Sejatine
abot anggonku nindakake pakaryan iki. Nanging piye maneh. Aku mung sakwijining
bawahan sing kudu loyal marang atasan. Kamangka atasanku Drs. Sengkuni, SH MBA
wis nginstruksekake yen proyek iki kudu di-mark up. Mbuh piye carane sing penting
kabeh bisa oleh pangan. Pancen iki konsekuensine nduweni jabatan sing strategis
kaya awakku iki. Tak akoni sakwise dadi Kasubag Pengelolaan Proyek iki rejekiku
mbanyu mili. Paribasan nganti kaya diweneh-wenehi. Nanging yen ana perkara sing
kaya mengkene aku uga kudu wani ndhadhagi. Awit yen ora, bisa dipesthekke yen
tahun ngarep aku mesthi bakal dimutasi.
"Wis ta Dhik Har, ora sah dipikirke abot-abot. Soal wong saka KPK, mengko aku sing mback-up wis," mangkono pangandikane atasanku kasebut ing sak wijining wektu nalika aku ditimbali ing ruange.
"Wis ta Dhik Har, ora sah dipikirke abot-abot. Soal wong saka KPK, mengko aku sing mback-up wis," mangkono pangandikane atasanku kasebut ing sak wijining wektu nalika aku ditimbali ing ruange.
"Sing penting kowe bisa ngolah
angka-angka iku kanthi layak. Masalah liyane mengko aku síng ngatur,"
sesambunge Pak Sengkuni karo ngepuk-epuk pundhakku.
"Lha piye kira-kira? Apa Dhik Har kabotan? Soale Dhik Wisnu wingi uga nawakake arep nggarap proyek iki," ujare Pak Sengkuni kaya ngerti kemrusuhing atiku.
"Lha piye kira-kira? Apa Dhik Har kabotan? Soale Dhik Wisnu wingi uga nawakake arep nggarap proyek iki," ujare Pak Sengkuni kaya ngerti kemrusuhing atiku.
"Oh, mboten Pak. Kula taksih
sagah ngayahi piyambak," ujarku gurawalan. "Well! ya ngono iku sing
tak karepke. Yen pancen kowe se-visi karo aku, mesthi aku ora bakal ninggal
kowe Dhik. Wis sak iki rampungna aku pengin Minggu ngarep wis rampung. Sanggup
ta?" "Sendika Pak,"
ujarku karo manthuk-manthuk.
Aku enggal-enggal ninggalake ruang
kerjane bos terus nyeluk Dhik Wakino wakilku sarto Endah sekretarisku. Tak jak
rembugan bareng perkara iki. Awit pancen wong loro iku sing dadi nyawaku.
Ibarate Dhik Wakino karo Endah kuwi think-tank-ku. Sangengga aku banget
mbutuhake bantuane dheweke.
"Nek masalah angka gampang
diowahi, Mas. Mung sing dadi masalah iki tanggung jawabe abot awit nyangkut
dana sing ora sethitik," ujare Dhik Wakino.
"Nanging terus piye Dhik? Bos
wis netepake kudu bisa. Yen ora awakke dhewe kudu siap ninggalake kantor
iki," semaurku. Dhik Wakino manthuk-manthuk karo ngulati layar komputer
ing ngarepe.
"Ya wis, arep piye maneh. Mbok
menawa iki pancen resiko pekerjaan. Awakke dhewe kudu siap," sambunge wong
sing banget tak percaya iku.
*****
Pancen iki dudu masalah sing entheng, awit proyek iki gungunge meh nem belas milyar rupiah. Sing kudu di-mark up meh sepuluh miliar dhewe. Apa ora edan-edanan. Nanging piye maneh. Aku iki mung bawahan kudu loyal menyang atasan. Awit yen ora bisa-bisa aku dilorot jabatanku. Kamangka ngerti dhewe kanggo ningkatake karir ing kantor iki ora ana barang sing gampang.
Awit meh wolulas tahun anggonku
berjuang ngrintis karir, wiwit golongan telu A nganti saiki bisa dadi Kasubag
sawijining kantor. Mesthi wae dudu bab sing gampang.
Kaya aku dhewe sing wektu iki kelebu ana bagian sing empuk. Ora sithik sing padha kepengin bisa nglungguhi kursiku iki. Awit pancen ya nyenengake tenan. Golek dhuwít paribasan kecap wae dadi atusan ewon. Nanging uga mujudake bagian sing ana pucuking eri, yen ora ngati-ati bisa ndang ngglundhung tenan.

"Durung sare, Pah?"
panyenggole Nani, sisihanku. Ora tak rasa yen wektu iki aku nedheng ngalamun
neng teras kamar lantai loro.
"Durung ngantuk, Mah?"
semaurku karo nyumet rokok embuh sing kepira mau?
"Sajake ana masalah neng kantor?" pitakone bojoku sing wis apal lagonku.
"Sajake ana masalah neng kantor?" pitakone bojoku sing wis apal lagonku.
Saben ana masalah mesthi tangkepku
dadi seje karo padatan. Aku mung manthuk. Terus sisihanku lungguh ing
sandhingku. Awit yen wis ngono biasane aku terus crita masalahku marang
dheweke. Pancen sak suwene iki sisihanku sing dadi sparing partner-ku. Dheweke
kuwi wong wadon sing istimewa, senadyan mung ibu rumah tangga, nanging
otakke ora kalah karo wanita karir. Ora nggumunake sejatine sisihanku lulusan
sarjana lan mbiyen tahu dadi dosen ing universitas swasta. Mung amarga aku ora
kepengin bojoku berkarir, mula dheweke tak kon dadi ibu rumah tangga thok.
Supaya anak-anakku bisa kopen, nyatane anakku cacah telu sakiki wis
ngancik dhewasa kabeh, sing mbarep malah wis meh lulus saka universitase.
***
"Pancen abot posisi panjenengan, Pah. Awit iki dilema. Yen panjenengan wegah, mesthi bakal dilorot. Nanging yen panjenengan tindakake, abot resikone," komentare sisihanku sak wise tak critani permasalahanku.

"Ya kuwi sing gawe bingungku.
Lha trus aku kudu piye?"
"Yuk awakke dhewe tahajud,
nyoba nyuwun tuntunan Gusti Allah, sapa ngerti mengko panjenengan oleh
pepadhang," ujare sisihanku.
Aku manthuk-manthuk terus wong loro
padha tumuju kamar mandhi njupuk banyu wudu kanggo ngresiki badan. Ana sak
jroning tahajud tak rasakake kaya ngapa jumbal-jumbule wewayangan ing alam pikirku.
Senadyan wola-wali tak coba nyilemake wewayangan iku nanging krasa angel banget.
Saben-saben wewayangane Pak Sengkuni atasanku kanthi polatan nesu ngulatake aku.
Gonta-ganti karo lapuran proyek sing kudu tak gawe. Terus nglambrang maneh
wewayanganku dipecat dening atasan. Terus ana gambaran para polisi sing teka
ing kantorku terus mborgol tanganku.
"Duh, Gusti Allah...... Kula
pasrah wonten ngarsa paduka!" pambengokku ing sak jroning tahajud. Bubar
kuwi aku ngrasakake pendelenganku peteng. Aku ambruk ngambung karpet sing dadi
lambaran anggonku ngadhep ing Pangeran.
*****
Esuk iki Dhik Wisnu teka ing kantorku karo menehake layang kanggo aku. Tak bukak layang iku tibake surat perintah saka Pak Sengkuni supaya aku menehake proyek iku marang dheweke.
"Sorry lho Mas, aku mung nindakake dhawuh," ujare Wisnu katon pekewuh karo aku.

"Ora apa-apa, Dhik. Mbok menawa
kowe luwih pinter timbang aku," ujarku karo menehake berkas-berkas
administrasi proyek.
Senadyan ana kang kobong ing dhadha
iki, nanging tak coba mekak hardaning kanepsonku. Muga-muga wae Gusti Allah
tansah menehi kesabaran marang aku. Awit
sapa wonge sing ora lara ati, yen neng tengah dalan gaweyane dipasrahake wong
liya. Pak Sengkuni pancen kebangeten. Katone
dheweke wis malik imane saengga tega karo aku sing ora liya anak buahe. Awan
iku aku milih mulih gasik, awit yen tak terus-terusake neng kantor bisa-bisa malah
aku dhewe sing ora kuwat.
*****
Aku wis ngrumangsani yen karirku mbok menawa bakal mentok. Awit wektu iki Pak Sengkuni, atasanku ora gelem nyapa aruh marang aku. Saben-saben dheweke butuh, mesthi Dhik Wisnu sing diundang ana kantor. Lan tingkah kang kaya mangkono mau disengaja over acting neng ngarepe para bawahan. Aku rumangsa korban pangrasa. Awit sapa wonge sing kuwat dilakokake kaya mangkono. Nanging aku nyoba sabar. Karo ing batin tansah ndedonga, muga-muga Pak Sengkuni diapura dosane dening Gusti Allah, sarta dibukakake atine supaya ora banget-banget anggone nesoni aku.

Lan sawijining wektu sapa sing bakal
ngira, yen kantorku ditekani polisi pirang-pirang. Wiwitane ruangku sing
dipriksa, bareng ora ana terus ruange Kepala Kantor bubar kuwi terus tak tonton
ana polisi nganggo seragam nyerahake surat marang atasanku kasebut.
Tanpa suwala maneh Pak Sengkuni diglandhang deníng petugas kepolisian iku. Awit disinyalir dheweke wis mark up dhuwit proyek nganti sepuluh miliar. Ora mung Pak Sengkuni dhewe, kelebu Dhik Wisnu sing kumawani nglancangi gaweyanku.

Lan wis bisa diwaca, ing ngendi
papan Kepala iku ora tahu salah. Sing salah mesthi bawahan. Awit ora gantalan
suwe Pak Sengkuni bosku wis metu saka kantor polisi. Dene Dhik Wisnu ditetepake dadi tersangka.
Wisnu wis dadi tumbal ing kantorku, awit dheweke kudu mikul dosane bosku sing
wektu iki mung cukup dimutasi ing luar jawa.
"Begja sampeyan Pah. Untunge
nolak apa dhawuhe bos mbiyen," ujare sisihanku karo ngrangkul aku lan
nangis mingseg-mingseg.
"Gusti isih njampangi awakku,
Mah. Lan kabeh mau uga ora uwal saka dukungane Mamah," ujarku.
Ah, pancen kabeh iki kaya wis diatur
dening Gusti Allah. Kaya aku dhewe rumangsa dislametake dening Panjenengane. Coba
mbiyen aku sing nindakake bab mau, bisa-bisa aku sing mlebu kunjaran.
www.ki-demang.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar