Minggu, 14 Desember 2014

Tembang Sluku-sluku Bathok Ngemot Pitutur Luhur



            Satlereman Tembang-tembang dolanan kayadene: Cublak-cublak Suweng, Suwe Ora Jamu, Te-kate Dipanah, Gambang Suling lan liya-liyane, wus mbalung-sungsum tumrap wong jawa. Jarene para simbah, jaman samana bisa katon luwih nges, yen olehe ngidungake ana tengah-ing latar, gek pinuju padhang rembulan. Ya ora jeneng mokal, awit nalika samana (mligine ing karang padesan) durung ana listrik. Sing ana ya mung senthir, yaiku diyan kanthi lenga patra (minyak tanah).
            Mesthi, gandheng saben wektu bengi racake petengan, njur ana padhange rembulan, mesthi wae bengi dinulu asri, jalaran kepadhangan cahyaning rembulan, tur pinuju ora mangsa udan. Banjur racake wong-wong (mligine bocah-bocah) padha jagongan ana latar sinambi tetembangan apadene dedolanan. Tembang-tembang kang dikidungake saweneh kaya dakaturake ana dhuwur. Mung suwasana utawa kahanan asri kang kaya dak aturake ana dhuwur, saiki wus sirna, ilang kaendahan alam kang sarwa peni, gumanti jumedhule listrik kang wus lumebu ana kabeh tlatah.
            Ing antarane mapirang-pirang tembang, ana kang kanthi irah-irahan Sluku-sluku Bathok, apadene lir-ilir, kang yen dibeset ngemot pitutur luhur. Malah kepara yen kober njingglengi apadene ninthingi, bakal nemokake pirang-pirang wasita aji, mligine babagan manembah marang Allah SWT. Awit kang ngaranan tembang mono, isine sawijining “piweling” saka pangriptane. Mula yen ora pinter olehe nyugatakake, wewatakaning tembang kasebut, sisip-sembire bisa cengkah kelawan pangajabe pangripta.
Dene Tembang Sluku-sluku Bathok unen-unenane mangkene:
            Sluku-sluku Bathok
            Bathoke ela-elo
            Si rama menyang Sala
            Leh-olehe paying motha
            Mak jenthit lololobah
            Wong mati ora obah
            Yen obah medeni bocah
            Yen urip goleka dhuwit

            Satlereman tembang kasebut mung katon prasaja wae. Malah kepara ing antarane ukara siji lan ukara liyane ora ana gegayutane. Teges ora ana kang manjila tembung-tembunge. Malah kepara angel tinegesan. Nanging manut para wegig ing kono sejatine kebak ing pasemon, miwah sanepan. Jalaran tembung-tembunge mujudake tembung playon saka Basa Arab. Besetane, mangkene: Larikan sepisan: Sluku-sluku Bathok saka tembung: Huslu-huslu batinu….
            Ing kana mengku teges: Padha dusana batinira. Ing kene ngemot piweling, sadurunge sira kabeh ngedusi badan (wadhag), mangka ndhisikna adus batin. Adus batin bisa dimaknani reresik jiwa, murih pikire bisa wening, yen ana Lagu Kebangsaan Indonesia Raya ana ukara: Bangunlah jiwanya, bangunlah badannya…lan sabanjure.
            Rereged kang mapan ana badan, luwih gampang olehe ngresiki. Nanging rereged kang dumunung ana batin, iku luwih angel olehe masuh. Lha, ing kene dikupiyakake murih batine resik luwih dhisik, sawise iku nembe masuh utawa ngedusi raga. Batin kang resik, gampang nampani piwulang apa wae. Batin kang resik luwih gampang cecaketan marang Allah SWT. Bisa uga ing kene winujudake klawan taqarruban ilallah.., nyaketake jiwa nyang Allah kanthi temen-temen. Kabeh mung murih ridla-Ne Allah SWT. Batin kang resik mahanani kebak ing rasa lega-rila miwah legawa.
            Larikan kapindho: Bathoke ela-elo, saka tembung: Batinu laa-ilaha-ilallah. Werdine, ing batin tansah dzikir (eling) nyang Allah kanthi lafadl: Laa-ilaha-ilallah. Mangkene: Ora ana Pangeran kang wajib sinembah kejaba mung Gusti Allah. Wong kang atine tansah cecaketan marang Allah SWT, atine tansah istiqomah, tundone sengkut olehe ngibadah, kanthi tansah ambudidaya, bisane nindakake kabeh dhawuhing Allah, miwah nyingkiri kabeh larangane Allah, ya ingkang winastanan taqwa.
            Larikan telu: Sirama menyang Sala. Siram, tegesse adus. Sirama tegese adusa. Ing kene ana pasemon, kita kabeh kadhawuhan adus. Adus kang dikarepake yaiku adus gedhe, utawa jinabat, utawa adus junub. Ing gegebengan Islam, jinabat/junub/siram jamas, yaiku adus karmas, kang ing antarane kang den sebabake metu mani tumrap kang wus diwasa, karana sasambungan badan karo bojone, apadene bubar ngimpi (“ngimpi basah”). Dene tumrap kaum putrid, adus jamas ditindakake sawise rampung nggarapsari (menstruasi) lan sapanunggale.
            Ana tuntunan saka ngelmu Fiqih, kang ndhawuhake, sadurunge nindakake jamas, supaya luwih dhisik wudlu. Menyang Sala. Tembung iki sejatine keplase Menyang Sholat, ya Sholat wajib kang tumrap wong Islam, sedina sewengi kaping lima. Besetane utawa galihe tembung mau, Si rama menyang Sala, (Adusa gek ndang Sholata)
            Larikan papat: Leh-olehe payung motha. Ukara iki saka tembung utawa lafadl: Laa-ilaha-illallahu hayyul-mauta. Laa-ilaha-illallahu, manut tuntunan Islam, maknane: “Ora ana Pangeran kang wajib disembah, kejaba Allah.” Hayyul/Hayyun maknane: urip. Mauta tegese mati. Jlentrehe, manungsa supaya tansah dzikir (eling), lan tansah nyebut asmane Allah, pumpung isih pinaringan umur, tegese pumpung isih urip. Ing kana ana prentah, padha ngibadaha, sira kabeh marang Ingsun (Allah), sadurunge sira kabeh tekan ing pati. Elinga sadurunge ora eling, manungsa den ajab, supaya tansah amaca lafadl dzikir, (Laa-ilaha-illallah), kanthi temen-temen, lan nganti tumanjem ing kalbu, sokur bage dzikire mbarengi keteging jantung, lan mbarengi mlebu metune nafas.
            Elinga, uripe manungsa mono ngambah telung perkara yaiku: nafas-tan nafas-anfus(manfus): mampus (pralaya). Ing jaman samengko, manungsa luwih wedi kelawan padha-padha manungsa katimbang wedi marang Allah. Tuladhane: manungsa rumangsa anteng (“tenang”), dioyak sepirang-pirang dosa, nannging manungsa mlayu kamigilan, nalika dioyak polisi siji.
            Para manungsa padha kuwalik keblate, sing becik malah kesirik, sing ala malah ketampa. Tundhone para manungsa padha ninggalake dhawuh lan nglakoni cegah. Adhedhsar larikan 4 tembang mau, manungsa diajab eling lan tansah eling. Emut sadurunge maut. Manungsa kang tansah eling iku pindha tansah nyangking kawaspadan. Kanthi mangkono, pertingkahe bakal mracihnakake luhuring bidi, miwah lakutama.
            Larikan 5 lan 6:
            Mak jenthit lololobah
            Wong mati ora obah.
            “Jenthit” pasemon titimangsa “syakarotil maut”, yaiku sangat utawa wektu nalika manungsa meh pecat nyawa. Ya ing kono iku, remasuke utawa nunjeme sewu lara dadi siji. Sambat ngaru-ara. Ora ana kang bisa aweh pitulung, kejaba amal utawa pegaweane nalika urip sadurunge. Lan iku bakal manempuh marang sapa wae, senajan sekti mahambara, dhuwur kalungguhane, ngemperi donya bandhane, nanging pati iku mesthi bakal manempuh. Wong mati ora bisa obah. Kamangka manungsa ora bisa semaya utawa njaluk inah wektu, ora bisa!! Najan keduwung, nanging wus kadhung. Semono wae kadhangkala naliki isih sentosa ragane, dikon ngibadah (manut gegebenge) sok sungkan, ngenteni yen wis sepuh. Mangka durung karuhan yen umure tekan sepuh. Luwih-luwih yen durung duwe “sangu” kanggo mati… mbadakalani!! Mula pumpung isih bisa “obah” enggala ngibadah, nindakake apa dhawuhe agamane dhewe-dhewe, lan mbudidaya kanthi temen-temen, nilar kabeh larangan agamane.
            Sing sapa kang manembah maring Gusti, bakal den ilangi reruwete, lan bakal den paring ganjaran kang ora kanyana-nyana. Nanging sapa wonge kang cidra maring gusti, yekti bakal nampa pasiksan kang abot.
            Larikan 7 lan 8:           Yen obah medeni bocah
                                    Yen urip goleka  dhuwit
            Ing kana aja pasemon miwah pralampita, “Yen obah medeni bocah”, maknane, sadurunge seda, supaya ngedum tinggalan sarana adil adhedhasar pranatan kang gumathok. Jalaran yen ora, mengkono tinggalane kanggo padudon, dening sing isih padha urip. Tundhone banjur padha cecongkrohan, wekasan banjur rengka olehe padha seduluran, merga bandha warisan. Lha pepuntone kang wus seda “obah” ana alam kalanggenan, tegese goreh ora jenjem ana alam kasedan jati, jalaran ora mokal diucaprasani dening wong-wong kang tininggal. Pasemone “medeni bocah”.
            Yen urip goleka dhuwit. Ora sithik wong kang mbuwang kalodhangan. Tegese ana saperangan wong kang ora nggemateni/nggemeni wektu. Dina sasi taun windu lumaku muspra tanpa den gunakake kanthi becik. Kamangka Utusing Allah wus dhawuh:
            “Gunakna limang perkara, sadurunge teka limang perkara.”
            Gunakna:
1.      Enommu sadurunge tuwa
2.      Longgarmu sadurunge ciyut
3.      Warasmu sadurunge lara
4.      Sugihmu sadurunge mlarat
5.      Uripmu sadurunge mati
Dhawuh kang angka loro:
Nyambut gawea kanggo donyamu kaya-kaya arep urip salawase
Nyambut gawea kanggo akhiratmu kaya-kaya arep mati sesuk esuk.
Ing dhawuh mau cetha, yen manungsa murih sengkut makarya, lima iku bab makarya urip, apadene makarya kanggo sangu mati. Yen dijengglengi lan dithinthingi kanthi njlimet, kacihna yen Allah lan utusane Allah iku banget olehe ngeman marang kawulane. Tegese ing kana ana pangebang-bang tumrap kang sumanggem nindakake dhawuh, bakal nampa kekucah, nanging ya ana pangancam tumrap kang lirwa ing dhawuh. Iku yen diudhari lan dibeset galihe, yekti jembar jlentrehe.
Tundhone mung kari nari tekade dhewe-dhewe. Karana ing jaman samengko ajak-ajak apadene akon, wus murah regane. Lan jaman samengko wong-wong ora mbutuhake pitutur kang becik. Wusana sumangga, karana kabeh mung bakal ngundhuh wohing pakarti.


 Dening: Soegiyono MS
Sumber: Djaka Lodang No. 44, 4/4/2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar