Minggu, 11 Januari 2015

Panyilahing Tembung



Jinising tembung kalarasaken kaliyan basa manca.
1.      Tembung Kriya (Verb);
sadaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan:
nulis, mucal, nyawang, lsp.
2.      Tembung Aran (Substantive);
sadaya tembung ingkang mastani namaning barang ing maujud utawi ingkang dipun
anggep maujud (abstrak): buku, kursi, angin, setan, kapinteran, ngelmu, lsp.
3.      Tembung Kawontenan (kaanan = ajective);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang: gedhe, dawa, ireng, kumaki, merdika, lsp.
4.      Tembung Katrangan (Adverb);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun kriya: mesthi, mau, banget, mbokmenawa, lsp.
5.      Tembung Sesulih (pronoun):
sadaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep
maujud: punika kaperang dados 5 golongan:
a.       Tembung Purusa (tiyang): aku, kowe, dheweke, anu, banget, mbokmenawa, lsp.
b.      Tembung Darbe: ku, mu, e,
c.       Tembung Pitedhah (pitudhuh): iku, kae, kuwi, punika.
d.      Tembung Pitaken: sapa, apa, endi, ngendi, kepriye, lan sapanunggilipun.
e.       Tembung Panggandheg: kang, sing, ding.
6.  Tembung Wicalan (wilangan : cacah) = numeral : siji, loro, sapisan, samene, sawatara, lsp
7.  Tembung Panggandheng (conjunction):
Tembung ingkang kangge nggandheng ukara utawi tembung:
lan, sarta, tur, kathik, mulane, sarehne, lsp
8.  Tembung Panggenah (artikel): sing, sang, ponang, lan sapanunggilipun.
9.  Tembung dunung (preposition):
 Tembung ingkang nedahaken enggon/enering barang: ing, ngarep, mburi, menyang,   dening.lsp.
10.  Tembung Panguwuh (interjection) = panyuru:
 Tembung ingkang mratelakaken panguwuh / sesambat:
 lo, wah, wo, adhuh, toblas, lan sapanunggilipun.

Tulada Ngudhal Ukara Miturut jinising Tembung.
Manawi bab ingkang kapengker ngudhal ukara miturut kalenggahaning / pangkating tembung, inggih punika madosi jejer, wasesa, lesan lan warni warnining katrangan, ing bab punika ngudhal jinising tembung inggih punika madosi tembung tembung ingkang kadadosaken saking tembung kriya, tembung aran, sesulih, wilangan lan sapanunggilipun.
Terkadhang wonten malih supados ngudhal tembung, inggih punika tembung wau dipun padosi lingganipun, ater ater, panambang, lajeng kalebet rimbag punapa.

Tuladha ukara:      Mau esuk aku ketekanan tamu saka Sragen.
Miturut lenggahing tembung:
aku = jejer
katekanan = wasesa
tamu = lesan kang tumindak
mau esuk = katrangan mangsa
saka Sragen = katrangan panggonan

Miturut Jinising Tembung:
mau esuk = tembung katrangan wayah
aku = sesulih
katekanan = kriya
tamu = tembung aran
saka = tembung dunung
Sragen = tembung aran.

Miturut Pandapuking Tembung:
mau esuk = tembung jamboran
aku = lingga
katekanan = lingganipun teka angsal ater-ater ke- lan panambang an, kalebet tanggap ka-i-kriya.
tamu, saka, Sragen = tembung lingga.

Tuladha : Bocah cilik, adine Mariyem iku, nukokake jeruk adiku.
Miturut jinising tembung:
bocah = tembung aran
cilik = tembung kaanan
adine = tembung aran
Mariyem = tembung aran
iku = tembung sesulih
nukokake = tembung kriya mawa lesan
adiku = tembung aran.

Miturut Lenggahing Tembung;
bocah cilik = jejer
adine Mariyem iku = katrangan jejer
nukokake = wasesa
jeruk = lesan kang nandang
adiku = lesan kang pinurih.

Miturut Pandapuking Tembung:
bocah cilik = tembung jamboran
adine Mariyem = tembung jamboran
iku = lingga
nukokake = n + tuku + ake + tanduk ke kriya
jeruk = tembung lingga
adiku = tembung andhahan: adi + ku
adine = tembung andhahan: adi + e.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar