Dening: Shinta Devi
Kanggo sekar melathi
Kang arume ngambar-ambar…
Rungokna pituture kucing tuwa iki,
kang anggane kaya-kaya ora guna
amarga kepangan udan angin,
uga kendhang nurut iline kali.
Aja kokumbar arume gandamu,
kang sakeplasan bisa sirna.
Aja kokjarake makuthamu,
kang sakleparan bisa layu.
Amarga yen nganti ilang gandamu,
utawa alum makuthamu,
ora ana siji-sijia kang bakal mesem
Nalika nyumurupi wujudmu.
Panjebar Semangat No.
50 – 11 Desember 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar