Ekacakra
modal-madul kasapu banyu segara.
Luwihan amukane Bakasura isih katon ngruntahi. Rasa susah ing manah ndekep
omah-omah warga kang kelangan sedulure, dadi tumbal kebringasane Bakasura.
Nanging, ing tengah lara lapa mau, warga isih eling ngucapake sokur marang
Gusti amarga ana wong kang ngentekna getihe
Bakasura, yaiku Bimasena kanthi cara nyamar. Nalika ana sayembara
ambengak-bengok anggoleki satriya, Dewi
Kunthi nglawe Bimasena supaya mbacutake sayembara, melu ing nagari Pancala.
Bimasena
playon, mbabadi dalan ing wana karo nggandeng Pandhawa. Gunung-gunung njubleg
ndhodhoki bhumi, gawe eyub Dewi Kunthi. Nagara Pancala kang makmur, midak-midak
Brahmana mlarat tetelu mau. Mung omahe tukang kendi bae kang gelem
dijagongi.
Drupada
ambuka sayembara ing nagari Pancala. pancen wis dadi tradhisi kang khas. Raja
kang nduweni putri kang wis gedhe kudu nggelar sayembara kanggo milah semah
kang becik kanggo putrane.
Wayah
awan, jagad Pancala gumeter. Para satriya saka werna-werni nagari tumplek dadi siji ing alun-alun
Pancala, ing tengahing kutha. Para satriya kumebul-kebul sirahe, wis kepengin
anggarwa Drupadi.
Drupadi
iku putri kang ayune kaya Dewi Ratih. Lambene lir manggis karengat awujud
kembang asoka kang kumayu nalika kajamah srengenge kuning. Matane ndamar
kanginan ngawasake kanthi endah kaya berleyan kijang kencana. Rambute
ngandhan-andhan lan gulune ngelung gadhung tambah gawe sampurnaning ayune.
Warna
kuning ing Kraton wetan, anget-anget ambakar alun-alun Pancala. Gawe satriya
tambah kembul anjundal-jundal ora sabar nggarwa Drupadi. Para warga ugi padha
ndedel alun-alun kaya-kaya arep wutah.
Para
satriya katon ora sabar adu kasekten. Para satriya padha kuwanen, kaya-kaya
dheweke kang wis menangake sayembara. Samono uga Duryudana sabala. Jare
dheweke, mung dheweke bae sing bisa mboyong Drupadi marang Kratone.
Swasana
alun-alun keramenen nalika gong sayembara dipentungna. Mbengok-bengok lan
keplok nambah mengingi kuping kutha. Drupadi ngadeg mejegreg ing tengahing segara
atoya janma. Drestajumena, rakane Drupadi
kuwi terus ngudarake aturan sayembara.
“Para
satriya kang mesthi sekti, aku arep njlentrehake aturan main ing sayembara iki”
ujare Drestajumena. “Ing kene ana busur lan anak-anak panah, ing dhuwur kuwi kapasang
sasaran kang dadi tujone anggonmu
padha manah. Sapa wae kang bisa nyucus sasaran kuwi kanthi trep, nglewati bolongan ing pusate cakra iku ping lima,
kuwi wong kang bakal menangake sayembara iki. Dheweke bisa mbopong adhikku,
Drupadi marang nagarine” bacute Destrajumena.
Ewonan
mripat ngglinding maring arena sayembara nalika siji-siji satriya uji kasekten.
Gonta-ganti satriya, nanging durung ana sijia kang bisa njunjung busur, apa
maneh narik busur marang sasarane. Duryudana kang kuwanen banget bakal menangake
sayembara kuwi kudu ngeleg rasa kuciwa. Amargi satriya kang dikenal sekti kuwi
nyata-nyata ora bisa mbuktekake kasektene. Anak panahe mleset sepucuking
rambut. Malah, busure melu mencelat sawise anak panah mleset ing awang-awang. Panonton
padha rumil dhewe-dhewe nganggep sayembara iku abot baget dilakoni lan ora
bakal ana kang bisa menang.
Swasana
andadak bisu nalika sawijining brahmana enom kang nrusul saka ramene panonton
kang kececer ing alun-alun. Brahmana mau terus munggah ning panggung arep
nglakokake sayembara. Nalika dheweke mlaku tumuju busur kang abot kuwi, panonton
ambengak-bengok ngrubuhna langit. Akeh para satriya lan sebageyan panonton kang
mecucu ngece Brahmana mau.
Ing
tengah arena sayembara, sang brahmana enom kanthi alus nyuwun pirsa marang
Drestajumena. “menapa angsal, kula ingkang sawijining brahmana njunjung busur
menika?”
“Sapa
wae sing menang, adhikku Drupadi saguh dipek bojo, ananging asale kudu saka kaluwarga
kang apik.” Drestajumena njawabi.
Sang
brahmana ya sang Arjuna kang nyamar terus
konsentrasi. Ewonan mripat ambelalak nalika Arjuna njunjung busur lan masang
lima anak panah kanthi cepet lan endah. Para panonton padha mbengok “wah…” ora
percaya yen brahmana kuwi bisa nglakokake kanthi sampurna. Kaya trelep, lima
anak panah mlayu kaurutan nembus bolongan cakra kang terus muter. Cakra kabelah,
mencok ing lemah. Bengak-bengok maning-maning mecah suwasana anteng. Tetembangan
khas Pancala kauni, nyambut kamenanganing sang brahmana.
Drupadi
kang nganggo sandhangan sutera kinclong emas permata ngadeg. Raine sumringah.
Kanthi alus, dheweke ndelengake Arjuna banjur mlaku mareki Arjuna, ngalungke kekembang
ing gulune Arjuna.. Bimasena tetep anjaga
Arjuna mbok menawa ana sing gawe rusaking suwasana.
Ujug-ujug,
Para satriya kang kalah ing sayembara iku ngamuk, ngrasa diece-ece amarga
sayembara dimenangake dening brahmana.
“Aku ora lila Drupadi dipek bojo dening
brahmana ina! Nek ora gelem mbojo karo salah siji ing antaraning aku lan para
satriya, Drupadi kudu dadi prawan nganti nglakokake satya, terjun ing jero
genining awu mayat. Ora pantes Brahmana dadi bojone putri raja. Aku para
satriya ora sarujuk marang sesambungan iki, aku para satriya njaluk sayembara
iki dibatalake. Sapa ngerti barahmana iku sebenere anduweni niyat kang ala!”
bengoke salah sawijining satriya.
Suwasana
saya cupet, Arjuna ngloyor lunga dijaga Bimasena tumuju ing omahe tukang kendi
sing dienggoni pandhawa. Drestajumena jebul meloni lakune Arjuna. Putra Pancala
iku ngrasa lega atine sawise ngerti yen sing menang sayembara kuwi para
Pandhawa sing lagi nyamar. Nalika mulih maring Kraton, dheweke banjur lapur
marang Raja Drupada.
“Aku teteg banget pak, brahmana kang menang
sayembara kuwi Arjuna lan brahmana prakasa kang njaga Arjuna yaiku Bimasena.
Aku iya weruh wong wadon sing agung lan wibawa kae. Aku yakin nek kuwi mesthi
Dewi Kunthi.” Ujare Drestajumena.
Sawise
ngrungokake lapuran saka putrane, Raja Pancala enggal-enggal ngongkon para
prajurit Kraton kanggo marani para pandhawa ing omahe tukang kendi .
Dewi
Kunthi lan Pandhawa kang wis teka ing Kraton enggal-enggal ngaku yen iku para
Pandhawa kang lagi nyamar. Dewi Kunthi uga ngendhika yen putrane lima mau bakal
mbojo karo Drupadi. Raja Pancala ndadak mlotot mripate sawise krungu pangakuwan
Dewi Kunthi.
“Ora
pantes tenan nek anaku Drupadi kudu mbojo karo lima putra. Ora ilok! apa kang
bakal dadi nek ana putriku anduweni bojo lima? Kepiye anggone para Pandhawa
kang alus budhine nanging jebul nyleneh ing manah?” pitakone raja Drupada
kanthi landhep mripat.
“nyuwun
sembah nuwun, raja! Kula para Pandhawa sampun anggadhahi sumpah. Sumpahipun
inggih menika bakal urip kanthi ambagi-bagi menapa-menapa ingkang dipungadhahi
kula para Pandhawa. Kula para Pandhawa boten saged cidra ing janji. Ibu kula para Pandhawa, Dewi
Kunthi ugi ngestukaken dhawuh kula para Pandhawa.” Jawab Yudhistira kanthi
nyembah.
“iki
babagan kawin, Ngger…”
“inggih
raja! ananging Drupadi ugi sampun sagah.”
“Ya
wis, Ngger, aku ora bisa ngadang-ngadangi nek pepengine kowe kaya ngana, apa
maneh putriku wis sarujuk.” Ujare Drupada. Dewi Kunthi, Drupadi lan para
Pandhawa lega ing manah. Upacara agung lajeng kagelar ing Kraton Pancala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar