Ingkang dipun wastani ukara inggih
punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken
gagasanipun tiyang.
A. Peranganipun ukara:
Ukara kedadosan saking pérangan ingkang baken, jejer lan
wasésa.
Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wewahi.
katrangan.
Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wewahi.
katrangan.
Warni warnining katrangan :
a. Katrangan lesan kang nandang (pelengkap penderita).
b. Katrangan lesan kang pinarih (pelengkap penyerta).
c. Katrangan lesan kang tumindak (pelengkap pelaku).
d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhek wingi.
e. Katrangan panggenan: ing kono, ngomah, ing pasar.
f. Katrangan kaanan (kawontenan): kangge nerangaken
wasesanipun – banget, cetha, kepenak.
Tulada
Ngudhal Ukara Miturut Kalinggihanipun (Kalungguhane).
a.
Kucing
iku | mangan | tikus |
1 2 3
1. jejer, 2. wasesa, 3. lesan kang nandang
b. Simbok | nukokake | layangan |
adiku |
1 2 3 4
1. jejer, 2. wasesa, 3. lesan kang nandang, 4. lesan kang
tumindak
c. Aku | diwenehi | dhuwit | mbakyu
|
1 2 3 4
1. jejer, 2. wasesa, 3. lesan kang nandang, 4. lesan kang
tumindak
d. Suk emben | bapak | arep |
mundhutake | klambi | aku | menyang Sala |
1 2 3 4 5 6 7
1. katrangan mangsa, 2. jejer, 3. katrangan mangsa, 4.
wasesa, 5. lesan kang nandang, 6. lesan kang pinurih, 7. katrangan panggonan
e. Gunung iku | dhuwur | banget |
1 2 3
1. jejer, 2. wasesa, 3. katrangan kahanan
Warni warnining Ukara
Miturut Pandapukipun, ukara wonten:
1. Ukara genep (ukara lamba).
Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasesanipun,
sok ugi wonten katranganipun.
Tuladha:
- Saidi mlaku
Tuladha:
- Saidi mlaku
- Bocah nakal kae dolan mrene.
2. Ukara boten genep (ukara gothang).
Ukara boten ganep (ukara gothang) kaperang:
a. gothang jejeripun.
- reneya sedhela bae !
- Tukokna rokok !
b. gothang wasesanipun:
- Sajake Simin !
- Dudu Adiku !
c. gothang jejer lan wasésanipun:
- Kala wingi !
-
isih loro !
-
Ora !
3. Ukara rangkep (ukara majemuk).
Ukara rangkep inggih punika ukara
ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung. Ukara rangkep kaperang
malih:
a. Ukara rangkep sadrajad
Tuladha:
- Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
- Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
- Wong iku gemi, mulane dadi sugih.
- Sepisan dheweke sregep, ping pindhone pancen pinter.
b. Ukara rangkep
raketan.
Tuladha:
- Simbok menyang pasar, dene aku kon tunggu warung.
- Simbok menyang pasar, dene aku kon tunggu warung.
- Siman mbeleh pitik, adine mbubuti, simbok kang ngolah.
- Dhek wingi pite isih ditunggangi, dhek mau wis dicolong
uwong.
c. Ukara
rangkep tundha.
Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning ukara,
inggih punika ukara ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun
(anak kalimat).
Gatra wonten pinten – pinten warni:
· gatra jejer:
ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer,
Guruku .. .. , ndukani aku (ukara lamba).
Wong kang mulang | aku | ndukani aku |
1 2 3
1. gatra jejer, 2. wasesa, 3. lesan kang nandang
· gatra wasesa:
ukara ingkang dados gegentosing wasesa.
Panjaluke .. .. , dituruti (ukara lamba).
Panjaluke | aku sregep sinau |
1 2
1. jejer, | 2. gatra wasesa |
· gatra lesan:
ukara ingkang dados gegentosing lesan.
Aku ngleksanani panjaluke (ukara lamba).
Aku ngleksanani | apa | kang dikarepake |
1 2 3
1. jejer, 2. wasesa, 3. gatra lesan
· gatra katrangan:
ukara ingkang dados gegentosing katrangan.
Simin arep mulih sesuk (ukara lamba).
Simin arep mulih | menawa aku | wis bali saka Sala
1 2 3
1. jejer, 2. wasesa, 3. gatra katrangan
Caranipun
Ngudhal:
Simin arep
mulih, menawa aku wis bali saka Sala.
Simin = jejer
Simin = jejer
arep mulih
= wasesa
arep =
katrangan mangsa
menawa aku
bali saka Sala = gatra katrangan
menawa =
katrangan sarat
aku =
jejer gatra katrangan wis = katrangan wektu (wekdal) gatra katrangan
bali = wasesa
saka Sala
= katrangan panggenan gatra katrangan.
Ukara Miturut Suraosipun
Miturut suraosipun ukara kaperang:
a. ukara carios (carita)
b. ukara pitaken
c. ukara paken (pakon)
d. ukara pangajak
e. ukara panjaluk (panedha)
f. ukara pangajeng-ajeng (pangarep-arep)
g. ukara prajanji
h. ukara upami (umpama)
Ukara Miturut Kawontenanipun Jejer
Wasesa lan Lesan. Ukara Kaperang:
a. Ukara tanduk (kalimat aktif).
Tetengeripun ukara tanduk menawi wasesanipun angsal ater-ater
anuswara lan jejeripun nindakake wasesa.
- Simin mangan
- Ali nggambar.
b. Ukara tanggap (kalimat pasif).
Tetengeripun ukara tanggap wasesanipun angsal ater-ater:
“dak”, “ko”, “di”, “ko”, lan seselan “in”.
Dene jejeripun nandang wasesanipun.
- Sapine wis diedol
- Dhuwite arep dakjaluk.
c. Ukara
nominal.
Ukara nominal inggih punika ukara ingkang wasesanipun sanes
tembung kriya, nanging tembung: aran, wilangan, kaanan.
- Gunung iku dhuwur
- Pitikku putih mulus
- Klambiku nem iji, lan sapanunggilanipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar