Minggu, 11 Januari 2015

Durjana



            Pak Sarmin katon getem-getem, ngrungokake pawarta, yen ing wektu iki akeh wong kang kelangan, akeh maling kang padha beroperasi. Sak liyane omah-omah biasa, papan kang kanggo jujugan maling yaiku kantor-kantor pemerintahan. Pak Sarmin katon anyel amarga setengah tahun kepungkur kantore ya pernah disatroni maling. Sanadyan bapak kepala ing kantore ora paring duka marang dheweke, nanging Pak Sarmin rumangsa isin. Apa maneh dheweke kudu ngadhepi pitakone bapak-bapak saka kepulisian, sing semune kaya nudhuh marang dheweke.
            Pak Sarmin anggone jaga malem ing salah sawijine kantor pemerintahan wis sawetara suwe, kurang luwih wis rong puluh tahun. Mbok menawa umure wis ketuwan menawa ngajokake dadi pegawai negeri, mula dheweke wis mupus. Jaga malem kanggone dheweke ora nggoleki lembaran rupiah, nanging ngiras pantes kanggo tirakat, melek wengi, kanggo sesirih. Ora ana liya sing diprihatinake, didongakake saben dina yaiku anak lanang siji-sijine, Parjo. Anak lanang sing didama-dama, digadhang-gadhang lan digayuh muga-muga bisa mikul dhuwur mendhem jero marang dheweke.
            Parjo salah sawijining pemudha kang gagah, dedeg piadege entuk, lan praupane ya ora pati nguciwani. Mula ora maido yen duwe pepinginan dadi pulisi. Nanging Pak Sarmin sempet was-was, sawise lulus SMA, Parjo wis nyoba ndhaftar dadi pulisi kaping pindho, nanging gagal terus, lan ora mangerteni apa sing nyebabake gagale. Yen ditakoni jare kabeh ujiane ya bisa nggarap, ujian fisik ya bisa, mbok menawa nasibe wae sing durung apik.
            Rong dina iki Pak Sarmin ora doyan mangan, amarga mikir penjaluke anake lanang. Anak lanang siji-sijine ora tau njaluk, njaluk pisan wae dheweke ora bisa nuruti. Parjo pancen arang nembung njaluk marang wong tuwane, wis kulina saka cilik, kepingin klambi wae ora bakal nembung marang wong tuwane. Nek ditukokne ya dienggo, nek ora ya mung meneng wae.      Rong dina kepungkur Parjo sempet ngomong marang bapake, "Pak, pripun nek kula panjenengan pundhutke motor, kredit mawon, mangke kula tak ngojek, hasile rak saged kangge ngangsur, timbangane kula nganggur wonten ndalem, sak menika pados pedamelan nggih angel?!".
            "Jo, Jo, apa kowe ki ra ngerti, dinggo nyukupi butuh saben dinane wae kangelan, la kok dinggo tuku montor! Kowe kuwi nglindur apa piye?"
            "Nggih sampun…".
***
            Telung sasi wis mlaku, rikala wektu ngasar Karmo, adine lanang Pak Sarmin nyedhaki lungguhe Pak Sarmin terus ngomong kanthi sora lan semangat makantar-kantar, "Mas... Mas Sarmin, ati-ati lho Mas. Saiki wis wiwit akeh pencurian, maling-maling wis merajalela maneh, kaya telung sasi kepungkur, iki malah tambah nemen."
            "Mo... Mo! Ngomong kok pathing pecothot, merajalela iki apa coba?"
            "He... he..., embuh Mas, wong aku mung melu-melu koran kae kok! Ning tenan lho Mas, soale sing diarah saiki kantor-kantor maneh, biasane njupuk konmuter, sing di jupuk apa ya? Anu, nek ora salah jenenge ce... pe... u."
            "Mbok nek ra mudheng ki takon sik, dadi nek ngomong ora ngisin-isini, konmuter iki ben mumet apa? Sing bener iki komputer, cah nek ra tau mangan sekolahan ya kaya kowe kuwi."
Ngrungokake sindhirane kakange, Karmo mung njegeges, malah terus nerangake nganggo bahasa Indonesia.
            "Coba bayangkan dalam satu bulan saja di sekitar kita ini sudah terjadi lima kali pencurian dan anehnya seperti di jadwal. Hari ini sebelah barat, dua hari kemudian timur, terus selatan, utara. Wah, uedan tenan. Apa polisi tidak bertindak ya Mas? Wah, sungguh terlalu!" Karmo nirokake gayane salah sawijine peran ing sinetron Entong.
            "Iya, aku ngerti, terus aku kon ngapa?" semaure Pak Sarmin.
            "Lho, sampeyan niku pripun tha Mas, lha wong kemarin kan kantore Mas Sarmin baru dapat kiriman lima set komputer lengkap, pasti mereka sudah tahu. Saya yakin lima ratus persen kalau sebentar lagi pasti menjadi TO-nya para pencuri itu!".
            "Kowe kuwi omongan nyelot ra nggenah, olehmu sinau bahasa Indonesia iki nengendi tha Mo, wong yakin kok limangatus persen. Eh, Mo, TO kuwi apa tha?"
            "Wah Mas Sarmin iki kurang gaul tenan, TO itu singkatan dari Target Operasi!! you know? Ya operasinya para pencuri itu," Sarmo njawab karo nyengenges.
            "Oalah Mo... Mo, mbok nyebut. Lha wong kowe kuwi mung lulusan kathok cendhak wae kok kemaki!"
            Durung suwe anggone pada rembugan, Parjo katon nyedhaki bapake karo nggawa bungkusan. "Pun dangu, Lik? Niki kula tumbasake gorengan, mumpung taksih anget. Niki Pak kula tumbasake ses, remene bapak!" Parjo ngulungake rokok marang bapake.
            Karmo njawab pitakone ponakane terus nyaut tempe goreng lan lombok rawit.
            "Wah kowe kalebu wong sing untung, Mas! Anak mung siji, gek ngerti marang wongtuwa. Lha aku iki anak papat, jan blas ora ana sing ngerti siji-sijia. Apa maneh nukokake rokok, isane ya nyeleri rokoke bapake! Parjo iki saiki kerja nengendi ta, Mas?"
            "Ora kerja apa-apa, nek tak takoni jare ya mung bisnis kembang karo kancane. Kuwi lho, sing jenenge Jemani karo Gelombang Cinta apa piye? Aku ra pati mudheng."
***
            Wiwit sore rasa atine Pak Sarmin ora kepenak, tansah was-was ora ana jalarane. Bisa uga ya amarga pengaruh ngimpine dhek wingi bengi. Ngimpi sing kanggone wong-wong jaman ndhisik ana sasmita sing ora becik. Miturut piwulang Jawa, ngimpine ana perangan wengi kang diarani puspatajem, miturut para pinisepuh biyasane bakal numusi. Pak Sarmin ngimpi yen untu nduwur pathal siji.
            "Pak, mbok ra usah digagas. Lha wong ngimpi kuwi kembange wong turu," ngono semaure bojone rikala diceritani ngimpine.
            Udakara jam wolu bengi, Pak Sarmin mangkat menyang kantor nindakake pakaryane jaga malem. Kira-kira jam setengah siji bengi Pak Sarmin weruh klebate wong loro kang nuju marang ruang komputer, sajake nyubriyani, terus dheweke ndhedhepi. Nyumurupi ruang komputer kasil dibukak, Pak Sarmin katon gemeter, sikile kaya dipaku neng njogan. Pak Sarmin gumun, maling saiki pancen pinter-pinter tenan, lha wong ruangan ana kuncine kok bisa dibukak kanthi gampang. Diwanek-wanekake, Pak Sarmin nyaut kayu potholan sikil kursi, nyedhaki wong loro kang mbukak ruang komputer, emane praupane wong loro mau ora katon, amarga ditutupi nganggo topeng. Sawise cedhak, Pak Sarmin nggetak sak rosane, dadi kagete wong sakloron mau.
            "Arep padha ngapa kuwi?" Krungu suarane Pak Sarmin, pawongan sing isih ana njaba kaget terus mlayu sipat kuping.
            Luwih kaget pawongan sing isih ana njero, rikala mlayu metu dhadhane diantem nganggo kayu sikil kursi, "blukk!!!" tanpa sambat sak nalika klenger, lan njebabah ana teras. Nyumurupi sing digebug ambruk, Pak Sarmin tambah gemeter, katon ngos-ngosan, terus ndheprok ana cedhake pawongan mau. Sakwise gemetere rada mendha, topenge pawongan mau dibukak.
            "Lho, kok kowe, Parjo!" Pak Sarmin semaput.

Dening: P Dasihanto FD
www.ki-demang.com 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar