Lakune dina
rumangsaku cepet banget, wektu sewulan sing diidinake saka pemerintah
rumangsaku lagi dhek wingi, nanging ngerti-ngerti kari sedina iki. Dina sesuk
aku lan kanca-kanca sak profesiku gelem ora gelem kudu ninggalake panggonan
iki, ya panggonan ala sing dadi mungsuhe masyarakat sing kepengin uripe slamet
donya lan akhirat. Pancen wiwitane aku ora sengaja mlebu papan elek sing
diarani lokalisasi, nanging kabeh amarga kepepet kahanan. Biyasa, masalah
klasik sing diadhepi pawongan sing urip ing padesan, kurang pangan lan sandhang
lan ora kuwat ngadhepi sanggan urip, gek kamongko sing jenenge golek penggaweyan
iki angele jan ngepol tenan.
Aja maneh aku sakkanca sing mung
duwe ijazah SMP tanpa nduweni ketrampilan, sanajan sing wis duwe embel-embel
gelar sarjana wae akeh sing kecemplung ing profesi iki sanajan beda kelase. Ora
krasa luh temetes ing pipiku, urip kok mung kaya ngene, gek suk kapan aku bisa
mentas saka panggonan iki? Dhuh, Gusti Allah paringana pituduh margi ingkang
leres lan pinanggihna jodho ingkang sae. Aku unjal ambegan landhung, gek kaya
aku iki apa ana wong lanang sing sudi mengku? Ning aku percaya yen Gusti Allah
iku ora sare, sakwijining dina mengko aku bakal ketemu jodhoku.
Dak eling-eling nasibe kanca-kanca
sak profesiku nyatane uga ana wong lanang sing gelem ngepek bojo. Mbak Endah
dipek bojo sopir trek lengganane malah nyatane saiki bisa urip bagya mulya ing
ndesa. Dhik Hesti uga dipek bojo wong lanang sanajan mung dadi mbok enom
ananging kabeh kebutuhane bisa dicukupi, Endang kancaku sak kampung uga
diwengku wong lanang sanajan wis rada sepuh yuswane nanging nyatane gemati banget
malah saiki diparingi putra.
Bubar macak kaya biyasane aku lungguhan
ing teras omah. Biyasa, mancing iwak alias nggodha wong lanang sing kepengin
awake dikepenakake sanajan mung sedhela, syukur yen gelem nginep sewengi. Wah,
mesti bayaran sing dak tampa lumayan kanggo sangu mulih menyang ndesa.
"Mampir Mas," godhaku
nalika ana sakwenehing pawongan mlaku ijen karo miling-miling nyawang teras
pondhokanku, dheweke mesem lan gelem mampir.
"Ngunjuk menapa Mas?"
ujarku karo nggandheng tangane dak jak lungguh ing sandhingku. Wong lanang mau
manut wae. "Biyasane wong lanang iku senengane ngunjuk susu ya, kopi susu
apa coklat susu?" aku sansaya wani nggodha, lha wong sing digodha ya
sansaya seneng atine.
Ya kaya mengkene penggaweyanku saben
ndina nglayani tamu sing gelem mampir ing kamarku. Wektu limang tahun urip ing
lokalisasi pancen akeh bungah lan susahe, nanging kepenake mung wates bab
kadonyan, bisa cukup sandhang lan pangan ora nyambut gawe abot, nanging
rekasane bisa-bisa ketularan penyakit sifilis utawa AIDS lan dadi mungsuhe
masarakat, amarga dianggep dadi sampah masyarakat sing kudu disirnakake. Aku
isih kelingan nalika lokalisasi iki didhemo warga masyarakat, awakku nganti
ndredheg kaweden.
"Lho kok malah ngalamun?"
ujare wong lanang sing dadi tamuku iku ngagetake atiku. "Ah, iya ya bener ngendikamu Mas, lha kepriye ora
ngalamun, mbok menawa panjenengan iku tamuku ing papan kene kang pungkasan
amarga sesuk aku sak kanca kudu lunga saka papan iki."
"Ditepungake jenengku Bagus
sanajan rupaku ora bagus," mengkono tamuku mau nepungake.
"Sunthi jenengku Mas," aku ganti semaur. Priyayine pancen grapyak lan akeh guneme, lagi tetepungan kurang saka limang menit wae rasane wis bisa akrab.
"Sunthi jenengku Mas," aku ganti semaur. Priyayine pancen grapyak lan akeh guneme, lagi tetepungan kurang saka limang menit wae rasane wis bisa akrab.
"Aku mrene pancen golek
kenangan kang pungkasan saka papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki pancen
bisa resik saka tumindak maksiyat," mengkono ujare Mas Bagus.
Sak jam luwih aku lan Mas Bagus
ngobrol ngalor ngidul, lan pungkasane Mas Bagus pamitan arep mulih menyang
omahe. Dheweke ninggali dhuwit aku sing lumayan akeh lan njaluk jeneng lan
alamat omahku sing sakbenere.
****
Aneng ngomah rasane kaya dikunjara wae, la kepriye ora susah, la aneng ngomah ya mung thenguk-thenguk wae tanpa duwe gaweyan sing ngasilake. Dhuwit celenganku wis wiwit nipis, rasane ati wis ketar-ketir, dumadakan pak pos mandheg aneng ngarep omah, ngeterake layang saka Mas Bagus. Dhuh, bungahe ati iki, sapa ngerti mbesuke Mas Bagus bisa ngentasake aku saka urip kang nistha iki. Layang dak bukak kanthi alon, ana rasa bungah lan ati iki tambah deg-degan wae.
Aneng ngomah rasane kaya dikunjara wae, la kepriye ora susah, la aneng ngomah ya mung thenguk-thenguk wae tanpa duwe gaweyan sing ngasilake. Dhuwit celenganku wis wiwit nipis, rasane ati wis ketar-ketir, dumadakan pak pos mandheg aneng ngarep omah, ngeterake layang saka Mas Bagus. Dhuh, bungahe ati iki, sapa ngerti mbesuke Mas Bagus bisa ngentasake aku saka urip kang nistha iki. Layang dak bukak kanthi alon, ana rasa bungah lan ati iki tambah deg-degan wae.
"Dhik Sutinem sing dak
tresnani," mak dheg rasane atiku kaya diumbulake karo Mas Bagus. Pancen
jenengku sing asli iku Sutinem, nanging ing lokalisasi aku nganggo jeneng
"Sunthi", layang dak waca kanthi ati kang deg-degan.
Surabaya,
12 Desember 2007
"Dhik
Sutinem sing dak tresnani"
Wiwit ketemu karo sliramu ing papan
kana kae, aku dadi kepingin omah-omah karo sliramu. Bab sapa ta sliramu aku
kabeh wis mangerteni, nanging apa sliramu ngerteni aku lan sapa ta sejatine aku
iki? Bares wae ya dhik, aku iki wong lanang sing ora beda karo sliramu.
Tumindak nista lan ala kabeh wae wis nate dak tindakake. Nanging aku pengin
mareni kabeh mau sakdurunge kasep.
Mula yen sliramu gelem dak jak urip
bebarengan nyabrang ing samodra bebrayan agung, ayo dhik wangsulana layang iki,
gelema Dhik Sutinem dak jak urip anyar ing sakjeroning bale somah kang resmi
lan ayo padha urip kang anyar, urip kang kebak laku utama sanajan mung urip
sarwa prasaja, wis ben lelakonmu lan lelakonku dikubur bareng-bareng lan
dilarung ing samodra pangapura.
Aku ora njanjekake urip kang moncer kebak kemewahan donya, nanging aku percaya yen aku karo sliramu bisa urip bagya mulya. Sepisan maneh, aku ora meksa nanging aku tetep nunggu walesan layang iki ben atiku bisa tentrem.
Aku ora njanjekake urip kang moncer kebak kemewahan donya, nanging aku percaya yen aku karo sliramu bisa urip bagya mulya. Sepisan maneh, aku ora meksa nanging aku tetep nunggu walesan layang iki ben atiku bisa tentrem.
Saka
kanca anyarmu sing nembe kasmaran.
Bagus.
Bagus.
Ora krasa, kacu cilik wis teles
kebes eluhku, bisaku mung pasrah jiwa lan raga marang Mas Bagus.
Sunare srengenge wayah esuk ing
Surabaya nambahi endahíng swasana bale somahku. Kembang kenanga ing ngarep
omahku nyebarake ganda kang arum. Cepet-cepet aku dandan sak perlu arep
ngeterake Panji anakku mbarep saka titisane Mas Bagus kang saiki makarya dadi
montir sepeda motor, Allahuakbar, laillahaillallah, alhamdulilllah pujiku
marang Pangeran Kang Maha Kuwasa.
www.ki-demang.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar