Lelagone angin ketigajroning wirama
sepi
Binarung swara ombak nyendhal ati
Kumlebat wewayangan(mu) ngronce
kembang
Nothog lawang panggadhang
Saka panggul dak laras lelagon
wengi
Nalika kelipe konang nyoba nglacak
swara boning
Kang lagi mbabar cangkriman
Sangisore sunar rembulan
Saka panggul dak laras lelagon
wengi
Nalika cahyane lintang ngiris ati
Panjebar Semangat No. 40 - 4 Oktober 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar