Tradhisi sedekah bumi dianakake
kanggo nyegah supaya ora ana kadadeyan sing ora dikarepake, amarga tradhisi wis
ana wiwit biyen ing panggonan kono. Rasa tanggungjawab kang gedhe minangka
generasi panerus supaya nglestarikake lan marisi ing anak putu ing dina
mengkone. Ing ngisor iki yaiku prosesi tradhisi sedekah bumi masyarakat
Margadana, Kota Tegal.
a.
Prosesi
arak-arakan sedekah bumi
Modin yaiku aparat desa ing bidang
urusan agama karo pemangku adat nyebar sesajen. Kelompok jebeng-tulik yaiku kelompok nom-noman. Jebeng nggawa sesajen
(jenang beras werna abang lan putih diganepi karo banyu), lan tulik ndampingi
jebeng karo nggawa paying supaya ora kena sinare srengenge. Banjur kelompok
ibu-ibu PKK, aparat desa yaiku kepala desa lan pamong, sarta masyarakat kang
melu arak-arakan sedekah bumi. Pungkasan yaiku masyarakat kang ndeleng prosesi
ritual iki, supaya suasanane rame.
b.
Maca
donga
Sedurunge donga
diwaca bebarengan, karo ngenteni warga padha kumpul, kemenyan kang isine kayu
areng disiapake banjur dibakar ing dhuwur nampan kang digawe saka lemah lempung
banjur diselehake ing dhuwure tampah kang isine kembang, kayata mawar abang,
kanthil, lan kembang liyane. Kemenyan iki kanggo ngusir roh kang ala sing
ngalangi ritual iki.
Kemenyan iku
minangka kanggo mbukak slametan lan ora nduweni sanksi apa-apa. Sawise iku
diwiwiti saka donga njaluk keslametan donya akhirat, supaya panguripane warga
Desa Margadana aja nganthi ngalami sengsara.
c.
Rebutan
berkatan
Sarampunge maca
donga kang dipimpin dening modin (aparat desa) banjur warga padha rebutan
berkatan saakeh-akehe. Sapa wae kang oleh berkatan iku, bakal oleh rejeki akeh,
panguripane tambah layak.
d.
Pagelaran
wayang kulit
Pagelaran wayang
kulit dianakake ing cedhak pakuburan. Ing kuburane leluhur, sing dening
masyarakat diarani Mbah Buyut. Pagelaran wayang kulit dianakake saben taun
nalika Jum’at kliwon minangka hiburan pungkasan kang dadi kesenengane Mbah
Buyut. Kanggo nyegah supaya ora ana kadadeyan sing ora dikarepake, kayata gagal
panen kang bisa mudhunake kasile masyarakat amarga warga desa Margadana akehe
pegaweane dadi petani.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar