Sumribit
angin ngelus sore
Manuk
sriti padha bali ing pucuking cemara
nganti
wengi kang nyenyet tumeka
Sumunar
padhang kaapit mega-mega
bareng
karo petenging wengi
Angin
wengi iki tansah ngancani
anggonku
nyawang cahyamu
Tekamu
tansah reruntungan
Katon
kemelip ing angkasa
Gawang-gawang
katon pasuryanmu
gawe
tentreming ati iki
Lintang-lintang
abyor ing tawang
cumlorot
sliweran nalika alihan
Kumleyang
menclok ing socamu asihku
Cahyamu
gumebyar sumunar gilar-gilar
Lintang-lintang
padha alihan
Cumlorot
telu ing pundhakku
Kawitan
lintang abang lintang perang
Kapindho
lintang mirunggan, lintang kamanungsan
pungkasan
lintang kumukus, lintang kadurakan
Tetty Fitria
Tidak ada komentar:
Posting Komentar