Rimbag jinisipun kathah sanget.
1. Rimbag
Tanduk
Punika tembung ingkang angsal ater-ater anuswara (suwara
irung): m, ng, n, ny.
Rimbag Tanduk wonten 3 warni:
a. Tanduk Kriya Wantah: balang – mbalang, gambar – nggambar.
b. Tanduk i kriya: jaluk – njaluki, tulis – nulisi
c. Tanduk ke kriya: tuku – nukokake, sapu – nyapokake.
Cathetan:
tuku – nuku
tuku – nuku
sapu – nyapu
Menawi aksara wiwitaning tembung dados setunggal kaliyan
ater ater anuswara dipun wastani luluh. Caranipun
Ngudhal Tembung:
Nyaponi : Lingganipun sapu,angsal ater rater : ny, angsal panambang: i, rimbagipun: tanduk I kriya.
2. Rimbag tanggap
Tembung Lingga ingkang ater ater
tripurusa (dak, ko, di), ater ater ka lan
seselan in,
Rimbag tanggap kaperang dados 6
warni:
a.-
tanggap utama purusa tiyang (kapisan)
- tanggap utama purusa wantah: dak
jaluk, dak tulis.
- tanggap utama i kriya: dak tukoni,
dak pangani
- tanggap utama purusa ke kriya :
dak gambarake, dak lungguhake
b.-
tanggap madyama purusa (tiyang nomer 2)
- tanggap madyama purusa wantah:
kojaluk, kotulis
- tanggap madyama purusa i kriya:
kotukoni, kopangani
- tanggap madyama purusa ké kriya:
kogambarake, kolungguhake
c.- tanggap pratama purusa (tiyang nomer 3)
- tanggap pratama purusa wantah :
njaluk, ditulis
- tanggap pratama purusa “i” kriya:
ditukoni, dipangani
- tanggap pratama purusa “ké” kriya:
digambarake, dilungguhake
d.- tanggap ka: ater-ater ka = di
- tanggap
ka wantah: kajaluk, katulis
- tanggap
ka “i” kriya: kajalukan = dijaluki – katanduran – ditanduri
- tanggap
ka “ké” kriya: kajalukake, katulisake
e.- tanggap na, wujudipun seselan
in, tegesipun = di
- tanggap
na wantah: jinaluk, tinulis
- tanggap
na “i” kriya: jinalukan = dijaluk, tinulisan = ditulisi
f. tanggap tarung, tegesipun: pada
dene, tulung – tinulung, obong tingobong.
Cathetan:
Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap “na” ewah dados “an”
Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap “na” ewah dados “an”
3. Rimbag
Bawa
Rimbag bawa inggih punika tembung
lingga ingkang angsal ater-ater: “ke”, “a”, “ma”, “kuma”, “kapi”, lan seselan
“um”.
a.- bawa
“ka”, wujudipun ater ater “ke”, ateges mboten jarag.
- bawa
“ka” wantah: kacemplung, kobong saking obong.
- bawa
“ka” wisésana: kacemplungan, kobongan.
b. bawa
“ha”, wujudipun ater ater “a” lan ater ater “ma” akalung, akembang, asikil
tegesipun nganggo/duwe. Maguru
tegesipun golek ilmu marang.
c. bawa “ma”, wujudipun seselan
“um”: gumantung, gumagus, dumunung, kumenthus.
d. bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani, kamigilan, kapi-lara.
d. bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani, kamigilan, kapi-lara.
e. bawa “ma” tundha, ateges tansah :
turun temurun, gulung gemulung.
Cathetan:
tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa “ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres, leresipun bawa “ha”. Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung:
- ko-obong = tanggap madyama wantah
tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa “ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres, leresipun bawa “ha”. Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung:
- ko-obong = tanggap madyama wantah
- ke-obong (kobong) = bawa “ka”
wantah
- ka-obong = tanggap “ka” wantah
4. Sananta
Sananta pandapukipun: dak + tanduk +
…. “i” ke dak, ingkang ateges arep.
a. sananta dak wantah: dak-njaluk =
aku arep njaluk.
b. santana dak “i” kriya:
dak-njaluki = aku arep njaluki.
c. santana dak “ké” kriya: dak-nukokaké
= aku arep nukokake.
d. wonten malih sananta dak lan di
ingkang ateges arep.
sing: dak sregep, dak meneng,
ditaberi, diprayitna.
5. Tandang
Tandang pandapukanipun: dak + lingga
“é” (ané) “né” panambang “é” (ané) “né” ateges arep.
a. tandang dak wantah: dak jupuké =
arep dak jupuk.
b. tandang “i” kriya: dak jupukané =
arep dak jupuki.
c. tandang “ké” kriya: dak jupukné =
arep dak jupukaké.
Cathetan:
Sananta lan tandang nggadahi teges arep. Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang saking ukara tanggap.
Sananta lan tandang nggadahi teges arep. Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang saking ukara tanggap.
Tuladha:Aku arep nulis layang dhisik
– aku dak nulis layang dhisik.
Layange arep dak tulis dhisik –
layang dak tulisé dhisik.
Wonten ing tandang “é” wantah dados
“é”
Wonten ing tandang “i” wantah dados
“ané”
Wonten ing tandang “aké” wantah
dados “né”
6. Sambawa
Tembung sambawa nggadahi teges: sanajan,
pengarep arep. Panambangipun “a”, “ana”, “na”. Sambawa kapérang:
1. Sambawa
saking tanduk:
a. Sambawa
tanduk wantah: nggawa, tuladha lan tegesipun,
- nggawa dhuwit arep dienggo apa
wong ora ana wong dodol = sanjan.
- mbakyu
mbok nggawa lading ya, kena dienggo ngonceki tebu = ngarep-arep.
- ah, mau
nggawaa wacan kena kanggo samben ora ndlongop ngéné iki = sanjan.
b. Sambawa
tanduk “i” kriya: njalukana.
c. Sambawa
tanduk “ké” kriya: njalukna.
2. Sambawa saking tanggap:
a. Sambawa tanggap wantah :
dakgawaa, kogawaa, digawaa.
b. Sambawa tanggap “i” kriya: dak
gawanana, kogawakna, digawanana.
c. Sambawa tanggap “ké” kriya:
dakgawakna, kogawakna, digawana.
Cathetan:
1. Wantah panambang “a”
1. Wantah panambang “a”
2. “i” kriya panambang “i” malih
dados “ana”
3. “ké”
kriya panambang “aké” malih dados “na”
7.
Pakon – Prentah.
Rimbag
Pakon kapérang:
1. Pakon
tanduk:
a. Pakon tanduk wantah: nggawaa =
akon nggawa.
b. Pakon tanduk “i” kriya:
nggawanana = akon nggawani.
c. Pakon tanduk “ké” kriya:
nggawakna = akon nggawakake.
2. Pakon
tanggap “ya” pandapukipun: lingga + “é” (an) “na”.
a. Pakon
tanggap wantah: gawanen= akon supaya kogawa.
b. Pakon
tanggap “i” kriya: gawanana = akon supaya kogawani.
c. Pakon
tanggap “ké” kriya: gawakna = akon supaya kogawakake.
Cathetan:
1. Wantah, panambangipun “a”
2. “i” kriya, panambangipun “i”,
malih dados “ana”
3. “ké” kriya, panambangipun “aké”,
malih dados “na”.
Pandapukipun Sambawa tanduk sami
sami kaliyan pakon tanduk, pramila kedah dipun
engeti tegesipun wonten ing ukara. Upaminipun
:
- ngGawaa dhuwit wong barange wis
entek = Sambawa = sanes prentah.
- sesuk kowe nggawaa buku = pakon.
8. Guna
Guna inggih tembung tembung ingkang
angsal panambang “en” nggadahi teges nandang, saking lingganipun.
wudunen, gudigen, singunen.
Kedah dipun bentenaken tembung
tembung: jupuken, panganen = pakon
tanggap antah, koroken, duduken = guna.
9. Adiguna
Pandapukipun: “ke” + lingga + “en”,
ateges leluwihan: kedhuwuren, kebangeten, kabangen. Bentenipun: tembung
tembung: kecemplung, kecipratan =
wisesa bawa ka.
kegedhen, kepinteran = adiguna.
kegedhen, kepinteran = adiguna.
10. Bawa
– Wacaka
Pandapukipun “ka” + lingga + “an”,
ateges: nedahaken panggenan utawi ndapuk tembung aran.
Bawa wacaka mboten ateges ndapuk tembung
kriya.
- Kalurahan = panggenan, kabupaten =
panggenan.
- Kausikan = tembang aran, kasugihan
= tembung aran
Tembung tembung punika kedah dipun
bentenaken.
- kajalukan = dijaluki, tanggap “i”
kriya
- kapinteran = bawa wacaka.
- kecemplungan = wisesana bawa “ka”.
11. Daya
Wacaka
Pandapukipun: “pa” + lingga + “an”,
ateges panggènan utawi mangsa: pasuketan, pakuburan, panen, padusan.
12. Kriya
– Wacaka / Karana Wacana
Pandapukipun : “pe” + tanduk + (“pe
+ tanduk + “an”)
- penulis = tukang nulis, karana
wacaka
- penulise = carane nulis, karana
wacaka
Bentenipun daya wacaka kaliyan
karana wacaka: daya wacaka saking tembung aran.
karana wacaka saking tembung kriya.
karana wacaka saking tembung kriya.
Kedah dipun bentenaken tembung:
gorengan = oleh-olehane nggoreng, kaliyan
tembung:
penggorengan = papan kanggo nggoreng.
13. Tembung
Rangkep
Tembung rangkep inggih punika
tembung ingkang dipun ungelaken ambal kaping kalih.
Tembung rangkep wonten 3 warni:
Tembung rangkep wonten 3 warni:
1. Dwilingga: lingganipun dipun
rangkep.
a. dwilingga wutuh: bocah-bocah,
reka-reka.
b. dwilingga salin swara ngarep:
dhuwat – dhuwit.
c. dwilingga salin swara mburi:
jaren-jeren, tela-telé.
d. dwilingga salin swara kabeh:
modhang medheng, gonjang ganjing.
2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep: jejaka, tetuwuhan.
3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep: cengengesan, cekakaan.
2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep: jejaka, tetuwuhan.
3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep: cengengesan, cekakaan.
14. Tembung Camboran (Majemuk)
Tembung camboran, tembung kalih utawi
langkung ingkang dipun gandheng dados satunggal.
1. Camboran wutuh.
Camboran
wutuh wonten 3 golongan:
a. ingkang tegesipun sadrajad: gedhe
cilik, boya pakewuh.
b.tembung ingkang kaping kalih dados
katranganipun tembung ing kapisan: kandhang jaran, jambu wer.
c. tembung ingkang kapisan dados
katranganipun tembung ingkang kaping kalih:
brata yuda, wijaya kusuma.
2. Camboran tugel: wancahan.
Camboran
tugel tembung kalih ingkang dipun cekak: kakkong, dhekwur, kongèl.
Cathetan:
Kedah dipun bentenaken antawisipun jamboran tugel kalayan kerata basa.
Kedah dipun bentenaken antawisipun jamboran tugel kalayan kerata basa.
- kakkong: asalipun saking tungkak
bokong.
- dhelik: asalipun saking tembung
gedhé cilik.
Camboran
tugel asalipun saking kalih tembung.
Manawi kerata
basa asalipun pancèn satembung lajeng dipun othak athik supados
mathuk.
- tembung tebu, dipun othak athik
dados manteb ing kalbu.
- tembung kathok, dipun othak athik
dados ngangkaté saka sithok.
15. Tembung
Wancah.
Tembung wancah tembung ingkang dipun
cekak.Warni warnining tembung ingkang dipun wancah:
1.
Namanipun laré/tiyang sepuh:
- Mulyana dados Mul utawi Yan.
- Sutana dados
Tana utawi Ton.
- Suminah
dados Minah utawi Min.
-
Pawirareja dados Pawira
-
Wangsadimeja dados Sadimeja.
2.
Namanipun panggènan:
-
Kartasura dados Tasura.
- Imogiri
dados Mogiri.
- Boyolali
dados Yolali.
3. Wicalan
(etungan): ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu, lu, nga, luh.
4. Tembung
krama kawancah dados madya krama.
- punika
dados nika.
- mangga
dados ngga.
- dhateng
dados teng.
5. Tembung
Camboran (Camboran tugel).
- gedhe
cilik dados dhelik.
- endhek
lemu dados dhekmu.
- gedhe
bagus dados dhegus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar