Sabtu, 29 November 2014

Aku Saksine..



Ing kukuban desa Patran, wong-wong wis padha ngerti kabeh karo sing jeneng Pak Joliman, awit dheweke iku nyalon dhukuh anyar sing lagi wae arep pilihan. Nggenteni dhukuh Darmo sing leren merga yuswane ya wis sepuh tur gerah-gerahan wae.
Pak dhukuh Darmo kuwi mbiyen pinter momong rakyat. Wonge sabar, sregep tur disiplin. Apa wae programe pemerintah, Pak dhukuh Darmo mesthi tekan ngisor (wong cilik). Upamane gerakan penghijauan. Sing padha duwe pomahan jembar ya diopyak-opyak supaya padha ditandhuri wit-witan sing ana asile, kayata wit buah-buahan, jambu, jeruk, pelem, rambutan lan liya-liyane.
Dene sing lemahe mung pas-pasan omah, ya disaranake supaya pot (kuwali) sing bisa ditanduri lombok, terong, tomat lan kebutuhan dhapur liyane. Pak dhukuh Darmtuku o ora mung dhawuh, ning ya nyontoni.
Ing mburi omahe ditanduri empon-empon pepak kayata : kunir, kencur, jahe, sunthi, temulawak. Yen ana warga sing mbutuhake jejamu ben anget awake, pak dhukuh tansah tawa-tawa supaya teka ing ngomahe. Watake pradhah, ning setiti, loma, sing kebutuhan umum mesthi didhisikake. Warga Patran padha seneng marang Pak dhukuh Darmo.
Nalika saka kalurahan ana dhawuh yen saiki wong ora kena dolanan kertu, Pak Dharmo ya ndhawuhake wargane supaya aja padha dolanan, merga yen konangan sing wajib bakal abot sangsine. Bubar ndhawuhake, Pak dhukuh Darmo ya tlaten kontrol, janji ana jagongan apa wungon mesthi ngrawuhi lan elik-elik, supaya sing duwe omah aja nganti nyedhiyani kertu. Kabeh padha tundhuk
Nanging ya kuwi, sing jeneng ana aturan, kok mesthi ana pelanggaran. Ngerti yen di larang, ning ya nekat nindakake senajan kanthi ndhelik-ndhelik. Ing antarane pemudha desa Patran ana siji sing kendel, kerep mbantah yen dielingake. Wong kuwi jenenge Joliman, anake wong sugih Prapto, Carik gadhe sing cedhak kecamatan.
Dhek isih SMP bocah kuwi digawa bulike ing Jakarta merga ora duwe anak, nanging bareng SMA klas loro kok dimulihake neng ndhesa nggone bapakne. Karo Pak Prapto ya banjur dilebokake SMA ing cedhake desa kono.
Joliman gedhe pengaruhe neng desa kono, merga apa-apa ndhuwe, senenge ngumpulake kanca diwarahi rokok-rokokan, sinambi ndobos ngalor ngidul. Disuguhi pangan sing kudune pancen kanggo bapakne, dientekake kanggo nguja kanca-kancane. Maklum cah ndesa, sing racake mung anake wong dhanyang buruh banjur di uja-uja Joliman, dadi banjur padha dadi balane. Dikongkon lan diajak apa-apa manut. Ngerti tindake anake mau, Bu Prapto dadi gumun. Lho kok ngono? Maune ya dikandhani, nanging Joliman ndhableg. Anggone iri-iritan rana rena karo kancane ora gelem leren. Malah nalika ibune nesu, Joliman wani mangsuli. Oh, ibune dadi judheg.
Wis olehe sekolah ora tau gelem sinau utawa mbukak buku, ndadak sadina-dina mung dolan ubyang-ubyung karo kancane sing padha ora nggenah. Ibune mbatin, olehe dibalekake mulih kuwi mesthine Joliman ing nggone bulike nakal. Nyatane lagi klas II SMA, nalika mulih liburan, ing wayahe mlebu kok emoh bali. Alasane seneng sekolah ing ndesa.
Gek bulike ya banjur ora ngaruhake barang, gedhene ngakon bali. Gandheng wong kuwi ya anake, pak Carik Prapto lan putrine yan meneng wae, mula banjur dilebokake sekolah kuwi. Nanging Joliman ing sekolahan kerep gawe ulah lan kerep nglanggar aturan sekolahan, upamane: sekolah ndhuwur seragam putih ning ngisor lewis, konangan oleh rokokan neng njero kelas, seneng nggodhani cah wadon, lan liya-liyane. Maune ya mung kerep diundang ing ruang BP. Nanging gandheng wis nganti patang wulan durung mbayar S.P.P, kepeksa dening guru kelase wong tuwane dilayangi utusan pak bon. Nampa layang tagihan S.P.P. Pak Prapto rumangsa isin lan mangkel karo Joliman anake. Wayah sore nalika Joliman lagi lungguh nonton TV, Pak Prapto kandha, “E.. Joliman, iki mau ana layang tagihan saka sekolahan, sing isine ngadhakake yen wis patang sasi S.P.P mu durung mbayar. Mangka pendhak sasine kowe rakya wis tak wenehi ta? seje dhuwit sangu saben esuk, wis njaluk aku, kowe isih ngathung karo ibumu. Dhuwit kuwi banjur kanggo apa?”
Wangsulane Jonilan ora rumanga salah, “Pak, aku ki rak cah wis gedhe ta, kejaba kanca ing sekolahan, aku rak ya butuh srawung barang karo wong njaba. Srana srawung iki ya rokok, gentenan njajakake. Bapak iki sugih, kanggo apa dhuwite yen ora kanggo anak?”
Krungu wangsulane anake sing sapengarepan, atine pak Prapto runtik, wusana tembunge sengol. “Man, Bapak iki sejatine ngerti, nek kowe kuwi saiki wis neneng mabok, teler, ndem-ndeman ngombe karo kanca-kancamu njaba sing padha ora nggenah kuwi. Mula SPP mu ya nganti nunggak pirang-pirang sasi, wong dhuwite mbok slewengake. Wis pokoke, kowe sekolah apa ora sakarepmu, aku minangka wong tuwa ora eman cucul bandha angger wae ngerti juntrunge.”
Tembunge bapakne ditampa mentah. Saiki rumangsa disekarep, sekolah ya kena, ora ya kena. Mula Joliman banjur nekat, trima milih ora sekolah. Saiki sok ing sawah, melu-melu macul ngrewangi bebaune bapakne nggarap sawah. Sathithik bisa gawe senenge ibune, nanging anggone seneng ngluyur bengi saiki ya saya tambah-tambah.
Merga ngerti anggone nyimpen dhuwit ibune, mula yen butuh dhuwit ya mung njupuk ngono wae tanpa nembung. Embuh sapa sing marahi, saiki Joliman malah wis kenal papan-papan kresek, warung remeng-remeng sing ndasarake ciblek kanggo wong-wong lanang iseng. Ciblek sing tegese cilik-cilik betah melek.
Sejatine Joliman ya kepingin nduwe pacar sing gumathok kaya pemudha-pemudha sajajare, nanging angger nyedhaki cah wedok sing bener-bener, ngerti watake Joliman banjur padha ngedoh. Gelem dhuwite yen di jajakake, nanging yen Joliman arep serius banjur padha mlayu. Awit ngerti yen watake Joliman ala. Ya pancen anake wong sugih, nanging wong sekolah wae ora dadi, nyambut gawe kesed mangka ora duwe ketrampilan. Pintere mung ngeceh-eceh dhuwite wong tuwane.
Wektu kuwi ing desane Joliman, ya ing desa Patran kono arep ana pilihan dhukuh, merga pak Darmo sing wis setengah yuswa kuwi saiki pijer gerah-gerahen. Mula kanthi lila legawa banjur mengundhurkan dhiri.
Pemudha-pemudha kancane Joliman padha ngerih-erih, yen Joliman gelem nganggo dhuwit, kelompoke Joliman padha gelem golek bala sanjabane desa kono. Merga tansah padha dibujuk, Joliman dadi gumregah atine, nuli pitakone karo salah sijine kancane kelompok. “Wakijan, kira-kira mbutuhake dhuwit kuwi pira ya?”
Kancane mangsuli, “Walah Man, satus seket yuta wae yen gelem ngedum dhisik mesthi gul ta wis. Aku mengko sing saguh mubeng golek wong.”
“Ya wis coba ya aku tak kandha ibuku.” Kandhane Joliman.
Kanthi di rayu-rayu, sidane ibune nyaguhi penjaluke Joliman, wong jare ora ana sing saguh maju nganggo dhuwit. Nanging Pak Darmo sing arep leren kuwi meneng-meneng wis sarembung karo Pak Lurah lan perangkat desa, yen ponakane sing jeneng Sarjana kuwi saguh nggenteni. Pak Lurah sak setafe wis gelem nampa kanthi seneng, merga wis ngerti watak-watakane Sarjana, bocah sing apik ing kalangane pemuda tur pinter gawe organisasi kanggo majune desa.
Saking getole Wakijan ngrayu, nganti awan bengi Joliman saba ing omahe. Mangan turu wis ora sungkan-sungkan maneh merga dhuwit tansah nyah-nyoh. Ngerti bojone dikon ngedum dhuwit wong-wong sing sesuk dikon milih, Ginem mepeti Joliman terus, dhuwit satus,seket ewu, blang-bleng mlebu sake mbanyu mili. Endi sing kon nukokake minuman, sate, tongseng, susuke ora tau bali.
Wiwit awan Joliman wis nyengkrus ing omahe Wakijan, nerusake olehe arep dundum dhuwit, merga pilihan dukuh keri rong dina maneh. Bengi kuwi Wakijan karo Teguh sing arep ing desa Kundhen karo Sumping, jare iki sing keri dhewe. Kandhane Wakijan lan Teguh, sing wis didumi dhuwit wis padha gelem tandha tangan sesuk saguh milih. Lagi wae Wakijan lan Teguh budhal, udane tiba deres banget nganti meh jam sanga durung terang. Kanggo tamba adhem Joliman rada keladuk olehe ngombe nganti mendem banjur turu. Ginem turu ing njogan nonton TV, karo ngenteni sing lanang, lawang ora dikancing. Nganti jam sewelas udane isih deres. Merga ana bledheg. Joliman kaget nglilir tangi. Lingak-linguk, mripat natap sesawangan sing endah. Ginem turune miring ngungkurake kursi dawa sing dianggo turu Joliman.
Dastere Ginem nyingkap munggah, nganti pupune kang putih mrusuh kuwi katon cetha. Joliman saya njinggleng olehe nyawang. Dumadakan wae birahine wong sing mabuk kuwi ora kena sinayudan. Alon-alon Joliman tangi marani Ginem sing turu pules, tumuli dikekeb-kekeb kenceng. Rumangsani Ginem sing setengah sadar sing ngekeb-ngekeb kuwi bojone, mula meneng wae. Nalika Joliman lagi nguleng-uleng Ginem, ndadak lawang dibukak alon. Wakijan lan Teguh ditutake wong sepuluh saka desa liya sing arep padha nyadhong dhuwit kuwi, weruh adegan mau kanthi cetha. Saking kaget lan bingunge Wakijan ora sadar mbengok, “Maling …. maling ….”
Wong sepuluh sing weruh adegan mau ora ngerti dhodhok selehe, ya banjur melu mbengok, “maling….. maling…..” Regudug, sanalika papan kono dadi kebak wong tangga kiwa tengene. Joliman sing mabuk durung pati sadhar mau lingak-linguk, ora dhong, malah banjur mapan turu maneh.
Ginem kaget nglilir, ngerti Joliman ing sisihe, gage menyat ngadeg banjur mlayu marani bojone. Wong-wong sing teka banjur ngiwut ngantemi Joliman karo dilarak metu. Bareng padha ngerti yen Joliman, salah siji tanggane takon nyentak, “Apa sing mbok maling?”
Joliman isih bingung. Balane Wakijan sing saka liya desa mau mangsuli pating clemong, “Ketoke niku wau ajeng maling gereh, nanging banjur konangan merga kula sakanca padha mlebet.”
“Sapa seksine sing weruh?” pitakone salah sijine tanggane.
Wong sepuluh saka liya desa mau mangsuli bareng, “Kula seksine. Menika padha semerap sedaya.
Joliman sing isih setengah teler mau digrudug wong akeh tumuju bale desa, salah siji tangane ana sing gemremeng, “Ha ya Joli, senengane ya nguja Li …mane.” Sing krungu padha ngguyu. Mesthi wae olehe njago dhukuh gugur sadurunge nglabruk.



by niniklenyemwww.cerkak-jawa.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar