Minggu, 11 Januari 2015

Unggah-ungguhing Basa



Basa Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhe nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi, caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur-umuranipun utawi derajatipun lan malih pancen wonten tembung tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten utawi boten matis. Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun):  maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggenipun ing basa kasar.
Antawisipun lare kaliyan nem-neman sampun boten cak - cakanipun, semanten ugi antawisipun nem-neman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun. Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa sanes boten wonten (dereng dipunsumerepi) upaminipun tembung: kadingaren, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun. Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget ewah-ewahipun, margi saking pepaking ater-ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhe katerangaken ing wingking. Dene unggah-ungguhing basa inggih punika caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.

A. Unggah ungguhing Basa.
1.      Basa Ngoko.
a.       Ngoko Lugu
wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya. Dipun ginakaken:
1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2. Dhateng kapernah nem (anak, putu, murid, sémah).
3. Manawi pinuju ngunandika.
4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).
b. Ngoko Andhap Antya Basa
wujudipun: ngoko, krama inggil. Dipun ginakaken:
1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil derajatipun.
2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi?
c. Ngoko Andhap Basa Antya
wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama. dipun ginakaken: antya - basa.
Tuladha:
Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku.
2.      Basa Madya:
Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha Basa Madya: nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun, samang dika, lsp.

Basa Madya Kaperang:
a.       Madya Ngoko,
wujudipun ngoko, madya.
Tuladha: Nek dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada murah.
b.      Madya - Krama,
wujudipun: Madya kaliyan krama.
Tuladha: Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten kok diwastani awon.
c.       Madya Antara,
wujudipun: Madya krama, krama inggil. Dipun ginakaken:
1. Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
2. Garwa priyantun.
3. Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha: Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken.

3.      Basa Krama,
a.       Kramantara,
wujudipun krama thok krama lagu. Dipun ginakaken:
1. Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2. Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha: Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg mlampah mlampah wonten sapinggiring lèpèn, lsp.
b.      Muda Krama,
wujudipun: Krama lan krama inggil.
Basa Muda krama basa ingkang saé lan alus piyambak. Ingkang ngginakaken:
1. Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2. Murid dhateng gurunipun.
3. Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha: Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak.
c.       Krama Inggil,
wujudipun: Muda krama, namung tembung: mu- dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan dalem. Dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha: Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi anakipun dalem saweg sakit.
d.      Wreda krama,
wujudipun: krama nanging ater-ater lan panambang boten dipun kramakaken.
Tuladha: Manawi diparengake griyane ingkang kilen punika kula enggenane.
"di", "é", "aké" boten dipun kramakaken.
e.       Krama desa
Krama desa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
- jaran, kramanipun kapal dados kepel.
- dhuwit, kramanipun arta dados yatra
- tuwa, kramanipun sepuh dados sepah
- belo, kramanipun dados belet- dhele, kramanipun dados dhekeman
- Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn

4.      Basa Kedhaton,
Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
Tuladha:
- manira = aku
- pakenira = kowe
- enggah = inggih
- darbe = duwe
- boya = ora
- besaos = bae

5.   Basa Kasar
Basa kasar dipun angge tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp. Pokokipun boten sekeca manawi dipun mirengaken, mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.
Cathetan:
Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados teori, kirang praktis. Mila limrahipun kaum guru namung mleter murid-murid mawi basa krama ingkang meh mesthi kanggenipun: Muda krama.

 B. Ngulinakaken Nggladi Basa,
            Ngengeti ing jaman samangke kathah para muda ingkang sampun ical tata kramanipun saha unggah ungguhipun, langkung langkung bab anggenipun ngginakaken basa krama kados kados kathah ingkang risak boten kanten kantenan. Umpaminipun, lare nem dhateng tiyang sepuh, murid dhateng gurunipun langkung-langkung para nem-neman dhateng para nem-neman sanesipun. Racakipun anggenipun ngetrapaken basa klentu lan ing ngrika-ngriki taksih campur bawur kaliyan basa Indonesia, kamangka mesthinipun kita punika saged nglairaken gagasan utawi pikiran sarana tembung tembung basa Jawi ingkang murni.
            Pramila kangge ngudi basa ingkang sae kita saged ngulinakaken ngangge basa ingkang sae ing saben saben wekdal, wonten ing bebrayan ngagesang. Para putra nem-neman saha ingkang taksih alit sageda dipun tuntun, dipun gladi ngangge basa ingkang sae wonten ing nggriya utawi sadengah panggenan. Kangge ngulinakaken para putra ing ngriki perlu dipun sukani latihan latihan sageda kangge apalan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar