan sarta uluran kawat balêdhèg, sakêdhap sagêd dumugi ing ngandhap,
sakêdhap sampun wangsul dumugi ing nginggil, sanadyan tukangipun ingkang sami
nandangi botên sumêrêp kajêngipun, sarta botên sumêrêp dhasaring guwa, wêdaling
prabeya sadintên-dintên ambèr kados udaling umbul ing môngsa rêndhêng, têtiyang
alit ingkang sami nyambut damêl sadintên-dintên tanpa wicalan, kathah ingkang
lajêng sami anjrak tumut gêgriya ing padhukuhan Sumbêrêja. Èrèng-èrènging rêdi
sacêlaking margi agêng kasipat kadamêl pakampungan, trêping griya
atharik-tharik tiningalan anglam-lami.
Kacariyos Kyai Agêng Wulusan tansah
ngalêmbana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, botên nyana bilih padhukuhan
Sumbêrêja enggal dados nagari agêmah arja, mirah sandhang pangan, para juragan
sampun kathah ingkang sami dhatêng sarta adamêl pamondhokan agêng. Ciptanipun
kyai agêng: Radèn Udakawimba tumuntên badhe kapundhut [kapundhu...]
--- 85 ---
[...t] mantu, awit Rara Sêndhang
sampun nêdhêng birai.
Radèn Udakawimba kondur dhatêng
padhukuhan kangên badhe kêpanggih kalihan Kyai Agêng Wulusan, wanci wimbaning
sandyakala: anjujug ing panêpèn, kados sabên-sabênipun, kaprêgok Rara Sêndhang
mêntas angladosakên wedang jae dhatêng ingkang rama, sang rara sampun nêdhêng birai
sarta sampun wiwit jajal-jajal ngagêm kasêmêkan, awit bilih dipun mêkaki sampun
ambaludag, ananging taksih sabukwala, amargi taksih kidhung pangagêming
kasêmakan, dados tansah marucut, dilalah kapêthuk radèn bagus, sang rara gugup
ambênakakên kasêmêkanipun, nanging pucuking kasêmêkan kêsupèn taksih dipun
cêpêngi ing asta kiwa kemawon, pun jajal-jajal adamêl bilai anjalari
baludhaging toya bênawi botên kêpambêng ing setubanda, nampyuk galihipun sang
pangeran, kêlêm kabalabak dening karoban ing mêmanis, sang juwita enggal oncat
malêbêt ing dalêm, sang pangeran kantun anggana sumingêb kados kasabêt ing
poncot kasêmêkan ingkang mawa wisa mandi, tujunipun kêngengehan sagêd ningali
kicating pada jumangkah katingal gumêbyar dening kawingkising sumilakipun [sumilaki...]
--- 86 ---
[...pun] poncoting tapih,
kêlap-kêlap kados wêrdu gangga lumampah ing wanci dalu, nanging têka dados
usada: botên, malah dados wisuna agêng adamêl rontog sarta rujiting galihipun
sang pangeran. Lêbêtipun ing panêpèn Radèn Udakawimba sampun katingal anandhang
brôngta kenging sambanging putri lêlampah. Ingkang rama anggraita pêthuk
kalihan karsanipun, ing batos badhe panantunipun kados botên madal sumbi.
Ingkang rama gita anapa. Radèn, nganti lawas têmên ora ngendhang-endhangi
mulih.
Inggih rama, amargi saking
kathahipun padamêlan ingkang kula kajêngakên sarta kêdah kula lêrêsakên
piyambak, ing mangke saking pangèstu sampeyan, prasasat sampun rampung
aparipurna.
Sukur: ênggèr, nanging pangrunguku
gonmu yasa omah angimba-imba kadhaton, sarta bètèng samono ambane iku apa ora
nuwuhake dukane sang prabu ing Tuban, ginalih yèn kowe sumêdya balela ing ratu.
Prakawis punika: rama, mugi sampun
kagalih, dhasar sampun kula niyatakên amêmêngsahan kalihan ratu ing Tuban, awit
punika satru kula.
--- 87 ---
Kapriye ênggèr, kang kogawe milawan
mungsuh ratu abôndha-bandhu misuwur kaprawirane.
Rama: punika sampun kula kawekani
sarta kula botên wangwang dhatêng kasêktènipun sang prabu, angabên wulêding
kulit, atosing balung tuwin pamasanging byuha panangkêping satru kula badhe
botên wingwrin utawi mundur sajangkah.
Ênggèr, aku ora liwat mung
andongakake katêkane apa sasêdyamu. Kajaba iku ênggèr, sarèhning kowe isih
lamban, sarta wis môngsa rabi, apa ora prayoga kowe nganggo garwa, miliha anake
para rôngga dêmang ngabèi, êndi kang kosênêngi, mêngko dakdhodhoge lawange,
takrewangi suku jaja atêkên janggut karo pamanamu si pangulu olèhku arêp
ngrabèkake marang kowe.
Sakalangkung panuwun kula rama: sih
mule sampeyan dhatêng kula. Ila-ila punapa ingkang kula panggih mênawi kula
botên matur satêmênipun, kula matur: ing ngajêng kula botên gadhah cipta badhe
rabi, têbih ningali dhatêng wanodya endah, nanging sarêng kula sumêrêp dhatêng
citranipun yayi Sêndhang manah kula kagiwang, mila parêng botên parênga putra
--- 88 ---
sampeyan yayi Sêndhang kula suwun
piyambak dadosa jatukramakula, malah kula apratignya salêbêting manah: kula
badhe botên rabi ing salami-laminipun bilih botên angsal yayi Sêndhang, pramila
panyuwun kula dados botên katanggêlan anggèn kula ngakên bapa dhumatêng
panjênêngan sampeyan.
Kyai Agêng Wulusan asrêp ing galih
midhangêtakên aturipun ingkang putra Radèn Udakawimba, walèhipun punika ingkang
dipun upadosi. Radèn apa kang pinikir manèh yèn wis dhasar dadi kêncênge
karêpmu, aku wis anglilakake adhimu rara Sêndhang koêmong dhewe, mung aku titip
yèn ora ana kanggone bae aja kosiya-siya, ulihna marang aku, awit bocah ugungan
cilik mula ora mambu ajar.
Rêntah galihipun Radèn Udakawimba
midhangêtakên pangandikanipun ingkang rama. Rama kula botên cipta krama, namung
badhe ngêmong dhatêng yayi Sêndhang ing salami-laminipun.
Botên kacariyos rêroncenipun, Radèn
Udakawimba sampun kalampahan dhaup kalihan Rara Sêndhang agêng [a...]
--- 89 ---
[...gêng] bawahanipun, ngantos
pintên-pintên dintên pasamuwaning pangantèn, nêlasakên suka-parisuka.
Sasampuning kawandasa dintên, Radèn Udakawimba sakalihan ingkang rayi Dèwi
Sêndhang nyuwun rilah ingkang rama bibi misah badhe angênggèni kadhaton
wangunan sapucaking ardi, ingkang rama saha ingkang bibi inggih anglilani kalayan
suka pirênaning galih.
Kacariyos Radèn Udakawimba lêstantun
mukti wibawa, nanging salêbêting galih dèrèng marêm yèn dèrèng malês ukum
dhatêng ingkang uwa. Radèn Udakawimba sampun dangu kaklêmpak bala adamêl
prajurit suralodra asikêp tamèng towok, surapanglawung asikêp waos,
surawarastra asikêp jêmparing, surapawaka asikêp sanjata, suradahana nyêpêng
mariyêm, surapati prajurit sinêlir, sadintên-dintên tansah ingulig kasudiran
sarta kawantêraning prang, sasampuning matêng dhatêng wêwadi pamasanging gêlar sarta
sasampunipun samêkta, punapadene sasampunipun kagalih kuwawi lumawan mêngsah
prajurit ing Tuban, Radèn Udakawimba lajêng adhêdhawuh nglurug dhatêng nagari
Tuban, sariranipun dados senapatining prang anindhihi baris, para [pa...]
--- 90 ---
[...ra] prajurit muntab
kakêndêlanipun gambira ing manah, bidhaling baris andalêdêg kados toya mêdal
saking rong, ambrol kados enggal-enggala anglarutakên bala ing Tuban.
Gêntos kacariyos nagari ing Tuban,
panjênênganipun Prabu Warihkusuma sampun midhangêt pawartos yèn ing padhukuhan
Sumbêrêja wontên kraman, gêgununganing kraman anakipun mantu Kyai Agêng
Wulusan, dados prajurit kinawasa sêkti môndraguna, sagêd manjing ajur-ajèr,
sarta misuwur sagêd damêl mas ore, kasugihanipun angungkuli para ratu sugih
ingkang misuwur ing jagad, sarta kasugihanipun wau dipun wradinakên dhatêng
para kawulanipun, mila kawulanipun sami ajrih asih sarta sêtya tuhu ngidhêp
saparintahipun, sang prabu rumaos wingwrin, karoban dening pawarta, lajêng
miyos sinewaka pêpak ingkang wadyabala, kyai patih sampun wontên ing ngajêngan,
sang prabu andangu dhatêng kyai patih, bapa apa kang dadi wartane ing jaba.
Kawula nuwun gusti, wontên kraman
agêng ing padhukuhan Sumbêrêja, ingkang angeram-eramakên enggalipun sagêd
[sagê...]
--- 91 ---
[...d] yasa kadhaton kinubêng ing
balowarti kandêl saêpal mubêng, sarta sagêdipun kaklêmpak bala piniluta rinoban
ing arta busana, punapadene kawartos sagêd ulah prang kados trahing kusuma,
kasêmbuh gadhah kawruh sagêd damêl mas ore, sumêlang kawula mênawi putra tuwan Radèn
Udakawimba, badhe malês ukum dhatêng panjênêngan paduka, awit rumaos
kasakitakên manahipun suwitanipun wontên ing ngarsa paduka.
Uwa, kaya ana èmpêre tangguhira iku,
lah ing mêngko kêpriye kang dadi pamikirira, dèrèng dumugi pangandikanipun sang
prabu kasaru gègèr ing jawi lêbêtipun bupati tamping tanpa larapan, kêplajêng
mêntas prang kalihan cucuking baris ing dhusun Sumbêrêja, tanpa kiwul linud
winêjêg purun risak tanpa kukupan.
Sang prabu gugup pandangunipun, apa
Si Udakawimba kang dadi gêgununganing kraman.
(Bupati tamping) Kawula nuwun gusti,
ingkang pindha ratu inggih senapatining prang kadosdene putra tuwan Radèn
Udakawimba, awit warnanipun gagah prakosa arawis capang sariranipun cêmêng,
putra tuwan tanpa ngagêm rawis tuwin [tuwi...]
--- 92 ---
[...n] sariranipun kuning
anêmugiring, (lolosipun Radèn Udakawimba dèrèng ngagêm rawis, cêmênging sarira
amargi kêkênthung anggènipun ajênêngi yêyasan, dipun sarirani piyambak), sang
prabu lajêng adhêdhawuh mêpak bala, otêr tiyang sanagari, botên dangu sampun
samapta, ingkang dados cucuking lampah inggih senapatining prang putranipun
kyai patih ingkang sampun dados nayakaning praja nama Radèn Lodaka, sang prabu
karsa nyarirani prang kadhèrèkakên kyai patih wrêdha, dumugi kikising praja
kandhêg dening panyêranging mêngsah sampun angrampit kitha, sang prabu gugup
lajêng amasang gêlar ombaking samodra pasang, sagung wadyabala tinata ambalabar
angèlèbi[16] papan, para bupati dados panjawat, sang prabu kalihan kyai
patih wontên ing têngah. Radèn Udakawimba enggal malik gêlar jurang gêmpal,
lajêng pêrang brubuh, bala ing Tuban ingkang minôngka toya mili dhatêng ing
jêjurang sirna larud tanpa lari. Makatên upaminipun bala ing Tuban kalêbêt ing
gêlar tanpa budi kapikut sami asrah bongkokan, Sang Prabu Warihkusuma enggal
oncat saking palagan, binujung dening Radèn Udakawimba botên sagêd kêcandhak,
kêtilapan awor pakathik, kyai patih
--- 93 ---
sampun sêpuh tansah ingampingan
dening ingkang putra Radèn Lodaka punika gampil kêtawanipun, wusana kyai patih
sumêrêp yèn mêngsahipun ingkang putra piyambak Radèn Udakawimba, kyai patih
botên pandung, awit Radèn Udakawimba dipun pundhut putra wiwit timur mila,
lajêng dipun rangkul sarta dipun tangisi, Radèn Udakawimba inggih bela karuna,
dangu arêrangkulan, wusana kyai patih ngandika: kadospundi: gèr, mas putu gusti
kula ingkang dados karsa sampeyan têka badhe ngrisak dhatêng karaton kagungan
sampeyan piyambak.
Rama, kula badhe botên adamêl
risaking wadya alit, agêngipun adamêl sedanipun kangjêng uwa, sayêktosipun
namung badhe nyêrêpakên ing awone tindakipun uwa prabu dhatêng kula, sarta
supados mantuna panganggêpipun ingkang nyimpang saking kautamèn, anganggêp anak
kuwalon, utawi tunggakan kêmadhuh, botên nganggêp anak kapenakan, wusana
kangjêng uwa lajêng oncat saking palagan, iba kangjêng ibu dukanipun dhatêng
kula, saupami kula lajêng angatingal. Awit saking punika rama, kula botên lajêng
angêbroki kadhaton,
--- 94 ---
badhe lajêng ngupadosi
pangungsènipun kangjêng uwa, amêsthi dhatêng ing Banyubiru, awit pamirêng kula
sang prabu putri ing Banyubiru ingkang apêparab Dèwi Wayi mêntas sinerenan
kaprabon saking ingkang rama Prabu Hèrtambang, punika garwanipun kangjêng uwa,
pangangkah kula bilih kenging nagari Banyubiru karèha nagari Tuban, ing mangke
rama kula aturi wangsul dhatêng nagari saha wadyabala sadaya, nindakakên
prakawising praja kados saban-saban sarta rumêksaa kangjêng ibu, ngantos
sadhatêng kula ambêkta kondur kangjêng uwa. Namung putra sampeyan uwa, Radèn
Lodaka kula têdha kula jak anglurug dhatêng ing Banyubiru, sarta dadosa pêpatih
kula, kula jak laralapa anglampahi panas pêrih, kyai ingkang rila.
Mas putu gusti kula, kula sampun
botên maoni karsa sampeyan, sampun lêrês sadaya, sarta kula badhe ngestokakên
ing wêling sampeyan rumêksa praja sadungkap kula tiyang sampun sêpuh,
punapadene kula sampun lêgalila pun Lodaka sampeyan karsakakên dhèrèk andon
prang. Têlas rêmbagipun radèn putra kalihan kyai patih, lajêng sami bidhal
andum paran sarta andum [a...]
--- 95 ---
[...ndum] wilujêng.
Gêntos kacariyos lolosipun Prabu
Warihkusuma saking paprangan, anarka bilih nagarinipun sampun kaêjegan mêngsah,
punapa Radèn Udakawimba punapa tiyang sanès, punika dèrèng kantênan, mupus
salêbêting galih, kêncênging karsa badhe mawiku kemawon lajêng tindak amurang
margi, dumugi sukuning ardi Rancakarni cêlak pasanggrahanipun Prabu Hèrtambang
ngiras kangge pakèndêlan layon, punika wontên marginipun angambat simpangipun
ingkang dhatêng pasanggrahan, turut pèrèng minggah dumugi ing lambunging ardi,
ing ngriku wontên guwanipun alit acèkli, kados tilas pratapaning maharsi,
katitik wontên paomanipun, wêwêngkoning guwa: patamanan, nanging katingal sampun
risak, kêkajênganipun agêng-agêng, kadosta: kumuning bang, nagasari, soka tuwin
sanès-sanèsipun, angayomi pamidikan, sang prabu kacaryan ing galih sumêdya
kèndêl têtruka wontên ing ngriku. Wêwêngkoning guwa lajêng dipun rêsiki sarta
lajêng damêl pasarean kalikaning kajêng sêcang ginapit ing panjalin wungu,
kajang sirahipun dhumpal kajêng walulin, sang prabu [pra...]
--- 96 ---
[...bu] pados rêrêmbêsan toya unjuk,
manggih bêlik alit wontên ing loroganing asrama, wêning toyanipun, mili pating
srèwèh anut ing lêlêdhokan dening botên dipun kalêmpakakên, anjog ing jêjurang
kumriwik ngorêgakên padhas rêngka gumrênggêng tanpa kèndêl kêmirêng
angêrês-êrêsi manah kados pasambatipun sang prabu anggènipun nandhang papa
cintraka pisah lan garwa putra. Sang prabu padamêlanipun namung anênanêm
palawija kênthang jagung tuwin canthèl, kangge panggêsangan salêbêtipun
matiraga, sabên dalu botên towong wontên ing paoman anêgês karsaning dewa
ingkang linuwih ing atasing sariranipun punapa lulus botên sagêd angsal
pangapuntên, ananging dèrèng angsal wêwênganing sasmitanipun dewa, mila sang
prabu tansah nungku puja samadi.
Gêntos kacariyos, Sang Prabu
Hèrtambang sampun yuswa sarta sampun rumaos kathah tunadungkapipun pangastaning
pangadilan, karsanipun ingkang winadi angêntosi timbulipun ingkang putra mantu
Sang Pangeran Warihkusuma, ananging tita botên sagêd pikantuk wartos, sarèhning
sampun botên kenging dipun êntosi, karsanipun lajêng badhe [ba...]
--- 97 ---
[...dhe] sèlèh karaton dhatêng
ingkang putra Dèwi Wayi, kalampahan pisèlèhipun sang prabu katampèn dhatêng
ingkang putra, jumênêngipun sang prabu putri mawi pasamuwan agêng sarta mawi
kajênêngan para ratu ing amôncapraja, pangastaning paprentahan sarta pangadilan
parapabên, panêrak tuwin lampah kadurjanan sampun botên nguciwani,
kawasisanipun malah angungkuli kala taksih kaasta ingkang rama. Nagari
Banyubiru tambah tataraharja, mirah sandhang pangan, tulus ingkang sarwa
tinandur, sang prabu putri adhêdhawuh karsa tindak pêpara ing talatahipun
nagari Banyubiru, bokmênawi taksih wontên papan ingkang maluwa dèrèng dipun
griyani ing tiyang sarta pasitèn ingkang bêra jalaran kirang kacêkapanipun
ingkang anggarap, tindakipun sang prabu putri sagêlar sapapan, sarta mawi
andhungan dhahar kanggenipun ing dalêm sawulan, awit badhe dangu ing
konduripun. Kacariyos tindakipun sang prabu putri sampun pikantuk samadya
côndra. Lêrêsipun ing saênggèn-ênggèn lajêng kapasang motha pinindha kadhaton,
kinêpang para wadyabala tarab sami amasang layar pamondhokanipun
piyambak-piyambak, sadangune [sa...]
--- 98 ---
[...dangune] tindakipun sang prabu
putri botên pikantuk titik karisakaning dhusun tuwin padhukuhan, sadaya sami
katingal rêja, pakaranganipun andhêndhêng angestokakên parentahipun umbul sarta
paragakipun, nalika punika tindakipun sang prabu putri kadalon wontên sukuning
ardi Rancakarni, dhatêng pasanggrahan taksih têbih, mila lajêng amasang motha
wontên ing ngriku, sêraping srêngenge ginantosan padhanging rêmbulan nuju
tanggal kaping wolu, sitarêsmi rêmu-rêmu kalingan ngrêgêmênging mega cêmêng
apindha rêksasa kados angangkah badhe môngsa rêmbulan, lêpat tujunipun ingkang
pindha pragalba, rêmbulan oncat dhawah ing mega pêthak, prabanipun sigar salong
anyoroti siluk-siluking jêjurang, kados wayanganipun sawêr tapak angin, ebahing
gêgodhongan katêmpuh ing angin kados pangawening astanipun satriya ingkang
kawêlas asih, anênangi brangtanipun sang prabu putri kèngêtan dhatêng ingkang
raka Sang Pangeran Warihkusuma, samirana midit ambêkta gandaning sêkar
kumuning, campur kalihan sêkar kalak, angrêmêt galihipun sang prabu putri. Sang
nata botên sarèh ing galih lajêng [la...]
--- 99 ---
[...jêng] dandos cara kakung asikêp
pêdhang tamsir mêdal saking pakuwon tindak ijèn karsa nyalamur, mubêng
amriksani jajahaning rêdi, anyêyupe brangtanipun dhatêng ingkang raka, wontên
margi ngambat mêdal èrèng-èrènging ardi dipun turut minggah, panggalihipun sang
prabu putri bokmênawi wontên pandhitanipun ingkang maratapa, mokal bilih wontên
margi botên wontên tiyangipun, sang prabu putri pancèn wantêr ing galih dhasar
sampurna ulah dêdamêl, mila botên kagungan miris lêlampah dalu ijèn, antawis
saonjobtan[17] tindakipun sang prabu putri, ing lambunging ardi katingal
kêlip-kêlip wontên damaripun, enggal dipun prêpêki rawuh sangajênging guwa
sumêrêp pandhita taruna bagus rêspati sawêg nungku puja samadi, sang prabu
kèndêl botên sabawa, kalihan amaspaosakên warninipun pandhita, sêdhêng sang
pandhita kèndêl panungkunipun, salêbêting galih eram dene wontên pandhita
taksih neneman gêntur maratapa punapa ingkang dipun kajêngakên, sang prabu
ngalêm salêbêting galih: bagus têmênan pandhita iki, kang tak erami ora
êntèk-êntèke olèhe jiblès karo kang lunga andon, apa baya dhèwèke mawiku ana
kene. Sasampunipun sang pandhita [pandhi...]
--- 100 ---
[...ta] amudhar asta lajêng lênggah
timpuh angajêngakên lawanging guwa, sang prabu têrang ing paningal yèn sang
wiku ingkang raka sayêktos, mèh anjêrit nanging dipun sabili, lajêng dhèhèm
ngatingal wontên sangajêngingipun sang pandhita, sang wiku sangêt kagèt ing
galih dene dalu-dalu wontên prajurit dhatêng ing guwa patapan, panyananipun
badhe nukup sariranipun, gêtêring galih kalihan angacarani.
Sumôngga sang prawira ing prang kula
aturi malêbêt ing guwa rumpil, rawuh sampeyan ing pratapan dalu-dalu tanpa
kanthi amratandhani satunggaling prajurit wantêr ing paprangan, bèr budi lêgawa
ing pati, awit Hyang Wisesa rumêksa ing kawantêran sampeyan kinêmulan ing
rahayu.
Sang prabu putri lajêng malêbêt
satata lênggah wontên ing galar kalothokaning kajêng tingi ingkang ginapit ing
panjalin wungu. Sang pandhita tumratab ing galih sumêrêp warninipun sang prabu
dene jiblès kalihan warninipun ingkang rayi Dèwi Wayi, ngantos kamitênggêngên
dangu botên ngaturakên pambage, malah lajêng carocosan ngêdalakên luh botên
karaos, galihipun sang prabu kados sinêndhal, [si...]
--- 101 ---
[...nêndhal,] nanging tansah dipun
sabilakên, lajêng ngandika:
Kakang wiku, punapaa sadhatêng kula
ing ngriki kakang wiku kirang pirêna ing manah, malah katingal prihatos ngantos
angrêntahakên luh.
O, iya jagad dewa bathara, kalingane
aku iki mau karawuhan sêsotyaning jagad, dhuh sang sudibya pangapuntên paduka
ingkang kula suwun, kula kasupèn bilih kula katamuan sang prawiranom, utusaning
dewa ingkang badhe angasrêpi manah kula, sang kasumbung kasêgahan panakrama
sarawuhipun ing pacrabakan kula dalu-dalu.
Kakang wiku, ing sadèrèng
sasampunipun dahat kalingga murda, kula tampèni ing asta kêkalih, kapêtêk ing
pranaja, tumanêm kêkulunging manah, dadosa rat daging kayuwanan, amêwahana bawa
lêksananipun rayi sampeyan pun andon lêlana.
Kula anilakrami ing ngajêng pundi
pinôngka, ing wingking pundi sinêdya, sintên kêkasihipun sang pangeran.
Kakang wiku, kula prajurit lêlana
dikara, andon pêrang angrupak jajahaning mêngsah, ingkang sudi nêbut nama kula
--- 102 ---
Pangeran Wayi.
Sang pandhita anjêngêr midhangêt
wangsulanipun sang pangeran, dene asmanipun sami kalihan namanipun ingkang rayi
Dèwi Wayi ingkang sampun murud dhatêng têpêtsuci, ciptaning galih: apa yayi
dèwi nitis dadi lanang, lagi wêruh iki ngèlmu panitisan dadi sungsang buwana
balik, wong wadon nitis marang wong lanang. Saya kodhêng panggalihipun sang
wiku, dene sang prabu putri sakalangkung suka ing galih ambêbingung galihipun
ingkang raka, pangandikanipun.
Kadospundi kakang wiku têka kados
tiyang kodhêng apêpanggihan kalihan kula, môngka kula badhe pitakèn
punapa-punapa dhatêng kakang wiku.
Walèh-walèh punapa, anggèr, sampun
antawis gangsal wêlas taun laminipun kula kasedan garwa putrining ratu,
warninipun jiblès kados panjênêngan paduka.
Sang prabu gumujêng ngakak, sanadyan
yêktosa makatên kakang wiku, tiyang kula punika kakung têka sampeyan brangtani,
garwa sampeyan rak putri: ta.
Mêrangi tatal paduka punika, sok
wontêna putri: inggih èstri:
--- 103 ---
Milanipun kula matur, asil punapa
ambrangtani tiyang jalêr.
Lêrês, mila wontên tiyang kodhêng
inggih saking paduka kakung sarta garwa kula sampun murud dhatêng jaman
kailangan. Nanging kok kasangêtên têmên jiblèsipun.
Sang prabu saya gumujêng kêkêl,
sarwi ngandika: punika saya mokal kakang pandhita yèn wontên titahing dewa
wontên ingkang sami warninipun, dêstun mèmpêr punika kula pitajêng.
O, iya dewa iya bathara, punapa kula
dadak mawi upata yèn wicantên kula punika damêl-damêl, utawi botên salêrêsipun.
Sang prabu putri rumaos sampun
dumugi anggènipun ambêbingung dhatêng ingkang raka sarta rumaos wêlas bilih
kêdangon, karsa badhe ambadharakên sarira, lajêng ngandika:
Kakang rêsi, sarèhning sapunika
sampun dalu punapa kenging kula nêdha sipêng wontên ing ngriki.
Kula sakalangkung dangan kasipêngan
sang pangeran. Ananging sang pangeran punapa kêparêng anggalundhung namung
ngagêm kajang sirah dhumpal kajêng.
Botên dados punapa dhasar sampun kula
kajêngakên,
--- 104 ---
kula badhe sèlèh sikêping
kaprajuritan sarta cucul pangangge ing jawi supados mantun sumuk wontên
salêbêting guwa.
Kula sumôngga.
Sang prabu kantun ngagêm rasukan
pamêkak madya (entrok), sutra kuning sinulam ing bênang mas, baludaging pranaja
amratandhani yèn sayêkti wanodya.
Sang pandhita awas tumingal têtela
yèn sang pangeran malihan putri, yèn ta ingkang garwa Dèwi Wayi sampuna seda
sarta kasat mata piyambak ing sedanipun, amêsthi sang malih warni lajêng
kapondhong, awit têtela yèn garwanipun, sarèhning sampun seda: dados matur
anoraga. Dhuh sang damêl kuwuring manah kula punapa paduka putri prajurit têka
amiguna dhatêng tiyang tapa.
Sang prabu putri tansah gumujêng
sarwi amangsuli: dhasar sampun kula sêdya badhe adamêl wudharing subratanipun
kakang wiku. Sang rêsi dipun cakêti sarta lajêng dipun rangkul gapyuk kaarasan
wanti-wanti sarwi ngandika:
Kakang adipati ingkang mawiku, kula
rayi sampeyan pun Wayi ingkang gêsang ing pati saking dening pitulunging dewa,
saha
--- 105 ---
sampun jumênêng nata anggêntosi
karatonipun rama ijêngandika kangjêng rama, lajêng lêlana ngupadosi dunungipun
sarira sampeyan, botên nyana kêpanggih ijèn wontên salêbêting guwa samun.
Kados punapa plonging galihipun sang
pangeran, midhangêtakên aturipun ingkang rayi, sang rêkna[18] gêntos dipun rangkul sarta wanti-wanti dipun arasi sarwi
muwun acarocosan, saking kasokipun ngantos magêp-magêp, sang putri botên sah
saking pangkon. Lajêng sami angandharakên lêlampahanipun piyambak-piyambak,
satamating cariyos, sang prabu putri matur dhatêng ingkang raka:
Kakang mas sampeyan lajêng kula
pondhongi dhatêng pasanggrahan sarta lajêng kondur dhatêng nagari Banyubiru,
kula sèrèni kaprabon, awit saking pralilah kula saha pralilahipun kangjêng
rama.
Yayi dèwi maha prabu, bab ênggonmu
karsa amboyongi marang aku, iku ora bêbakal, nanging bab pisèlèhing kaprabon,
iku bangêt ing pamopoku, awit jumênêngku ratu ana ing Tuban tiwas tanpa [ta...]
--- 106 ---
[...npa] gunasêkti sarta sêpi ing
kawicaksanan, gampang rinusak ing mungsuh tanpa kiwul, beda karo jumênêngmu
sinuyudan ing wadyabala, sanadyan jumênêng ratu putri kaloka kajanapriya,
kuncara ing amôncapraja, para ratu ing ngatas angin bawah angin padha suyud
kèdhêp kabèh, awit saka misuwuring kaprawiranmu, liraping pêdhang agawe
mirising mungsuh, lan awit saka kondhanging kagunanmu ulah gêlaring prang agawe
mirising mungsuh sêkti, dhasar sumbaga wirotama, kontap ing kaluwihanmu, mulane
aku wis narima dadi êmbananing ratu musthikaning jagad.
Sampeyan punika baud ngumpak dhatêng
kula, ngantos sagêd adamêl mongkoging manah jirih.
Ora yayi, aku mung pratela sabênêre
bae, ora ngumpak, ora ngonggrong. Karodene manèh yèn parêng ing galih,
mungsuhku kang ngêbroki kutha Tuban môngsa bodhoa sirnane dening kowe.
Prakawis karsa sampeyan punika kula
selak: botên, sagah: dèrèng kinantên, awit kêdah kula rêmbag kalihan uwa patih
tuwin nayakaning praja, punapadene [pu...]
--- 107 ---
[...napadene] dhatêng senapatining
prang ingkang badhe anglampahi damêl, sapunika prayogi lajêng kondur dhatêng
pasanggrahan kemawon, sapunika sampun anggagat enjing, dhatêngipun ing
pasanggrahan: sêdhêng para wadya sampun sami kirab.
Ing wanci saput siti sang prabu
putri sakalihan ingkang raka têdhak saking pratapan, pêdhut angampak-ampak
angrêmêng margi, rumput kêbunan kasrampat ing pada angêbêsi busana, lamuk
sinêrang soroting surya ingkang sawêg mungup saking tancêbing langit saya tipis
wusana sirna, kantun ingkang ngrêmêng ing kêkajêngan, kawistara jêlarèhing
margi kathah sêsimpanganipun, sang kalih awirandhungan lampahipun sarwi ginêman
prakawis rèmèh-rèmèh ingkang adamêl ascaryaning galih, wanci byar rawuh ing
pasanggrahan, wadyabala sami kagèt dene sang prabu putri rawuh sampun sakalihan
kalihan ingkang garwa Pangeran Warihkusuma, para abdi botên wontên ingkang
pandung dhatêng sang pangeran, sami surak gumuruh ambal-ambalan, kyai patih
sarta para punggawa kagèt lajêng mêdal saking pakuwonipun piyambak-piyambak,
kapanggih kalihan sang pangeran [pange...]
--- 108 ---
[...ran] sampun akanthèn asta
kalihan ingkang rayi sang prabu putri, sami suka-suka sarta sami ngaturakên
pambage wilujêng, lajêng satata lênggah ing pasanggrahan, sang prabu putri
lajêng mangandikakakên kapanggihipun ingkang raka mawiku wontên ing guwa
patapan sarta mangandikakakên lêlampahanipun sang pangeran kalihan titi botên
wontên ingkang kalangkungan, sang prabu putri mundhut pirêmbag ing bab
pamalêsipun dhatêng kraman ingkang ngrabasèng kitha Tuban.
Aturipun kyai patih sarta para
nayaka sarêmbag kalihan senapatining prang: pantês sang pangeran angsal piwêlas
pamurina saking sang prabu, dèrèng dumugi anggènipun pirêmbagan kasaru
dhatêngipun pacalanging baris, ngaturi uninga yèn wontên dêdamêl agêng lumampah
nuju ing pasanggrahan, sang prabu putri angintên yèn punika mêngsahipun ingkang
raka sang pangeran, lajêng adhêdhawuh samêkta prang sarta dhawuh nata gêlar
wana kawêlagar, angèl sasak-sasakanipun.
Radèn Udakawimba sampun kaaturan
uninga yèn cucuking baris kandhêg dening kapambêng baris malang ing margi,
kados [kado...]
--- 109 ---
[...s] sarayanipun ratu ing Tuban.
Radèn Udakawimba anguningani gêlaring mêngsah rumaos kawêkèn sarta ngalêm
salêbêting galih bab rapêting pasangipun gêlar angèl sinusupan, ewadene Radèn
Udakawimba sagêd anggalih ungguling yudanipun, lajêng adhêdhawuh masang gêlar
ombaking samodra pasang tumêmpuh ing pêrang, angêlêma ubaling dahana, lajêng
prang brubuh, sampun kathah longipun ing pêpêjah, sang prabu putri sumêrêp yèn
gêlaripun kenging kasusupan, lajêng amalik gêlar setubanda ambrol, bala ing
Sumbêrêja kèrut larut kapalayu kalêbêt ing gêlar, Radèn Udakawimba kesisan
bala, badhe katukup lajêng oncat saking palagan, kadhèrèkakên para prajuritipun
sinêlir lèrès sumêdya kondur abêbiting wontên salêbêtipun kitha, supados
mêngsahipun ngêlud sapurugipun, wontên ing kitha Sumbêrêja amêsthi gampil kapracondhang
saking santosa sarta wêriting balowarti, angèl lêbêt-lêbêtanipun, marwasa
mêngsah saking sanginggiling balowarti, gampil kemawon, tikang-tikunging margi
lampahing mariyêm prigêl sangêt, botên wontên kidhungipun pisan-pisan, awit
saking kawasisanipun Radèn [Ra...]
--- 110 ---
[...dèn] Udakawimba. Sang prabu
putri sumêrêp yèn sesaning mêngsahipun ingkang botên katawang: lèrès, lajêng
ingêlud sapurugipun dumugi ing Sumbêrêja, malêbêt ing balowarti ingkang
angeram-eramakên santosanipun, sang prabu kandhêg wontên ing jawi,
panggalihipun sang prabu wadyabalanipun amêsthi badhe nêmahi risak bilih
pangrêbating balowarti namung kalayan wantah kemawon, gampil tinumpês ing
gurnat gutuk api dening kêpapan wontên ing margi sungil. Sang prabu lajêng
ambudi sarana ingkang kenging kadamêl gêlar garudha nglayang, lajêng adhedhawuh
yasa palwa udara, bakalipun motha kinêlam ing wêsi janur, ingêsapan saking latu
balêdhèg, sagêd mumbul ing gêgana, sarêng sampun samêkta lajêng katumpakakên
para prajurit pêpilihan sami asikêp dêdamêl, sang nata piyambak yasa sakoci
boma, katitihan kalihan ingkang raka sarta para wirotama, sami andêdêl muluk
ing gêgana angungkuli baluwarti, lajêng cumlarot saengga thathit, tumuju ing
kadhaton sarta lajêng dipun brêgi, para prajurit mangrêmpak saking wingking
adamêl karisakaning mêngsah, Radèn Udakawimba gugup dening dipun [di...]
--- 111 ---
[...pun] kagètakên dhatêngipun,
botên kantênan tataning baris, awit linambung saking wingking dhatêngipun
saking gêgana rikat kados angin, Radèn Udakawimba kasêlut ing papan kacêpêng
dening senapatining prang lajêng kaawêran cindhe kaladosakên ing ngarsanipun
sang prabu putri sakalihan sampun sinewaka wontên ing pandhapa agêng, sarêng
kalihan sowanipun para wirotama kairid senapatining prang ambêkta pangagênging
kraman sampun kaawêran cindhe, kasowanakên ing ngarsanipun sang prabu mabukuh
wontên ing siti, Sang Pangeran Warihkusuma botên pandung yèn pangagêng kraman
ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba. Lajêng kadangu:
Kalingane kowe Udakawimba, kang gawe
ura-uruning praja Tuban, sarta agawe karusakanaku, awit kowe panjilmaning
satruku turase yayi Prabu Warsakusuma, ing mêngko kowe bakal nampani pidana
saka pangwasane yayi dèwi maha prabu, Radèn Udakawimba tumungkul tan panon rad
idhêpipun.
Sang prabu putri lajêng ngandika
dhatêng Radèn Udakawimba, radèn: aku pitakon marang kowe, saiki apa kang
--- 112 ---
kokarêpake, nungkul, utawa: ora.
Kawula nuwun, gusti, ingkang abdi
angaturakên pêjah gêsang, mênawi kenging mugi kaabdèkna.
Kowe apa wis somah.
Kawula nuwun sampun: gusti, pikantuk
anakipun Ki Buyut Wulusan, nama Rara Sêndhang.
Timbalana mrene sarta wong tuwane
lanang wadon.
Ki Buyut Wulusan saakrabipun,
sakacêpêngipun Radèn Udakawimba sami adus luh ngalêmpak wontên ing kadhaton,
amêmuji lêpating paukuman pêjah, Radèn Udakawimba, kasaru wontên utusan saking
ngajêngan, ki buyut saanakbojonipun katimbalan, lajêng kèrid salampahing
utusan, Rara Sêndhang lumampah ing têngah kaapit ing yayah renanipun, mangangge
lungsêd rambutipun maruwun, katingal amêmêlas, dumugi ing ngarsanipun sang
prabu putri lajêng sami lênggah makidhupuh konjêm ing siti, sang prabu putri
awas tumingal ing citranipun ingkang pindha ratih Rara Sêndhang botên kalih
kalihan sang prabu putri kados jambe nèm sinigar palih, namung kaot anèm
kalihan sêpuh, pangunandikanipun sang prabu [pra...]
--- 113 ---
[...bu] putri: elok têmên Buyut
Wulusan duwe yoga kaya mêngkono. Sang prabu ugi malongok andulu citranipun Rara
Sêndhang, dene angêblêgi citranipun ingkang rayi.
Sang prabu putri lajêng andangu: aja
dadi atimu kaki Wulusan, aku pitakon marang kowe ing satêmêne, Rara Sêndhang
iku apa anakmu têmênan, dene citrane angeram-eramake.
Kawula nuwun: gusti, ila-ila punapa
mênawi kawula matura dora ing panjênêngan paduka, kadangu ing ratu ingkang kuwasa
ing bumi, sayêktosipun Rara Sêndhang punika anak kawula pupon, pikantuk kawula
cadhang ing bênawi, wontên ing kêndhaga, kèli isi bêbayi.
Sang prabu sumêdhot ing galih
bokbilih punika putranipun ingkang dipun labuh ing bênawi, sang prabu lajêng
ngandika, gêndhagane saiki apa isih.
Kawula nuwun, taksih, kawula tarang
wontên ing langitan.
Mara jupukên.
Kawula nuwun, inggih sandika.
Gêndhaga kapundhut lajêng kacaosakên ing ngarsanipun sang prabu putri sarta
lajêng [la...]
--- 114 ---
[...jêng] katingalan kalayan titi,
bakalipun kajêng cêndhana kinarawistha ing lunglungan apindha alum, wontên
sasêratanipun Ibrani mungêl rajaputri putrinipun Dèwi Wayi patutan saking
Pangeran Warihkusuma, ingkang seda konduran, dèrèng dumugi pamaosipun sang
prabu putri anjrit mudhun saking palênggahan angrangkul ingkang putri Dèwi
Sêndhang sarwi lara-lara karuna, nanging Dèwi Sêndhang botên tumut bela karuna,
awit botên sumêrêp darunanipun, makatên ugi Sang Pangeran Warihkusuma, saya
botên tumut bela karuna namung kèndêl, nanging amêraki ingkang rayi angudi
punapa darunanipun muwun, dangu botên angsal wangsulan, wusana dipun aturi yèn
Dèwi Sêndhang punika putranipun sang pangeran ingkang linabuh ing bênawi, sang
pangeran lajêng ambêngok tumut karuna sarta brêng tiyang sapasewakan sami bela
tumut karuna. Sirêping tangis: sang prabu putri wangsul lênggah ing dhampar
ingkang putra Dèwi Sêndhang botên pisah wontên ing ngarsanipun sarta tansah
dipun tingali, Radèn Udakawimba kadhawahan anglukari pusaranipun cindhe sarta
ingapuntên dosanipun têtêp minantu ing sang prabu ing Banyubiru. Wontên ing
padhukuhan Sumbêrêja andumugèkakên sukaparisuka, antawisipun [a...]
--- 115 ---
[...ntawisipun] sawulan: sang prabu
putri karsa kondur dhatêng ing Banyubiru, ingkang putra sakalihan andhèrèk, sarawuhipun
ing nagari ingkang rama Sang Prabu Hèrtambang kaaturan rawuh ing nagari saking
pacrabakan, sarawuhipun kapêthuk ingkang putra, sang prabu putri sampun
akanthèn asta kalihan ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, sarta
kadhèrèkakên ingkang putra Dèwi Sêndhang akanthèn asta kalayan ingkang raka
Radèn Udakawimba, putra wayah sami tundhuk angaraspada, lajêng sami dipun
rangkul gêntos-gêntos, awit sang prabu wrêdha sampun kaaturan uninga ing bab
lêlampahanipun ingkang putra.
Antawis sataun Radèn Udakawimba
wontên ing Banyubiru lajêng kajumênêngakên ratu saking wêwênangipun sang prabu
putri: wontên ing nagari Tuban, namung sabên warsa kadhawuhan sowan saos bêkti
laminipun sawulan. Sang Pangeran Warihkusuma botên karsa kondur dhatêng ing
Tuban, lêstantun angêmbani ingkang rayi sang prabu putri wontên ing Banyubiru
kemawon. Dene ingkang rayi Dèwi Wrêsti kadhawuhan momong ingkang putra Prabu
Udakawimba, kalihan sariranipun têtêpa dados sadhèrèk nak-sanak.
Tamat.
--- 0 ---
INHOUD
Hèrtambang, Prabu ...: Ratu ing
Banyubiru,
Udakawimba, Radèn ...: Putranipun
Prabu Warsakusuma patutan saking Dèwi Wrêsti,
Rancakarni, Ardi ...
Toyatuli, Radèn ...: Patihipun Radèn
Warihkusuma nalika jumênêng ratu wontên nagari Tuban, anakipun Kyai Patih
Toyamarta,
Toyamarta, Kyai Patih ...: Patihipun
Prabu Sindupati, tumurun dhatêng Prabu Warsakusuma, ingkang ngopèni Radèn
Udakawimba duk timur.
Tuban, nagari ...: Ingkang jumênêng
ratu Prabu Sindupati, lajêng ratu Prabu Warsakusuma, lajêng ratu Prabu
Warihkusuma, lajêng ratu Prabu Udakawimba,
--- 0 ---
Sindupati, Prabu ...: Ratu ing
Tuban, pêputra kalih R. Warihkusuma, saking ampeyan, R Warsakusuma, saking
pramèswari,
Sumbêrêja, dhukuh:dados nagari
kraman,
Warihkusuma, R., Warsakusuma, R.:
Sami putranipun Maha Prabu Sindupati
Wrêsti, Endhang: Ingkang ibu R.
Udakawimba, Sutanipun Umbulmudal
Wayi, Dèwi ...: Putranipun Prabu
Hèrtambang, kagarwa R. Warihkusuma,
Lodaka, R. ...: Anakipun Kyai Patih
Toyamarta dados patihipun R. Warihkusuma sakêdhap, nalika jumênêng ratu ing
Tuban
Pandhita,: Pêputra kalih sami èstri,
a. Endhang, dados garwanipun paminggir Prabu Sindupati,
--- 0 ---
Patutan R. Warihkusuma, b. Endhang,
angsal Umbulmudal, patutan Rara Wrêsti, dados R. Warihkusuma en Wrêsti panggih
nak-sanak
Jalasêngara, Ki Tumênggung ...:
Senapatining prang ing nagari Tuban
Jumadilkobra
Bin Mukhamad Daus, Sèh ...:
Gurunipun Kyai Agêng Wulusan, manjing agami Islam,
Mukhamad Daus, zie Jumadilkobra,
Mudal, Umbul ...: Bapakipun Endhang
Wrêsti.
- mawi. (kembali)
- Pangeran. (kembali)
- bêbusuk. (kembali)
- atuwanira. (kembali)
- Pangandikanipun:. (kembali)
- anjagoni (dan di tempat lain). (kembali)
- kados. (kembali)
- angrêmbag. (kembali)
- mungsuhan. (kembali)
- nagariningsun. (kembali)
- badhe. (kembali)
- sidhêm. (kembali)
- laleyaning. (kembali)
- kidung. (kembali)
- Lebih satu suku kata: lembehan lumaku kêdhèp /. (kembali)
- angêlêbi. (kembali)
- saonjotan. (kembali)
- rêtna. (kembali)
http://www.sastra.org/kisah-cerita-dan-kronikal/104-novel/295-rangsang-tuban-padmasusastra-1912-516#context-15
Tidak ada komentar:
Posting Komentar