Minggu, 14 Desember 2014

Cerkak "Garising Pepesthen"



                Kira-kira jam sanga esuk Agus wi ngetem ana pos kamling kulon bale desa Ngadirejo. Dhewekan tanpa rowang, ora kaya biyasane ing kono ana Diman lan Parjo sing uga padha-padha tukang ojeg. Dina iku lelorone ora menyang. Diman lara dene Parjo ngeterake bojone priksa menyang bidhan jalaran lagi ngandhut pitung sasi mlaku. Kanggo ngusir sepi Agus banjur ngakep rokok cap Dua Dewi sing dituku saka tokone Pak Dar.
                Sinambi klepas-klepus nyedhot rokoke Agus leyeh-leyeh ing pos kamling kuwi. Pikirane nglambrang eling marang panjaluke simboke supaya dheweke enggal rabi. Pancen sawise ditinggal pacare sing jenenge Sri, Agus wis ora tau sesambungan tresna karo wanita. Atine isih tatu. Sri ninggal Agus merga kepincut karo dhudha wetan terminal Rajekwesi Bojonegoro. Dhudha kuwi sugih mblegedhu, ora ana apa-apane yen dibandingake tukang ojeg kaya Agus.
                Sejene kuwi Agus minangka anak mbarep uga nduweni tekad nyekolahake adhine sing jenenge Fitri nganti tekan Perguruan Tinggi. Agus ora kepengin adhine urip rekasa kaya dheweke. Njagakake ragad saka bapake uga nglengkara, awit bapake Agus wis kadhung nggendhengi wong wadon liya lan ninggalake Agus, simbok lan adhine wiwit dheweke isih bocah.
                Krana ketungkul ngalamun, Agus nganti ora krungu nalika jenenge diundang dening Yuni anake Pak kaji Marji.
                “Kang, Kang Agus!”
                Agus njenggirat kaget. “Oh dhik Yuni. Ana apa kok sajak wigati banget?” semaure Agus.
                “Anu kang, aku arep njaluk tulung marang sampeyan?”
                “Tulung apa dhik?”
                “Tulung terna aku menyang kampus. Jalaran iki aku arep njaluk tulung bapak, panjenengane lagi gerah. Tekan kampus pira kang ongkose?”
                “Sepuluh ewu”.
                Batine Agus etung-etung kanggo penglaris jalaran kawit esuk mau durung ana siji-sijiya wong kang njaluk diterake ojege. Senajan kampuse Yuni rada adoh nanging Agus gelem ngudhunake tarip ojege jalaran dheweke ngrumangsani ya mung Kaji Marji sing sasuwene iki asring aweh pambiyantu marang kulawargane.
                Udakara jam lima sore Agus wis mulih saka anggone ngojeg. Agus ganti ngrewangi simboke dodolan kopi ing sangarepe gedhong biskup Mitra 10. Sawise rampung dhasar, Agus dikongkon simboke supaya menyang omahe Kaji Marji. Jalaran wis sesasi iki simboke Agus duwe utang marang Kaji Marji. Dheweke rumangsa isin yen ora enggal nyaur. Satemene cacahe ora sepiraa, nanging tumrap simboke Agus utang semono mau wis akeh banget. Tujune Kaji Marji ora seneng nganakake dhuwit. Sasuwene iki, uger kulawargane Agus butuh dhuwit ndadak, ya mung Kaji Marji kuwi sing bisa disambati.
                Sawise sembahyang Magrib Agus budhal menyang omahe Kaji Marji. Tekan omahe Kaji Marji Agus uluk salam. Sing nemoni Yuni lan Agus banjur dipinarakake lungguh. Lelorone kober ngobrol ngalor ngidul. Bareng wis rampung anggone ngobrol Agus banjur ngandhakake perlune anggone dheweke merdhayoh.
                “Yun, anggonku mrene iki merga ana perlu karo bapakmu. Saiki Pak Kaji ana ngendi?”
                “Bapak isih neng mushola Kang. Ana perlu apa ta kok ketoke wigati banget?”
                “Ngene lho Yun, iki mau aku diutus simbok nyaur utang. Sebab sesasi kepungkur simbokku rak ngampil dhuwit marang bapakmu kanggo ragad slametan sewu dinane simbahku.”
                “Ooo, iku ta Kang! Ning sampeyan enteni dhisik Bapak, sedhela maneh rak rawuh.”
                Presasat Yuni durung mingkem, Pak kaji Marji rawuh. Weruh ing ruwang tamu ana Agus, Pak Kaji banjur nemoni. Ngendikane, “Ana apa le kok kadingaren dolan mrene? Ana perlu karo aku apa karo anakku?”
                “Ngaten Pak, niki wau kula diutus simbok supados mangsulaken yatra ingkang dipunampil sewulan kepengker,” semaure Agus.
                “Oalah kok kesusu temen simbokmu kuwi, wong aku durung butuh dhuwit. Ning maturnuwun ya le?”
                “Sami-sami, Pak.”
                Sawise mbalekake dhuwite Kaji Marji, Agus terus pamitan. Nanging dening Pak Kaji Marji dicandhet. Agus malah dijaluki tulung supaya ngeterake Yuni menyang Toko Buku Toga Mas kang mapan ing sakulone alun-alun. Sejatine Pak kaji sing maune arep ngeterake, nanging kedadak nampa undhangan saka kelurahan supaya ngrawuhi rapat wanci bakda Isyak. Merga ora kepenak yen nulak panjaluke Pak Kaji, wekasane Agus manthuk. Jam setengah wolu Agus lan Yuni banjur budhal menyang kutha kabupaten. Ing dalan Agus kober ngguyoni Yuni.
                “Dhik, awan mau sampeyan dakterake menyang kampus, saiki dakterake maneh menyang toko buku. Apa pacare ora nesu?”
                “Pacar apa ta kang wong aku durung duwe pacar kok. Mengko gek pacare Kang Agus sing nesu,” wangsulane Yuni.
                “Walah pacar endi maneh? Gek sapa ta dhik wong wadon sing gelem pacaran karo tukang ojeg sing kredhitane montore wae ora lunas-lunas,” semaure Agus karo ngguyu.
                Kira-kira jam wolu wong loro tekan toko buku Toga Mas. Lan sawise tuku banjur mulih. Nanging nalika lakune montor ngliwati bulak, dumadakan ana wong loro sing ngadhang dalan. Tanpa ngucap apa-apa pawongan misterius mau ngetokake clurit lan ngancam marang Agus lan Yuni supaya menehake montor lan dhompete.
                Nalika salah sijine durjana mau arep ngrampas tase Yuni, Agus sing tau melu latihan ilmu bela dhiri langsung ndugang dhadhane nganti tiba klumah. Weruh rowange nggeblag, begal sijine maju. Ora dinyana dening Agus pawongan pawakan gedhe dhuwur iku kanthi cepet nyabetake glathi. Agus ora kober endha saengga lengene tatu kena glathine rampog mau. Tujune tatune ora nemen saengga Agus isih bisa males nendhang wetenge pawongan mau engga njungkel. Rumangsa kasoran begal loro iku tumuli ngeblas mlayu.
                Yuni kamiweden. Dheweke katon shock. Agus banjur nentremake atine Yuni. Weruh tatu ing lengene Agus, Yuni ngajak Agus mampir menyang dhokter. Untunge tatu mau ora nemen. Sawise ditambahi lan daubed-ubed perban dening dhokter, Agus diolehi mulih. Satekane omahe Kaji Marji, Agus lan Yuni dadi tangis-tangisan. Agus kaget sebab simboke barang wis ana daleme Pak Kaji kono.
                “Lho Mbok, panjenengan kok wonten mriki? Lha sadeyanipun kalawau wau ingkang nengga sinten?”
                “Dodolane dakpasrahake adhimu. Lha anggonku tindak daleme Pak Kaji iki mau nyusul kowe jalaran wong mung dikongkon mbalekake dhuwit wae kok ora bali-bali. Jebule kowe diutus Pak Kaji ngeterake Yuni menyang kutha. Mbok suk-suk kono pamitan dhisik sadurunge lunga. Tujune kowe slamet,” ujare simboke Agus karo ngrangkul anake lanang.
                Kulawargane Yuni mung bisa ngucapake panuwun sagedhe-gedhene marang Agus merga  wis nylametake Yuni, anak siji-sijine. Sawise anggone jagongan rada suwe Agus lan simboke pamit mulih. Esuke Agus ora ngojeg merga tangane isih njarem. Rong ndina Agus ora ngojeg lan mung ngrewangi dodolan ing warunge simboke.
                Nalika Agus lagi enak-enak njaga warung, Pak Kaji Marji saanak bojone rawuh karo nggawa gawan kang ora sethithik. Sawise dipinarakake Pak Kaji Marji banjur ngajak simboke Agus rembugan wigati. Wong lima banjur lungguh bareng.
                “Nuwun sewu niki wau wonten napa nggih kok Pak Kaji sakaluwarga mboten biyasane tindhak mriki? Sajakipun wonten perlu kang wigati banget,” simboke Agus mbukani rembug.
                “Maksud kula sowan mriki sepindhah inggih badhe ngraketake silaturahmi. Ingkang kaping kalih keparenga putrane panjenengan, nggih thole Agus, kula suwun,” kandhane Pak Kaji Marji.
                “Maksude pripun?” simboke Agus durung mudheng.
                “Ngene lo Yu,” ibune Yuni njlentrehake. “Karepe bapake iki, Agus bakal diomah-omahake karo gendhuk Yuni. Kowe kepriye yu?”
                Suwe simboke Agus ora kumecap. Ujare alon, “Napa empun dipikiraken saestu? Awit kahanan kula namung kados ngaten, ibarat bumi-langit menawi kabandhingaken kaliyan Pak Kaji.”
                “Yu, kula ngemah-emahake lare punika mboten mergi melik kaliyan bandha donya. Nanging kula melik lare jaler ingkang saged momong yoga kula menika,” ujare Pak Kaji Marji.
                Simboke Agus kekembeng. Atine krasa bagya mulya. Sajroning wongtuwane padha rembugan, Agus lan Yuni mung klecam-klecem. Kaya ngapa bungahe atine Agus nallika dilamar dening kulawargane Yuni. Agus ora ngira yen dheweke sing kesrakat bisa rabi karo prawan saayu-ayune lan sasugih-sugihe ing desa kono. Ing atine Agus tuwuh tandha pitakon, apa iki kang jenenge garising pepesthen? (cuthel)

 Dening:  Zuly Kristanto



Panjebar Semangat No. 50 – 11 Desember 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar