Prabu
Dasamuka utawa Rahwana raja nagari Ngalengka ingkang awatake adigang, adigung,
adiguna, lan sekti mandraguna. Wekdal semanten pikantuk palapuran adhinipun
ingkang jejuluk Saepakenaka, bilih ing wana ingkang dados wewengkonipun wonten wanita
ingkang ayu ing sulistya. Wanita wau boten sanes inggih Dewi Sinta garwanipun
Prabu Rama Wijaya. Mangertosi bilih wanita wau ayu ing sulistya tan tanpa
tandhing. Dasamuka kepengin nggarwa Dewi Sinta. Dasamuka reka daya kados pundi
caranipun supados saged mboyong Dewi Sinta.
Nalika
Dewi Sinta piyambakan jalaran Prabu Rama ngoyak kidang kencana panyuwunipun
Dewi Sinta ing alas Dhandhaka. Dasamuka lajeng memba-memba dados tiyang sudra nyedaki papan panggenanipun Dewi Sinta.
Dewi Sinta saged kadhusta kabekta mabur dhateng nagari Ngalengka.
Cekak
ing carita, Prabu Rama Wijaya anggenipun madosi Dewi Sinta sampun calut
panggenan nagari Ngalengka. Prabu Rama nyuwun pitedah dhateng Sang Hyang
Baruna. Miturut dhawuhing Sang Hyang Baruna, Prabu Rama supados nyiyagakaken
wadya bala wanara ingkang dipun pandhegani dening Anoman, Sugriwa, Anila,
Anggada supados nambaki seganten kangge nyabrang dhateng Ngalengka. Prabu Rama
lajeng sami pirembagan anggenipun badhe damel tambak. Sasampunipun sadaya
sarujuk saperangan wadya bala wanara dipundhawuhi ngusungi siti, sela lan
ngantos redi ingkang badhe kangge damel tambak.
Wadya
bala wanara sadaya sengkut tumandang damel ngestokaken dhawuh kanjeng ratu dwi
aji, pramila kirang langkung setengah sasi tambakipun sampun meh dados.
Dumadakan boten ngertos sangka parane tambak ingkang meh dados wau risak malih.
Boten mangertosi ingkang ngrisak bala tamtamanipun Dasamuka ingkang malih wujud
dados yuyu raseksa. Para wanara jengkel, mangkel, lan meh mawon mutungi gawe.
Ananging Prabu Rama ingkang dipun biyantu dening Anoman saged paring
pangertosan lan paring pitedah dhateng para wadya bala wanara. Bala wadya
wanara ingkang dipun pandhegani Anoman, Anggada, Anila, Sugriwa saweg
ngrampungi damel. Tambak sampun dados lan saged kangge margi dhateng Ngalengka.
Sesampunipun
tambak dados, Prabu Rama, Anoman, Sugriwa, Anila, Anggada saged lewat tumuju
ing Ngalengka. Dumuginipun ing Ngalengka dipun papagaken prajuritipun Dasamuka
ingkang dipun pandhegani dening Indrajit putranipun Dasamuka. Ing pungkasanipun
perang, Dasamuka saged kaperjaya dening Prabu Rama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar