Wisesana inggih punika tembung
tembung ingkang angsal panambang "an".
01. Entan entan kados : gunungan,
pasaran, kalen.
02. Pirantos kangge : kukusan,
garisan, ayakan.
03. Angsal angsalipun : gorengan,
batikan, gaweyan.
04. Mangsa : panen, padusan,
suntikan.
05. Gampil : mutungan, kalahan,
getasan.
06. Sami dene nglampahi : salaman,
biten guyon.
07. Dolanan : jaranan, pasaran,
tangisan.
08. Ngangge : bebedan, sabukan,
kelamben.
09. Nanggap : wayangan, reyogan.
Tegesipun Ater-ater Anuswara:
01. Nyambut damel : jenu, macul,
medhang.
02. Nganggep : mbapa, ngadi, mbibi.
03. Dados : mbatur, nyantrik,
nyudagar, nuwani.
04. Nuju dhateng : minggir, ngulon,
munggah.
05. Damel : nggule, ngabon, nyambel.
06. Nyukani : nyadhong, makani,
nyandhangi, nyamaki.
07. Kados : mbodoni, mbisu, ndesani,
ngetumbar, mucuk eri.
08. Saben tiyang nampi : niji,
ngloro, matang liter.
09. Nambahi : ndhuwurake, ndawani,
nggedheni.
10. Ngetrapaken : nglambeni, napeni,
nyetuti.
11. Saweg wancinipun : mbosoki,
ngretegi.
Tegesipun Ater-ater Sa
01. Satunggal = seket, sakebo,
samèter.
02. Sabarang = sakarepe, sawarege,
sasenenge.
03. Nunggil = sabantal, saomah,
sakamar.
04. Kalih / karo = salapake, sauwite.
05. Sami kaliyan = sagunung,
sapitik.
06. Ngantos = sabubare, saenake.
07. Saben = saasine, sadinane.
08. Angger = sakobere, saenake.
Tegese Ater ater Pa / Pe
01. Srana = pasumbang, pangudi.
02. Tukang = pangendhang, padhang,
pamomong.
03. Ukuran mangsa = sapenginang.
04. Ukuran panjang, tebih =
panjangkah, pandulu, pabalang.
05. Carane / patrape = panulise,
panggambare.
06. Panggenan = pakuburan, panepen,
pagadeyan.
07. Mangsa = panen, padusan.
08. Pirantos = pembesut, penyakit,
penulak.
09. Tiyang ingkang dipun = paukuman,
panembahan.
Seselan lan Tegesipun
Seselan namung 4 warni:
"er", "el", "um", "in".
- crekot, saking tembung cekot
tegesipun pating/pijer.
- trambal, saking tembung
tambal, tegesipun pating/kathah.
- dlewer, saking tembung dewer,
tegesipun pating/pijer.
- sliri, saking tembung siri,
tegesipun pating.
Seselan "er" lan" "el" wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha. Dene ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan "um" lan "in".
01. Tumandang lingganipun tandang
tegesipun kriya.
02. Rumujak, lingganipun: rujak,
tegesipun: nedheng nedhengipun.
03. Kumaki, lingganipun: kaki,
tegesipun: anggepe kaya.
04. Jinambak, lingganipun: jambak, tegesipun: di
.............
05. Tinulis, lingganipun:
tulis, tegesipun: di ............
Menawi aksara wiwitan tembung wonten
"w", "p', "b", lajeng éwah dados "k" utawi
"g".
- ayu - kumayu, tegesipun: anggènipun kados .......
- ayu - kumayu, tegesipun: anggènipun kados .......
- emping - kumemping, tegesipun:
saweg eca ecanipun dipun ......
- wasis - kumasis, tegesipun: kados tiyang .......
- pinter - kuminter, tegesipun:
kados tiyang ......
- bagus - gumagus, tegesipun: kados
tiyang ......
Tegesipun Tembung Dwi Lingga.
01. Naminipun barang : orong orong,
alap alap, nget nget.
02. Nglampahi padamelan : omah omah,
udan udan.
03. Kathah : gedhe gedhe, jembar
jembar, omah omah.
04. Sanget : asin asin, seru seru,
gedhe gedhe.
05. Tansah : lali lali, ora ngerti
ngerti.
06. Sanajan : alon alon, empuk
empuk, anggere.
07. Mangsa / wanci : bedhug bedhug,
sore sore.
08. Saepolipun : dawa dawane, murah
murahe.
09. Boten susah : ora isan isin, ora
rikah rikuh.
Tegesipun Tembung Tembung Dwipurwa /
Dwiwasana.
01. Boten tentu barangipun : tetuku,
lelara, gegaman.
02. Ngangge/damel : gegriya.
03. Murugaken : pepeteng, bebungah,
lelethek.
04. Pating : cengengesan, cekakaan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar