Perang
Baratayuda wis lumaku sawatara wektu. Bala Kurawa lan uga bala Pandhawa wis
akeh sing padha tiwas dadi kurban perang ing palagan. Raden Abimanyu nganti
tumekaning pati katrocok ing jemparinge para Kurawa. Sapatine Raden Abimanyu
sang Dananjaya janji arep pati obong menawa ora bisa mateni sang Sindureja ing
dina candhake. Awit sang Sindureja iku sing mungkasi Raden Abimanyu. Krungu
janjine sang Dananjaya, kadang Kurawa bungah. Sang Sindureja disingidake,
ewadene meksa mati dening senjatane Raden Arjuna.
Sapatine
Arya Sindureja, Prabu Suyudana ngarih-arih ingkang raka Adipati Karna, gelema
ngetog kadegdayan numpesna wadya bala Pandhawa. Adipati Karna nyaguhi
pamundhute Prabu Suyudana, sanadyan ta ngadhepi perang mungsuh kadang kadang
dhewe lan prunane. Adipati Karna rumangsa kapotangan budi jalaran sasuwene
suwita ing Ngastina, Adipati Karna kamuktekake dening Prabu Duryudana, nganti
dijumenengake dadi bupati ing Ngawangga. Ngelingi bab iku mula sang Adipati
Karna esuke banjur budhal ing palagan perang. Pangamuk Adipati karna ngrusak
wadya balane Pandhawa, nanging wadya bala Kurawa uga akeh sing rusak, awit
pangamuke Werkudara. Nganti angslupe srengenge Adipati Karna ora gelem mandheg
perange nantang senopati Pandhawa.
Sang
Prabu Kresna banjur dhawuh Raden Gathutkaca murih mapagake pangamuke uwane.
Raden Gathutkaca mangkatake wadya bala Pandhawa, tempuk mungsuh danawa utusane
nata Kurawa. Perange rame banget, padha dene galak, tegel, lan mental,
loro-lorone padha bae nggawa obor. Akeh wadya bala Kurawa sing mati, kaidak
dening Raden Gathutkaca. Jalaran kahanan peteng ndhedhet sing katon mung
cumlorote obor, Adipati Karna banjur njemparinge ngawur pesate jemparinge
ngebaki langit.
Raden
Gathutkaca tumiyub saka langit cepet-cepet ngrampungi perang, suwarane gumlegar
nggegirisi. Wusana Adipati Karna nglepasake senjata Kunta, sanjata pamungkas
paringane Dewa. Lumepas ngenani jajane Raden Gathutkaca sing lagi cumlorot arep
nrejang Adipati Karna. Adipati Karna ngendhani nanging kusire ajur dienjlogi
Raden Gathutkaca.
Raden
Adipati Karna legeg penggalihe priksa yen putrane adine tewas kena senjatane.
Nanging kepriye maneh Adipati Karna rumangsa kaluberan budi dening Kurawa,
pengin males kabecikan sanadyan kudu ngadhepi kadang Pandhawa, ora liya adhine
dhewe tunggal ibu yaiku Dewi Kunthi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar