PUPUH I
DHANDHANGGULA
01. Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dahat
mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa
angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan
ririh, mrih padhanging sasmita.
02. Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan
jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung
wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna
ugi, ing kauripanira.
03. Jroning Kur’an nggong rasa yekti, nanging ta pilih ingkang
uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena denawur, ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing
badanira punika, sira anggugurua.
04. Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang
wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing
liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
05. Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang
prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang
kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.
06. Ana uga kena denantepi, yen ucul saka patang prakara, nora
enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu
sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo
denrawati, bubrah sakehing tata.
07. Angel temen ing jaman samangkin, ingkang pantes kena
ginuronan, akeh wong jaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu
ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan,
ora kena den wor kakarepaneki, papancene priyangga.
08. Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek
sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru
naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.
PUPUH II
K I N A N T H I
01. Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja
pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kesthi, pesunen sarinira, sudanen
dhahar lan guling.
02. Dadia lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
03. Yen wus tinitah wong agung, aja sira nggunggung dhiri, aja
leket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak, satemah anunulari.
04. Nadyan asor wijilipun, yen kalakuane becik, utawa sugih
carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
05. Yen wong anom pan wis tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen
kang ngadhep akeh bangsat, datan wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh
durjana, nora wurung bisa maling.
06. Sanajan ta nora milu, pasthi wruh solahing maling, kaya
mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning
eblis.
07. Panggawe becik puniku, gampang yen wus denlakoni, angel yen
durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku denlakonana, mupangati badaneki.
08. Lan wong anom-anom iku, kang kanggo ing mangsa iki, andhap
asor dipunsimpar, umbag gumunggunging dhiri, obrol umuk kang den gulang,
kumenthus lawan kumaki.
09. Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lalabete
uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala lan becik.
10. Carita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener
lan kang ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh denkawruhi.
11. Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah
ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
12. Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang
ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing mangsa
puniki.
13. Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih,
amung badane priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den umbar,
nora nganggo sawatawis.
14. Aja ana wong bisa tutur, ngemungna ingsun pribadhi, aja ana
ingkang memadha, angrasa pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes
dipunpareki.
15. Sikokna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open
nora layak, yen sira sandhingan linggih, nora wurung katularan, becik singkirana
ugi.
16. Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair
batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair
prapta ing batin.
PUPUH III
G A M B U H
01. Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon.
02. Aja nganti kabanjur, sabarang polah kang nora jujur, yen kabanjur
sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
03. Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu
saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
04. Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang
adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
05. Si kidang ambegipun, angandelken kebat lumpatipun, pan si
gajah ngandelaken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
06. Iku upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya
sapa ingkang wani, iku ambege wong digung, ing wusana dadi asor.
07. Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang
kabisan dipundheweki, sapa pinter kaya ingsun, tuging prana nora enjoh.
08. Ambeg adigung iku,ngandelaken ing kasuranipun, para tantang
candhala anyenyampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.
09. Ing wong urip puniku, aja nganggo ambeg kang tetelu,
anganggoa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha
solahing wong.
10. Dene tetelu iku, si kidang suka ing patinipun, pan si gajah
alena patinereki, si ula ing patinipun, ngandelken upase mandos.
11. Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane
wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong anggunggung, wekasane kajalomprong.
12. Yen wong anom puniku, kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling, yen den gunggung muncu-muncu, kaya wudun
meh mencothot.
13. Dene kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung
warege wadhuk kalimising lathi, lan telesing gondhangipun, reruba alaning
uwong.
14. Amrih pareka iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong
akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing
wong.
15. Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak mring wong agung,
nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono
didhedheplok.
16. Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture angupruk, tutur
nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wis weruh
amalengos.
17. Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, datan
wurung tinitenan den cireni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang
pitados.
PUPUH IV
P A N G K U R
01. Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong
ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku
dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri.
02. Deduga lawan prayoga, myang watara riringa aywa lali, iku
parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra, duga-duga nora kari.
03. Miwah ing sabarang karya, ing prakara kang gedhe kalawan cilik,
papat iku aja kantun, kanggo sadina-dina, lan ing wengi nagara miwah ing
dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku nora kari.
04. Kalamun ana manungsa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku
watake tan patut, awor lawan wong kathah, wong degsura ndaludur tan wruh ing
edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi.
05. Mapan watake manusa, pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun, pan dadi panengeran, kang apinter kang bodho miwah kang
luhur, kang sugih lan kang melarat, tanapi manusa sugih.
06. Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana bebotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitiking manungsa wewatekipun,
apa dene wong kang nyata, ing pangawruh kang wis pasthi.
07. Tinitik ing solah bawa, muna-muni ing laku lawan linggih,
iku panengeran agung, winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen
amawas ing sujanma, datan mindho gaweni.
08.
Ginulang sadina-dina, wiwekane mindeng basa basuki, ujub-riya kibiripun,
sumungah tan kanggonan, mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung, ujar sirik
kang rineksa, kautaman ulah wadi.
09. Ing mangsa mengko pan arang, kang katemu ing basa kang
basuki, ingkang lumrah wong puniku, drengki srei lan dora, iren meren panasten
dahwen kumingsun, opene nora prasaja, jail muthakil mbesiwit.
10. Alaning liyan den andhar, ing beciking liyan dipunsimpeni,
becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong mangkono wateknya, nora pantes denpedhaki.
11. Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati,
sabarang karepanipun, nadyan wis katekan, karepane nora marem saya mbanjur, luamah
lawan amarah, iku ingkang den tut wuri.
12. Ing sabarang tingkah polah, ing pangucap tanapi lamun
linggih, sungkan asor ambegipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane
dhewekipun, nora nana kang memadha, angrasa luhur pribadi.
13. Aja nedya katempelan, ing wewatek kang tan pantes ing budhi,
watek rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami karya labuhan kang
patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri.
14. Aja lunyu lemer genjah, angrong pasanakan nyumur gumuling,
ambuntut arit puniku, watek datan raharja, pan wong lunyu nora pantes
dipunenut, monyar-manyir tan anteban, dene lemeran puniku.
15. Para penginan tegesnya, genjah iku cak-cekan barang kardi,
angrong pasanak liripun, remen ulah miruda, mring rabine sadulur miwah ing
batur, mring sanak myang prasanakan, sok senenga den ramuhi.
16. Nyumur gumuling tegesnya, ambelawah nora duwe wewadi, nora
kena rubung-rubung, wewadine den umbar, mbuntut arit punika pracekanipun,
ambener ing pangarepan, nanging nggarethel ing wuri.
17. Sabarang kang dipun ucap, nora wurung amrih oleh pribadi,
iku labuhan tan patut, aja anedya nulad, ing wateking nenem prakara puniku,
sayogyane ngupayaa, lir mas tumimbul ing warih.
PUPUH V
MASKUMAMBANG
01. Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak,
kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
02. Apan kaya mangkono watekan iki, sanadyan wong tuwa, yen duwe
watek tan becik, miwah tindake prayoga.
03.
Aja sira
niru tindak kang tan becik, nadyan ta wong liya, lamun pamuruke becik, miwah
tindake prayoga.
04. Iku pantes yen sira tirua ta kaki, miwah bapa biyang, kang muruk
watek kang becik, iku kaki estokena.
05. Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, anemu duraka, ing
dunya tumekeng akir, tan wurung kasurang-surang.
06. Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja
na kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.
07. Ana uga etung-etungane kaki, lelima sinembah, dununge
sawiji-wiji, sembah lelima punika.
08. Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa,
lanang wadon kang kaping tri, ya marang sadulur tuwa.
09. Kaping pate marang guru sayekti, sembah kaping lima, ya marang
Gustinireki, parincine kawruhana
10. Pramilane rama ibu denbekteni, kinarya jalaran, anane badan
puniki, wineruhken padhang hawa.
11. Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin
saking Hyang Widdhi, mulane wajib sinembah.
12. Pan kinarsakaken ing Hyang kang linuwih, kinarya lantaran,
ana ing dunya puniki, weruh ing becik lan ala.
13. Saking ibu rama margane udani, mila maratuwa, lanang wadon
denbekteni, aweh rasa ingkang nyata
14. Sejatine rasa kang mencarken wiji, sembah kaping tiga, mring
sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.
15. Pan sinembah gegentine bapa iki, pan sirnaning bapa, sadulur
tuwa gumanti, ingkang pantes sira nuta.
16. Ing sawarah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping pat,
ya marang guru sayekti, marmane guru sinembah.
17. Kang atuduh marang sampurnaning urip, temekeng antaka, madhangken
petenging ati, ambenerken marga mulya.
18. Wong duraka ing guru abot pribadi, pramila prayoga, mintaa
sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.
19. Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang murba,
ing pati kalawan urip, miwah sandhang lawan pangan.
20. Wong neng dunya wajib manuta ing Gusti, lawan dipun awas,
sapratingkah dipunesthi, aja dupeh wus awirya.
21. Nora beda putra Santana wong cilik, yen padha ngawula, pan
kabeh namaning abdi, yen dosa ukume padha.
22. Yen rumangsa putra Santana sireki, dadine tyasira,
angediraken sireki, tan wurung anemu papa.
23. Ngungasaken yen putra santaneng aji, iku kaki aja, wong
suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.
24. Yen tinuduh marang sang mahanarpati, sabarang tuduhnya, iku
estokena ugi, karyanira sungkemana.
25. Aja mengeng ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja
malincur ing kardi, aja ngepluk asungkanan.
26. Luwih ala alaning jalma ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan
patut ngawuleng aji, angengera sapa-sapa.
27. Amilua ing bapa biyung pribadi, kalamun sungkanan, datan
wurung densrengeni, milawanana pinala.
28. Mapan kaya mangkono nngawuleng gusti, kalamun leleda, tan
wurung manggih bilai, ing wuri aja ngresla.
29. Pan kinarya dhewe blainireki, lamun tinemenan, sabarang
karsaning gusti, lair batin tan suminggah.
30. Mapan ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan,
tanapi garwa kakasih, amung bener agemira.
31. Kukum adil adat waton kang denesthi, mulane ta padha, den
rumeksa marang gusti, endi lire wong rumeksa.
32. Dipun gemi nastiti ngati-ati, gemi mring kagungan, ing gusti
ywa sira wani, anggagampang lawan aja.
33. Wani-wani nuturken wadining gusti, denbisa arawat, ing
wawadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
34. Ngati-ati ing rina miwah ing wengi, ing rumeksanira, lan
nyadhang karsaning gusti, dudukwuluhe atampa.
PUPUH VI
DUDUK WULUH / MEGATRUH
01. Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena
minggrang-minggring, kudu mantep sartanipun, setya tuhu marang Gusti,
dipunmiturut sapakon.
02. Mapan Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil,
pramila wajib den enut, kang sapa tan manut ugi, mring parentahe Sang Katong.
03. Aprasasat mbadal ing karsa Hyang Agung, mulane babo wong
urip, saparsa ngawuleng Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
04. Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angurta aja angabdi,
becik ngidhunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
05. Angur angindhunga bae nora ewuh, lan nora nana kang ngiri, mung
mungkul pakaryanipun, nora susah tungguk kemit, seba mapan nora nganggo
06. Mung yen ana tontonan nonton neng lurung,
glindhang-glindhung tanpa keris, kemul bebede sasisih, sarwi mbanda tanganipun,
andhodhok pinggiring bango.
07. Suprandene jroning tyas anglir tumenggung, mangku bawat
Senen Kemis, mankono iku liripun, nora kaya wong angabdi, wruh ing plataran Katong.
08. Lan keringan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing
salungguh-lungguhipun, nanging ta dipunpakeling, mulane pinardi kang wong.
09. Samubarang ing karsanira Sang ratu, sayekti kudu nglakoni,
sapalakartine iku, wong kang padha-padha ngabdi, panggaweane pan saos.
10. Kang nyantana bupati mantri panewu, kliwon peneket miji,
panalawe lan panajung, tanapi para prajurit, lan kang nambut karyeng katong.
11. Kabeh iku kawajiban sebanipun, ing dina kang amarengi, ing
wiyosira Sang prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
12. Ingkang lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran denin-cih,
yen tan oleh nuli mutung, iku sewu-sewu
sisip, yen wus mangarti ingkang wong.
13. Tan mangkono etunge kang sampun weruh, mapan ta datan denpikir,
ganjaran pan wis karuhun, amung naur sihing Gusti, winales ing lair batos.
14. Setya tuhu saparentahe pan manut, ywa lenggana karseng
Gusti, wong ngawula pamanipun, lir sarah munggeng jaladri, darma lumaku
sapakon.
15. Dene begja cilaka utawa luhur, asor iku pan wis pasthi, ana
ing badanireku, aja sok anguring- nguring, marang Gusti Sang Akatong.
16. Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti tuwin Hyang
Widdhi, dene ta sabeneripun, mupusa kalamun pasthi, ing badan tan kena menggok.
17. Tulisane ing lokil makful rumuhun, pepancen sawiji-wiji, tan
kena owah sarambut, tulising badan puniki, aja na mundur pakewoh.
PUPUH VII
D U R M A
01. Dipunsami ambanting sariranira, cegah dhahar lan guling,
darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang,
karsanira lestari.
02. Ing pangawruh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, ing
sariranira, yen ana kang amurba, misesa ing alam kabir, dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
03. Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing
badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila den ngati-ati, sakeh durgama,
singgahana den eling.
04. Mapan ana sisiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, pan
iki lilira, ingkang telung prakara, aja angyunggung sireki, kalawan aja, nacad
kepati pati.
05. Lawan aja mamaoni barang karya, thik-ithik mamaoni,
samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing mangsa mengko puniki, mapan wus
lumrah, padha wasis maoni.
06. Mung tindake dhewe nora winaonan, ngrasa bener pribadi,
sanadyan benera, yen tindake wong liya, pesthine ingaran sisip, iku wong lumrah,
ngganggo bener pribadi.
07. Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong mamaoni,
sira eling-elinga, aja sugih waonan, den samya rahar jeng budi, ingkang
prayoga, singa-singa kang lali.
08. Ingkang eling angelingena ya marang, sanak kanca kang lali,
den nedya raharja, mangkana tindakira, yen datan kaduga uwis, teka menenga, aja
sok angrasani.
09. Nemu dosa anyela sapadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen
durung tetela, ing beciking manungsa, aja age nggunggung kaki, menek tan nyata,
dadi cirinireki.
10. Dene ingkang kaprah ing mangsa samangkya, yen ana den
senengi, ing pangalemira, pan kongsi pandirangan, matane kongsi mandelik,
nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11. Aja ngalem aja mada lamun bisa, yen uga jaman mangkin, iya samubarang,
yen ora sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den
pikir.
12. Ngandhut rukun becik ngarepan kewala, ing wuri angrasani,
ingkang ora-ora, kabeh kang rinasan, ala becik den rasani, tan parah-parah,
wirangronge gumanti.
PUPUH VIII
WIRANGRONG
01. Den samya marsudeng budi, wiweka dipun waspaos, aja dumeh
bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes
prenahira.
02. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age
sira muwus, dununge den kesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowangnya.
03. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok
metua wong celathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah
micara.
04. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-ngarah
ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tinututan, mulane dipunprayitna.
05. Lan maninge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku gawe
reged badanipun, nanging mangsa mangkin, tan na etung prakara, supata ginawe
dinan.
06. Den padha gemi ing lathi, aja ngakehken pipisoh, cacah-cucah
srengen ngabul-abul, lamun andukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang
manggih duka.
07. Lawan padha den pakeling, teguhena lair batos, aja ngalap
randhaning sadulur, sanak miwah abdi, kanca rewang sapangan, miwah maring
pasanakan.
08. Gawe salah grahitani, ing liyan kang sami anon, nadyan lilaa
lananganipun, kang angrungu elik, ing batin tan pitaya, mangsa kuranga wanodya.
09. Tan wurung dipun cireni, ing batin ingaran rusoh, akeh
jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padha suda, pangandele
mring bandara.
10. Anu cacad agung malih, anglangkungi saking awon, apan
sakawan iku kehipun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga
wong durjana.
11. Kaping sekawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih
watekipun, ing rina lan wengi, mung bathine den etang, alumuh lamun kalonga.
12. Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem
ing tyasipun, ilanga sadhuwit, gegetun patang warsa, padha lan Hang saleksa.
13. Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana
wong teka iku, anggagawe ugi, gegadhen pan tumanggal, ulate teka sumringah.
14. Dene wong durjana ugi, nora ana den batos, rina wengi amung
kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, kalamun watek
durjana.
15. Dene bobotoh puniki, sabarang pakaryan emoh, lawan kathah
linyok para padu, yen pawitan enting, tan wurung anggagampang, ya marang
darbeking sanak.
16. Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun edol, lamun menang
ending gawe angkuh, pan kaya bupati, weweh tan ngarah-arah, punika awoning
bangsat.
17. Kabutuh pisan mamaling, tinitenan saya awon, apan boten
wonten panedipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggugulang ngabotohan.
18. Dene ta wong kang madati, kesede kamoran lumuh, amung
ingkang dadi senengipun, ngadhep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi
leyangan bedudan.
19. Yen leren nyeret andhidhis, netrane pan merem karo, yen wus
ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut wedi toya, lambe biru untu
pethak.
20. Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang wawoh, ambegane
sarwi melar mingkus, watuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestob bolira.
21. Yen mati
nganggo ndalinding, suprandene nora kapok, iku padha singgahana patut, aja na
nglakoni, wong mangan apyun ala, uripe dadi tontonan.
22. Iku kabeh
nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha
pakeling, aja na wani nerak, kang nerak tan manggih arja.
23. Lawan ana waler malih, aja sok
anggung kawuron, nginum sajeng tanpa mangsa iku, endi lire ugi, angombe saben
dina, pan iku watake ala.
24. Kalamun wong wuru ugi, Hang
prayitnaning batos, nora ajeg barang pikiripun, elinge ning ati, pan
baliyar-baliyar, endi ta ing becikira
25. Lan aja karem sireki, ing wanodya
ingkang awon, lan aja mbuka wadi sireku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli
corah, pan wis lumrahing wanita.
26. Tan bisa simpen wawadi, saking
rupeke ing batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri, apan
iku kinarya, ganjaran marang wong priya.
27.Kabeh den padha nastiti, marang
pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo
weh munfangat, kaya Pucung lan kaluwak.
PUPUH IX
P O C U N G
01. Kamulane, kaluwak nom-nomanipun, Pan dadi satunggal, pucung
arane puniki, yen wis tuwa kaluwake pisah-pisah.
02. Den budia, kapriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpula
kaya nomeki, enom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
03. Aja kaya, kaluwak enom kumpul, basa wis atuwa, ting salebar
dhewe-dhewe, nora wurung bakal dadi bumbu pindhang.
04. Wong sadulur, nadyan sanak dipunrukun, aja nganti pisah, ing
samubarang karsane, padha rukun dinulu teka prayoga.
05. Abot entheng, wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah,
pikire tan dadi siji, abotipun lamun biyantu ing karsa.
06. Luwih abot, wong duwe sanak sadulur, jitus tadlingira, yen golong sabarang pikir,
kacek uga lan wong kang tan sugih sanak.
07. Lamun bener, lan pinter pamomongipun, kang ginawe tuwa, aja
nganggo abot sisih, dipun padha pamengkune mring sentana.
08. Mapan ewuh, wong tinitah dadi sepuh, tan kena gumampang, iya
marang sadulure, tuwa anom aja beda traping karya.
09. Kang saregep, kalawan ingkang malincur, padha den kawruhan,
sira alema kang becik, kang malincur age sira bendonana.
10. Yen tan mari, binendon nggone malincur, age tinatrapan, sapantese
lan dosane, pan sentana dimene dadi tuladha.
11. Lan wong liya, darapon wedia iku, kang padha ngawula, ing batine
wedi asih, pan mangkono labuhan wong dadi tuwa.
12. Den ajembar, den amot lan den amengku, den pindha segara,
tyase ngemot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.
13. Pan sadulur, tuwa kang wajib pitutur, marang kadang taruna,
kang anom wajibe wedi, sarta manut wuruke sadulur tuwa.
14. Kang tinitah, dadi anom aja maegul, batin rumangsaa, yen wis
titahing Hyang Widdhi, yen mesgula ngowahi kodrating Suksma.
15. Nadyan bener, yen wong anom dadi luput, yen ta anganggoa,
ing pikirira pribadi, pramilane wong anom aja ugungan.
16. Yen dadi nom, denweruh ing enomipun, dene ingkang tuwa, denkaya
banyu ing beji, den awening paningale aja samar.
17. Lawan maning, ana ing pituturingsun, yen sira amaca, layang
iku sabarang layange, aja pijer ketungkul ningali sastra.
18. Caritane, ala becik dipunweruh, nuli rasa kena, layang iku
saunine, den karasa kang becik sira anggoa.
19. Ingkang ala, kawruhana alanipun, dadine tyasira, weruh ala
lawan becik, ingkang becik wiwitane sira wruha.
20. Wong kang laku, mangkana wiwitanipun, becik wekasanya, wong
laku mangkana wite, ing satemah puniku pan dadi ala.
21. Ing sabarang, prakara dipunkadulu, wiwitan wekasan, bener
lan lupute kesthi, ana becik wekasane dadi ala.
22. Dipunweruh, iya ing kamulanipun, kalawan wekasan, puniku
dipunkaliling, ana ala dadi becik ing wekasan.
23. Ewuh temen, babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira
ing budi, arang mantep wijiling basa raharja.
PUPUH X
M I J I L
01. Poma kaki padha dipun eling, ing pitutur ingong, sira uga
satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarta wasis, samubarangipun.
02. Lan den nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasabana
yen durung mangsane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, densamar
densemu.
03. Lan densami mantep maring becik, lan ta wekas ingong, aja
kurang iya panrimane, yen wus tinitah maring Hyang Widdhi, ing badan puniki, wus
pepancenipun.
04. Ana wong narima wus titahing, Hyang pan dadi awon, lan ana
wong tan narima titahe, ing wekasan iku dadi becik, kawruhana ugi, aja salang
surup.
05. Yen wong bodho kang tan nedya ugi, tatakon titiron, anarima
ing titah bodhone, iku wong narima nora becik dene ingkang becik, wong narima
iku.
06. Kaya upamane wong angabdi, amagang Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi
mantri utawa bupati, miwah saliyane, ing tyase panuju.
07. Nuli narima terusing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa
ing kanikmatane, sihing gusti tekeng anak rabi, wong narima becik, kang
mangkono iku.
08. Nanging arang ing mangsa samangkin, kang kaya mangkono, Kang
wis kaprah iya salawase, yen wis ana linggihe sathithik, apan nuli lali, ing
wiwitanipun.
09. Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, nora eling
ing mula-mulane, witing sugih sangkaning amukti, panrimaning ati, kaya nggone
nemu.
10. Tan rumasa murahing Hyang Widdhi, jalaran Sang Katong, ing jaman
mengko iya mulane, arang turun wong lumakweng kardi, tyase tan saririh, kasusu
ing angkuh.
11. Arang kang sedya amales ing sih, ing gusti Sang Katong, lawan
kabeh iku ing batine, tan anedya narima ing Widdhi, iku wong kang tan wrin, ing
nikma ranipun.
12. Wong kang tan narima dadi becik, titahing Hyang Manon, iki
uga iya ta rupane, kaya wong kang angupaya ngelmi, lan wong sedya ugi,
kapinteran iku.
13. Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira ngupados, undhaking
ing kapinterane, lan undhake ya kapinterane, utawa unggahing kawruh yekti, durung
marem batin, lamun durung tutug.
14. Ing pangrawruh ingkang densenengi, kang wus sem ing batos,
miwah ing kapinteran wus dene, ing samubarang pakarya uwis, nora nganggo lali,
kabeh wus kawengku.
15. Yen wong kang kurang narima ugi, iku luwih awon, barang gawe
aja age-age, anganggoa sabar lawan ririh, dadi barang kardi, resik tur rahayu.
16. Lan maninge babo denpakeling, ing pitutur ingong, sira uga
padha ngempek-empek, iya marang kang jumeneng aji, lair ing myang batin, den ngrasa
kawengku.
17. Kang jumeneng iku kang mbawani, wus karsaning Manon, wajib
padha wedi lan bektine, aja mampang perentahing aji, nadyan anom ugi, lamun
dadi ratu.
18. Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar ratu bener
parentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pesthi tan rahayu.
19. Nanging kaprah ing mangsa puniki, anggepe angrengkoh, tan
rumasa lamun ngempek-empek, ing batine datan nedya eling, kamuktene iki, ngendi
sangkanipun.
20. Yen elinga jalarane mukti, pesthine tan ngrengkoh, saking
batin durung ngrasakake, ing pitutur ingkang dhingin-dhingin, dhasar tan
praduli, wuruking wong sepuh.
21. Ing dadine barang tindak iki, arang ingkang tanggon, saking
durung ana landhesane, nganggo ing karsanira pribadi, ngawag barang kardi, dadi
tanpa dhapur.
22. Mulane ta wekas ingsun iki, den kerep tatakon, aja isin
ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi kakasih, pinter
tan winuruk.
23. Sabakdane pan tan ana ugi, pintere tatakon, mapan lumrah ing
wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadia pikukuh.
24. Ing driyanira dadi tatali, ing tyas dimen adoh, sakehing ati
kang ala kiye, nadyan lali ya pan nuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang
banget tuwajuh.
25. Kacek uga lan kang tanpa ngelmi, sabarange kaot, dene ngelm
iku ingkang kangge, sadinane gurokna kariyin, pan sarengat ugi,parabot kang perlu.
26. Ngelmu sarengat puniku dadi, wawadhah kang sayektos, kawruh
tetelu kawengku kabeh, pan sarengat kanggo lair batin, mulane den sami,
brangtaa ing ngelmu.
PUPUH XI
ASMARANDANA
01. Padha netepana ugi, kabeh parentahing sarak, terusna lair
batine, salat limang wektu uga, tan kena tininggala, sapa tinggal dadi gabug,
yen misih dhemen neng praja.
02. Wiwit ana badan iki, iya teka ing sarengat, ananing manungsa
kiye, rukun Islam lilima, nora kena tininggal, iku parabot linuhung, mungguh
wong urip neng dunya.
03. Kudu uga den lakoni, rukun lilima punika, mapan ta sakuwasane,
nanging aja tan linakyan, sapa tan ngalakonana, tan wurung nemu bebendu, padha sira
estokena.
04. Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh mring Nabiyullah, ing
dalil kadis enggone, aja na ingkang sembrana, rasakna den karasa, dalil kadis
rasanipun, dadi padhang ing tyasira.
05. Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe
padha lan kebo, angur kebo dagingira, kalal yen pinangana, pan manungsa
dagingipun, yen pinangan pesthi karam.
06. Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman, marang papaes donya, siang dalu dipun emut, yen urip
manggih antaka.
07. Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas langar lancang, calak
ladak sumalonong, aja edak aja ngepak, lan aja siya-siya, aja jail para padu,
lan aja para wadulan.
08. Kang kanggo ing mangsa mangkin, priyayi nom kang den gulang,
kaya kang wus muni kuwe, lumaku temen kajena, tan nganggo etung murwat, lumaku kukudhung
sarung, anjaluk den dhodhokana.
09. Pan tanpa kasur sayekti, satriya tan wruh ing tata,
ngunggulaken satriyane, yen na ngarah dinodhokan, anganggoa jajaran, yen niat
lunga anyamur, aja ndhodhokken manungsa.
10. Iku poma dipuneling, kaki mring ptitutur ingwang, kang wis
muni mburi kuwe, yen ana ingkang nganggoa, cawangan wong mbelasar, saking nora
ngrungu tutur, lebar tan dadi dandanan.
11. Barang gawe dipuneling, nganggoa tepa sarira, parentah lan
sabenere, aja ambeg kumawawa, amrih denwedenana, dene ta wong kang wis luhung,
nggone amengku mring bala.
12. Denprih wedi sarta asih, pamengkune maring wadya, wineruhena
ing gawe, den bisa aminta-minta, karyaning wadyanira, ing
salungguh-lungguhipun, ana karyane priyangga.
13. Sarta weruhna ing becik, gantungana ing tatrapan, darapon
pethel karyane, dimene aja sembrana, anglakoni ing karya, ywa dumeh asih
sireku, yen leleda tatrapana.
14. Nadyan sanak-sanak ugi, yen leleda tinatrapan, murwaten
lawan sisipe, darapon padha wedia, ing wuri ywa leleda, ing dana kramanireku,
aja pegat den warata.
15. Lan maninge suta mami, mungguh anggep wong ngawula, den suka
sokur ing batos, aja pegat ing panedha, mring Hyang kang amisesa, ing raina
wenginipun, mulyaning nagara tata.
16. Iku uga den pakeling, kalamun mulya kang praja, mupangati
mring wong akeh, ing rina wengi ywa pegat, nenedha mring Pangeran, tulusing karaton
prabu, miwah arjaning nagara.
17. Iku wawalesing batin, mungguh wong suwiteng nata, ing lair
setya tuhune, lawan cecadhang sakarsa, badan datan lenggana, ing siyang dalu
pan katur, pati uriping kawula.
18. Gumantung karsaning gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya
jaman mangke, yen wis oleh kalungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna
bathinipun, ing tyase datan rumangsa.
19. Awite dadi priyayi, sapa kang gawe mring sira, nora weruh
wiwitane, iya weruhe witira, dadi saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge
lir wong dagang.
20. Pikire gelisa pulih, rurubane duk ing dadya, ing rina wengi
ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing bendara, linggihe lawan tinuku, tan
wurung angrusak desa.
21. Pamrihe gelisa bathi, nadyan mbesuk den pocota, duweke sok
wisa puleh, kapriye lamun tataa, polahe salang tunjarig, padha kaya wong
bebruwun, tan etung duga prayoga.
22. Poma padha den pakeling, nganggoa sokur lan rila, narima ing
sapancene, lan aja amrih sarana, mring wadya nandhang karya, lan padha amriha
iku, arjaning kang desa-desa.
23. Wong desa pan aja nganti, ewuh nggone nambut karya, sasawah
miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den ulah-ulah, dimene tulus nanandur,
pari kapas miwah jarak.
24. Yen desa akeh wongneki, ing bathi pasthi sira, wetuning
pajeg undhake, dipunrereh pamrihira, aja nganti rekasa, den wani kalah rumuhun,
beya kurang paringana.
25. Kapriye gemaha ugi, sakehe kang desa-desa, salin bekel
pendhak epon, pametune jung sacacah, bektine karobelah, satemah desane suwung,
priyayi jaga pocotan.
26. Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkana, tan wurung
lingsem temahe, den padha angestokena, mring pitutur kang arja, nora nana
alanipun, wong nglakoni kabecikan.
27. Nom-noman samengko iki, yen den pituturi arja, arang kang angrungokake,
den slamur asasembranan, emoh yen anirua, malah males apitutur, pangrasane uwis
wignya.
28. Aja ta mengkono ugi, yen ana wong cacarita, rungokena
saunine, ingkang becik sira nggoa,buwangen ingkang ala, anggiten sajroning
kalbu, ywa nganggo budi no-noman.
PUPUH XII
S I N O M
01. Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning janmi, amiguna
ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa, aja na ngarani bangkit, suka lila den ina sapadha-padha.
02. Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun
dekek ngarsa, isin menek den arani, balilu ing sujanmi, nanging batin ingsun
cubluk, parandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene
sugih carita.
03. Tur duk ingsun maksih bocah, akeh kang amitututi, lakuning
wong kang kuna-kuna, lalebetan ingkang becik, miwah carita ugi, kang kajaba
saking ngebuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undhaking
kabisan.
04. Carita nggon ingsun nular, wong tuwa kang momong dhingin,
akeh kang sugih carita, sun rungokken rina wengi, samengko maksih eling, sawise
diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing
pratingkah kang raharja.
05. Nanging padha ngestokena, pitutur kang muni tulis, yen sira
nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong
sepuh-sepuh, muga padha bisaa, anganggo pitutur becik, ambrekati wuruke wong
tuwa-tuwa.
06. Lan aja na lali padha, mring luluhur ingkang dhingin,
satindake den kawruhan, angurangi dhahar guling, nggone ambanting dhiri, amasuh
sariranipun, temune kang sineja, mungguh wong nedha ing Widdhi, lamun temen
lawas enggale tinekan.
07. Pangeran kang sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang
temen tinemenan, pan iku ujaring dalil, nyatane ana ugi, iya Ki Ageng ing
Tarub, wiwitane nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge
kang tampa.
08. Panembahan senapatya, kang jumeneng ing matawis, iku
kapareng lan mangsa, dhawuh nugrahaning ingkan Widdhi, saturune lestari, saking
brekating luluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang kari-kari, wajib uga anirua
lakunira.
09. Mring luhur ing kuna-kuna, enggone ambanting dhiri, iya
sakuwasanira, sakuwate anglakoni, nyegah turu sathithik, sarta nyuda
dhaharipun, pirabara bisaa, kaya ingkang dhingin-dhingin, atirua sapratelon
saprapatan.
10. Ana ta silih bebasan, padha sinaua ugi, lara sajroning
kapenak, suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mapan suka ing
jronipun, iku den sinaua, lan mati sajroning urip, ing wong kuna pan mangkono
kang den ngulang.
11. Pamoring Gusti kawula, pan iku ingkang sayekti, dadine sotya
ludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki, tembaga lawan mas iku, linebur
ing dahana, luluh amor dadi siji, mari nama kencana tuwin tembaga tuwin.
12. Ingaranana kencana, pan wus kamoran tembagi, ingaranana
tembaga, wus kamoran kancanadi, mila dipunweatani, mapan suwasa punika, pamore
mas tembaga, pramila namane salin, lan rupane sayekti punika beda.
13. Cahya abang tuntung jenar, punika suwasa murni, kalamun gawe
suwasa, tembagane nora becik, pambesote tan resik, utawa nom emasipun, iku
dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
14. Yen arsa karya suwasa, darapon dadine becik, amilihana
tembaga, oliha tembaga prusi, binesot ingkang resik, sarta mase ingkang sepuh,
resik tan kawoworan, dhasar sari pasthi dadi, iku kena ingaran suwasa mulya.
15. Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun arsa
ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan napsu,
luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, dadi mene sarira bisaa tunggal.
16.
Lamun ora
mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ngelmu ingkang nyata, nora kena den
sasabi, ewuh gampang sayekti, punika wong duwe kawruh, gampang yen winicara,
angel yen durung marengi, ing wektune binuka jroning wardaya.
17. Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes
den talatenana, lawas-lawas mbok pinanggih, den mantep jroning ati, ngimanken
tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa utami, apan ana dalile kang wus
kalakyan.
18. Para luluhur sadaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa mbaboni
praja, dadi ugering rat Jawi, saking talaten ugi, enggone katiban wahyu, ing
mula mulanira, lakuning luluhur dhingin, andhap asor enggone anamur lampah.
19. Tapane nganggo alingan, pan sami alaku tani, iku kang
kinarya sasab, pamrihe aja katawis, ujubriya lan kabir, sumungah ingkang sinungkur,
lan endi kang kanggonan, wahyuning karaton Jawi, tinempelan anggenipun
kumawula.
20. Puniku laku utama, tumindak sarta kekelir, nora ngatingalken
lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore
ngelmu rasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja na tinggal lanjaran.
21. Lawan ana kang wasiyat, prasapa kang dhingin-dhingin, wajib
padha kawruhana, mring anak putu kang kari, lan aja na kang lali, anerak
wewaleripun, marang luluhur padha, kang minulyakken ing Widdhi, muga-muga mupangatana
kang darah.
22. Wiwitan kang aprasapa, Ki Ageng ing Tarub weling, ing
satedhak turunira, tan rinilan nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak
waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge lan ora keni, angingua marang wong
wandhan tan kena.
23. Dene Ki ageng Sesela, prasapane ora keni, ing satedhak
turunira, nyamping cindhe den waleri, kalawan nora keni, ing ngarepan nandur
waluh, wohe tan kena mangan, Panembahan Senapati, ing ngalaga punika ingkang
prasapa.
24. Ing satedhak turunira, mapan nora den lilani, nitih kuda
ules napas, lan malih dipun waleri, nitih turangga ugi, kang kokoncen
surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan na nunggoni, dipun emut aja na
nerak prasapa.
25. Jeng Sultan Agung Mataram, prasapane nora keni, mring
tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit, nganggo waos tan keni, kang landheyan
kayu wregu, lan tan ingaken darah, yen tan bisa tembang kawi, pan prayoga satedhake
sinaua.
26. Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur
madeg Kartasura, prasapanipun tan keni, nenggih kalamun nitih, dipangga
saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturuneki, tan linilan ngujung
asfana ing Betah.
27. Lawan tan kena nganggoa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan
yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lan aja na nggagampil, puniku
prasapanipun, nenggih Jeng Susuhunan,
Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
28. Mangan apyun nora kena, sineret tan den lilani, nadyan nguntal
linarangan, sapa kang wani nglakoni, narajang waler iki, yen nganti kalebon
apyun, pan kena ing prasapa, jinabakken tedhakneki, Jeng Susunan ingkang sumare
Nglaweyan.
29. Prasapa Jeng Susuhunan, Pakubuwana kaping tri, mring
satedhak turunira, mapan datan den lilani, agawe andel ugi, wong kang seje
jinisipun, puniiku linarangan, anak putu wuri-wuri, aja na kang wani nrajang
prasapa.
30. Wonten waler kaliwatan, saking luluhur kang dhingin,
linarangan angambaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Dananjaya
ing dangu, lan malih winaleran, kabeh tedhake Matawis, yen dolana ing wana Rami
tan kena.
31. Dene sisirikanira, yen tedhak ing Demak ugi, anganggo wulung
tan kena, lawan ta kang nyirik malih, bebed lonthang tan keni, kalamun tedhak
Madiyun, lan payung dhandhan abang, tedhak Madura tan keni, nganggo poleng lan bathikan
parang rusak.
32. Tedhaking Kudus tan kena, adhahara daging sapi, tedhaking
Sumenep ika, nora kena ajang piring, watu pan datan keni, dhahar kidang dagingipun,
mapan ta linarangan, godhong palasa kiardi, aja mangan pan puniku nora kena.
33. Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang
kuna-kuna, walering luluhur dhingin, estokna ing jro ngati, aja nganti nemu
dudu, kalamun wani nerak, pasthi tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang
atampa.
PUPUH XIII
G I R I S A
01. Anak putu den estokna, warah wuruke si bapa, aja na ingkang
sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking
bapa, ing tyas den padha santosa, teguhena jroning nala.
02. Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking
Hyang Maha Mulya, nitahken ing badanira, lawan dipunawas uga, asor unggul waras
lara, tanapi begja cilaka, urip tanapi antaka.
03. Iku saking ing Hyang Suksma, miwah ta ing umurira, kang
cedhak lawan kang dawa, wus pinesthi mring Hyang Suksma, duraka yen maidoa,
miwah kuranga panrima, ing lokhilmahfule kana, tulisane pan wis ana.
04. Yogya padha kawruhana, sisikune badanira, ya marang Hyang Mahamurba,
Kang Misesa marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang
padha wruh ing makna, iku kang para ngulama.
05. Kang wis wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib
mokaling Hyang Suksma, miwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta
ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal karam takokena.
06. Sunat lan perlu punika, prabot kanggo saben dina, iku uga
dipunpadha, terang ing pitakonira, lan aja bosen jagongan, marang kang para ngulama,
miwah uwong kang sampurna, pangawruhe mring Hyang Suksma
07. Miwah patrap tata karma, ing tindhak-tandhuk myang basa,
kang tumiba marang nistha, tuwin kang tumibeng madya, tanapi tibeng utama, iku
sira takokena, ya marang wong kang sujana, miwah ing wong tuwa-tuwa.
08. Kang padha bisa micara, tuwin ingkang ulah sastra, iku
pantes takonana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra, utawa teka
carita, ingkang kinarya gondhelan, amurukken mring wong mudha.
09. Lawan sok karepa maca, sabarang layang carita, aja anampik
mring layang, carita kang kuna-kuna, layang babad kawruhana, caritane luhurira,
darapon sira weruha, lalakone wong prawira.
10. Miwah lalakon nalika, kang para wali sadaya, kang padha oleh
nugraha, asale saking punapa, miwah kang para satriya, kang digdaya ing ayuda,
lakune sira tirua, lalabetan kag utama.
11. Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh
pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang luhur padha, miwah lakuning
nagara, pan kabeh aneng carita, ala becik sira wruha.
12. Yen durung mangarti sira, caritane takokena, ya marang wong
tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira,
nanging ta dipunelingan, sabarang kang kapiyarsa.
13. Aja na tiru si bapa, banget tuna bodho mudha, ketul tan duwe
graita, katungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa,
marang ing pitutur yogya, kabeh padha anyakepa.
14. Ing sawewekasing bapa, muga ta kalakonana, kabeh padha
mituruta, panedhaningsun mring Suksma, lanang wadon selameta, manggiha suka
raharja, ing dunya miwah akhirat, dinohna ing lara roga.
15. Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure
padha, padha sugiha barana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan
maninge aja, nganti kepegatan tresna.
16. Padha uga den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur
punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking
bapa, Hyang Suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.
17. Den bisa nampani padha, mungguh sasmitaning Suksma, ingkang
dhawuh marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe
kang ala, kang tumiba siya-siya, iku paparing Hyang Suksma.
18. Paring peling marang sira, tinuduhaken ing marga, kang bener
kang kanggo uga, ing donya ingkang sampurna, muga anak putu padha, kenaa dadi
tuladha, kabecikaning manungsa, tinirua ing sujanma.
19. Sakehing wong kapengina, aniru ing solah bawa, marang anak
putu padha, anggepe wedi asiha, kinalulutan ing bala, kedhepa parentahira,
tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.
20. Dinohna saking duraka, winantua ing nugraha, sakeh anak putu
padha, ingkang ngimanaken uga, marang pituturing bapa, Allah kang nyembadanana,
ing pandonganingsun iya, ing tyas ingsun wus rumasa.
21. Wak ingsun umpama surya, lingsir kulon wayahira, pedhak
mring surupe uga, atebih maring timbulnya, pira lawase neng donya, ing
kauripaning janma, mangsa nganti satus
warsa, iya umuring manungsa.
22. Mulane sun muruk marang, kabeh ing atmajaningwang, suntulis
sunwehi tembang, darapon padha rahaba, enggone padha amaca, sarta ngrasakken
carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi elinga.
23. Lan muga padha tirua, kaya luluhure padha, sudira betah
atapa, sarta waskitha ing nala, ing kasampurnaning gesang, kang patitis nora mamang,
iku ta panedhaningwang, muga padha kalakona.
24. Titi tamat kang carita, serat wawaler mring putra, kang yasa
serat punika, nenggih Kangjen Susuhanan,
Pakubuwana kaping pat, ing galih panedyanira, kang amaca kang miyarsa,
yen lali muga elinga.
25. Telase panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad Kalilwon
taun Dal, tata guna swareng nata (1735), mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsan
kang atampa, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar