Kamis, 25 Desember 2014

Tembung Lingga lan Andhahan

Tembung Lingga
Inggih punika tembung ingkang dereng ewah saking aslinipun:
- tulis, turu, tuku.

Tembung Andahan
Inggih punika tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.

Tembung lingga saged ewah dados tembung andhahan, sabab:

1. angsal wewahan:
   a. dipun wewahi ing sangajenging tembung wewahan,
       wewahan sangaj
eng tembung naminipun Ater-ater:
       m, n, ny, dak, ko di, ke, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
   b. dipun wewahi ing sawingkingipun t
embung,
       wewahan sawingkinging t
embung naminipun Penambang:
       ku, mu, e, en, an, i, ake, a, na, ana, ne.
c. angsal s
eselan: in, um,    jupuk – jinupuk,
   gantung – gumantung.

2. dipun rangkep:   a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali
   b. ngajeng: tetuku
   c. wingking: cengenges.

3. dipun campur (cambor) kaliyan tembung sanes:
   baya – pakewuh.

4. dipun cekak (wantah) :
    dhuwit – dhit.

“MITONI / TINGKEBAN”

     Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih  dilakoni nang  sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan  nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake  penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.

ASAL-MUASAL “TINGKEBAN”
            Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana mbiyen mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb, ya iku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau mati cilik. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong loro mau ngadep lan matur kahanane marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya.
Jayabaya menehi pitutur sing kudu dilakoni,  Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nglakoni pira-pira ritual. Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu sregep manembah mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong loro mau kudu uga menehake sesajen arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sawuse nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu umur kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual kaya dene sing dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng pitung wulan, lan kanthi pangarep supaya baying ing weteng lan ibune bias slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh ritual iku diarani “Tingkeban”.

UBORAMPE KANGGO TINGKEPAN
Ana telung tradisi sing dilakoni wektu meteng, yaiku NeloniTingkeban utawa Rujakan lan Procotan nanging sing wis kulina dilakoni among tingkeban.
Adoh sadurunge meteng ngidak wektu pitung wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake dina sing apik miturut petungan jawa. Miturut petungan jawa, dina sing apik iku dina kang nduweni neptu genep.

No
Jeneng Dina
Neptu
No
Jeneng Pasaran
Neptu
1
Ahad
5
1
Legi
5
2
Senin
4
2
Paing
9
3
Selasa
3
3
Pon
7
4
Rabu
7
4
Wage
4
5
Kamis
8
5
Kliwon
8
6
Jum’at
6



7
Sabtu
9




Saliyane nemtokake dina, uborampe uga kudu disiapake. Dene uborampene ya iku.
No
Jeneng Ritual
Wektu
Piranti

1
Neloni
Meteng wulan kaping telu
Takir plontang 4 buah
Golong 7 buah
Jajan pasar
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang sengkolo
2
Tingkeban
Meteng wulan kaping pitu
Woh-wohan
Punar 2 buah
Kembang setaman
Sesaji dakripin(Suro ganep)
Daun dadap serep
Daun beringin
Daun andong
Janur
Mayang



Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
3
Procotan
Meteng wulan kaping wolu
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
Jenang inthil-inthil
Jenang sewu (dawet)
Jenang sempuro
Jenang kembo
Jenang procot
Jenang arang-arang kambang
Ketupat lepet

 URUTANING UPACARA MITONI
1.      Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua

2.      Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.

3.      Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.

4.      Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang

5.      Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancer.

6.      Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan puji keselametan.

7.      Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didorong utawa disurung.

8.      Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.

Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

Tembang Sluku-Sluku Bathok Ngemot Pitutur Luhur



            Satlereman Tembang-tembang dolanan kayadene: Cublak-cublak Suweng, Suwe Ora Jamu, Te-kate Dipanah, Gambang Suling lan liya-liyane, wus mbalung-sungsum tumrap wong jawa. Jarene para simbah, jaman samana bisa katon luwih nges, yen olehe ngidungake ana tengah-ing latar, gek pinuju padhang rembulan. Ya ora jeneng mokal, awit nalika samana (mligine ing karang padesan) durung ana listrik. Sing ana ya mung senthir, yaiku diyan kanthi lenga patra (minyak tanah).
            Mesthi, gandheng saben wektu bengi racake petengan, njur ana padhange rembulan, mesthi wae bengi dinulu asri, jalaran kepadhangan cahyaning rembulan, tur pinuju ora mangsa udan. Banjur racake wong-wong (mligine bocah-bocah) padha jagongan ana latar sinambi tetembangan apadene dedolanan. Tembang-tembang kang dikidungake saweneh kaya dakaturake ana dhuwur. Mung suwasana utawa kahanan asri kang kaya dak aturake ana dhuwur, saiki wus sirna, ilang kaendahan alam kang sarwa peni, gumanti jumedhule listrik kang wus lumebu ana kabeh tlatah.
            Ing antarane mapirang-pirang tembang, ana kang kanthi irah-irahan Sluku-sluku Bathok, apadene lir-ilir, kang yen dibeset ngemot pitutur luhur. Malah kepara yen kober njingglengi apadene ninthingi, bakal nemokake pirang-pirang wasita aji, mligine babagan manembah marang Allah SWT. Awit kang ngaranan tembang mono, isine sawijining “piweling” saka pangriptane. Mula yen ora pinter olehe nyugatakake, wewatakaning tembang kasebut, sisip-sembire bisa cengkah kelawan pangajabe pangripta.
Dene Tembang Sluku-sluku Bathok unen-unenane mangkene:
            Sluku-sluku Bathok
            Bathoke ela-elo
            Si rama menyang Sala
            Leh-olehe paying motha
            Mak jenthit lololobah
            Wong mati ora obah
            Yen obah medeni bocah
            Yen urip goleka dhuwit

            Satlereman tembang kasebut mung katon prasaja wae. Malah kepara ing antarane ukara siji lan ukara liyane ora ana gegayutane. Teges ora ana kang manjila tembung-tembunge. Malah kepara angel tinegesan. Nanging manut para wegig ing kono sejatine kebak ing pasemon, miwah sanepan. Jalaran tembung-tembunge mujudake tembung playon saka Basa Arab. Besetane, mangkene: Larikan sepisan: Sluku-sluku Bathok saka tembung: Huslu-huslu batinu….
            Ing kana mengku teges: Padha dusana batinira. Ing kene ngemot piweling, sadurunge sira kabeh ngedusi badan (wadhag), mangka ndhisikna adus batin. Adus batin bisa dimaknani reresik jiwa, murih pikire bisa wening, yen ana Lagu Kebangsaan Indonesia Raya ana ukara: Bangunlah jiwanya, bangunlah badannya…lan sabanjure.
            Rereged kang mapan ana badan, luwih gampang olehe ngresiki. Nanging rereged kang dumunung ana batin, iku luwih angel olehe masuh. Lha, ing kene dikupiyakake murih batine resik luwih dhisik, sawise iku nembe masuh utawa ngedusi raga. Batin kang resik, gampang nampani piwulang apa wae. Batin kang resik luwih gampang cecaketan marang Allah SWT. Bisa uga ing kene winujudake klawan taqarruban ilallah.., nyaketake jiwa nyang Allah kanthi temen-temen. Kabeh mung murih ridla-Ne Allah SWT. Batin kang resik mahanani kebak ing rasa lega-rila miwah legawa.
            Larikan kapindho: Bathoke ela-elo, saka tembung: Batinu laa-ilaha-ilallah. Werdine, ing batin tansah dzikir (eling) nyang Allah kanthi lafadl: Laa-ilaha-ilallah. Mangkene: Ora ana Pangeran kang wajib sinembah kejaba mung Gusti Allah. Wong kang atine tansah cecaketan marang Allah SWT, atine tansah istiqomah, tundone sengkut olehe ngibadah, kanthi tansah ambudidaya, bisane nindakake kabeh dhawuhing Allah, miwah nyingkiri kabeh larangane Allah, ya ingkang winastanan taqwa.
            Larikan telu: Sirama menyang Sala. Siram, tegesse adus. Sirama tegese adusa. Ing kene ana pasemon, kita kabeh kadhawuhan adus. Adus kang dikarepake yaiku adus gedhe, utawa jinabat, utawa adus junub. Ing gegebengan Islam, jinabat/junub/siram jamas, yaiku adus karmas, kang ing antarane kang den sebabake metu mani tumrap kang wus diwasa, karana sasambungan badan karo bojone, apadene bubar ngimpi (“ngimpi basah”). Dene tumrap kaum putrid, adus jamas ditindakake sawise rampung nggarapsari (menstruasi) lan sapanunggale.
            Ana tuntunan saka ngelmu Fiqih, kang ndhawuhake, sadurunge nindakake jamas, supaya luwih dhisik wudlu. Menyang Sala. Tembung iki sejatine keplase Menyang Sholat, ya Sholat wajib kang tumrap wong Islam, sedina sewengi kaping lima. Besetane utawa galihe tembung mau, Si rama menyang Sala, (Adusa gek ndang Sholata)
            Larikan papat: Leh-olehe payung motha. Ukara iki saka tembung utawa lafadl: Laa-ilaha-illallahu hayyul-mauta. Laa-ilaha-illallahu, manut tuntunan Islam, maknane: “Ora ana Pangeran kang wajib disembah, kejaba Allah.” Hayyul/Hayyun maknane: urip. Mauta tegese mati. Jlentrehe, manungsa supaya tansah dzikir (eling), lan tansah nyebut asmane Allah, pumpung isih pinaringan umur, tegese pumpung isih urip. Ing kana ana prentah, padha ngibadaha, sira kabeh marang Ingsun (Allah), sadurunge sira kabeh tekan ing pati. Elinga sadurunge ora eling, manungsa den ajab, supaya tansah amaca lafadl dzikir, (Laa-ilaha-illallah), kanthi temen-temen, lan nganti tumanjem ing kalbu, sokur bage dzikire mbarengi keteging jantung, lan mbarengi mlebu metune nafas.
            Elinga, uripe manungsa mono ngambah telung perkara yaiku: nafas-tan nafas-anfus(manfus): mampus (pralaya). Ing jaman samengko, manungsa luwih wedi kelawan padha-padha manungsa katimbang wedi marang Allah. Tuladhane: manungsa rumangsa anteng (“tenang”), dioyak sepirang-pirang dosa, nannging manungsa mlayu kamigilan, nalika dioyak polisi siji.
            Para manungsa padha kuwalik keblate, sing becik malah kesirik, sing ala malah ketampa. Tundhone para manungsa padha ninggalake dhawuh lan nglakoni cegah. Adhedhsar larikan 4 tembang mau, manungsa diajab eling lan tansah eling. Emut sadurunge maut. Manungsa kang tansah eling iku pindha tansah nyangking kawaspadan. Kanthi mangkono, pertingkahe bakal mracihnakake luhuring bidi, miwah lakutama.
            Larikan 5 lan 6:
            Mak jenthit lololobah
            Wong mati ora obah.
            “Jenthit” pasemon titimangsa “syakarotil maut”, yaiku sangat utawa wektu nalika manungsa meh pecat nyawa. Ya ing kono iku, remasuke utawa nunjeme sewu lara dadi siji. Sambat ngaru-ara. Ora ana kang bisa aweh pitulung, kejaba amal utawa pegaweane nalika urip sadurunge. Lan iku bakal manempuh marang sapa wae, senajan sekti mahambara, dhuwur kalungguhane, ngemperi donya bandhane, nanging pati iku mesthi bakal manempuh. Wong mati ora bisa obah. Kamangka manungsa ora bisa semaya utawa njaluk inah wektu, ora bisa!! Najan keduwung, nanging wus kadhung. Semono wae kadhangkala naliki isih sentosa ragane, dikon ngibadah (manut gegebenge) sok sungkan, ngenteni yen wis sepuh. Mangka durung karuhan yen umure tekan sepuh. Luwih-luwih yen durung duwe “sangu” kanggo mati… mbadakalani!! Mula pumpung isih bisa “obah” enggala ngibadah, nindakake apa dhawuhe agamane dhewe-dhewe, lan mbudidaya kanthi temen-temen, nilar kabeh larangan agamane.
            Sing sapa kang manembah maring Gusti, bakal den ilangi reruwete, lan bakal den paring ganjaran kang ora kanyana-nyana. Nanging sapa wonge kang cidra maring gusti, yekti bakal nampa pasiksan kang abot.
            Larikan 7 lan 8:           Yen obah medeni bocah
                                    Yen urip goleka  dhuwit
            Ing kana aja pasemon miwah pralampita, “Yen obah medeni bocah”, maknane, sadurunge seda, supaya ngedum tinggalan sarana adil adhedhasar pranatan kang gumathok. Jalaran yen ora, mengkono tinggalane kanggo padudon, dening sing isih padha urip. Tundhone banjur padha cecongkrohan, wekasan banjur rengka olehe padha seduluran, merga bandha warisan. Lha pepuntone kang wus seda “obah” ana alam kalanggenan, tegese goreh ora jenjem ana alam kasedan jati, jalaran ora mokal diucaprasani dening wong-wong kang tininggal. Pasemone “medeni bocah”.
            Yen urip goleka dhuwit. Ora sithik wong kang mbuwang kalodhangan. Tegese ana saperangan wong kang ora nggemateni/nggemeni wektu. Dina sasi taun windu lumaku muspra tanpa den gunakake kanthi becik. Kamangka Utusing Allah wus dhawuh:
            “Gunakna limang perkara, sadurunge teka limang perkara.”
            Gunakna:
1.      Enommu sadurunge tuwa
2.      Longgarmu sadurunge ciyut
3.      Warasmu sadurunge lara
4.      Sugihmu sadurunge mlarat
5.      Uripmu sadurunge mati
Dhawuh kang angka loro:
Nyambut gawea kanggo donyamu kaya-kaya arep urip salawase
Nyambut gawea kanggo akhiratmu kaya-kaya arep mati sesuk esuk.
Ing dhawuh mau cetha, yen manungsa murih sengkut makarya, lima iku bab makarya urip, apadene makarya kanggo sangu mati. Yen dijengglengi lan dithinthingi kanthi njlimet, kacihna yen Allah lan utusane Allah iku banget olehe ngeman marang kawulane. Tegese ing kana ana pangebang-bang tumrap kang sumanggem nindakake dhawuh, bakal nampa kekucah, nanging ya ana pangancam tumrap kang lirwa ing dhawuh. Iku yen diudhari lan dibeset galihe, yekti jembar jlentrehe.
Tundhone mung kari nari tekade dhewe-dhewe. Karana ing jaman samengko ajak-ajak apadene akon, wus murah regane. Lan jaman samengko wong-wong ora mbutuhake pitutur kang becik. Wusana sumangga, karana kabeh mung bakal ngundhuh wohing pakarti.


 Dening: Soegiyono MS
Sumber: Djaka Lodang No. 44, 4/4/2009