Minggu, 14 Desember 2014

Geguritan “Ing Tugu Tuwa”


Dening: Hadi Pamungkas

Ing tugu tuwa iki nate gawe crita kang endah
Ing wayah lingsir sore aku lan sliramu sumendhe ing angen-angen
Angreronce janji-janji kang kaiket ing ati
Uga pangucape supatamu kang ngedab-edabi
Kang isih dak simpen ana ing kedhung ati
Nora ana kang bisa misahake tresnamu lan tresnaku
Kajaba oncating nyawa saka raga
Kairing cahyaning bagaskara abang manda-manda kang ninggal tuladha
Nora bakal cidra marang manungsa
Kayadene janjimu kang bakal setya tuhu marang aku
Kang tuwuh ngrembaka tresnamu lan tresnaku ing ngisor tugu
Sore iki wis ora kaya pitung sasi sing nate dak liwati
Sumilire angin sore nggembol ganda amis
Jumbuh marang lathimu kang lamis
Tugu tuwa wis agawe crita liya
Sing gawe ati nangis karanta-ranta
Ing ngisore tugu tuwa sliramu wis sumandhing
Dudu karo aku……
Nanging karo priya liya
Sing bisa gawe uripmu mulya
Dhuh Gusti, nasib iki
Apa ish ana tresna kang suci kanggo ati iki…….


Panjebar Semangat No. 50 – 11 Desember 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar