Selasa, 09 Desember 2014

Saka Panggul (Sumono Sandy Asmoro)




Saka panggul dak laras lelagon wengi
Lelagone angin ketigajroning wirama sepi
Binarung swara ombak nyendhal ati
Kumlebat wewayangan(mu) ngronce kembang
Nothog lawang panggadhang

Saka panggul dak laras lelagon wengi
Nalika kelipe konang nyoba nglacak swara boning
Kang lagi mbabar cangkriman
Sangisore sunar rembulan

Saka panggul dak laras lelagon wengi
Nalika cahyane lintang ngiris ati


Panjebar Semangat No. 40 - 4 Oktober 2014

Senin, 08 Desember 2014

Kenduren Syukuran

Kenduren utawa slametan yaiku tradisi kang wis turun temurun wiwit jaman biyen, yaiku donga bebarengan kang ditekani dening para tetangga lan kulawarga kang umume dilakokake dening wong lanang,  kang dipimpin dening sesepuh utawa sing dituakake ing saben lingkungan. Kenduren umume dilakokake sawise ba’da Isya.

Tuladhane kenduren syukuran
            Wong kang oleh anugerah saka Gusti Allah SWT, mesti wae ngucapake puji syukur. Biasane rasa syukur mau diungkapake karo nganakake acara kenduren syukuran ngundang sedulur, kanca-kanca lan tetangga.
            Tuladhane wong kang nduweni omah anyar, montor anyar, naik pangkat, lulus sekola, diterima kerja. Oleh jabatan kang luwih dhuwur, kayadene diangkat dadi direktur, kepala kantor, lurah, bupati, gubernur,  lan liya-liyane.
            Acara syukuran diwiwiti saka donga bebarengan, maca tahlil, surat Yasin, lan surat-surat pendek, kayata surat Al-Fatihah, surat An Nas, surat Al-Falaq, lan surat Al-Ikhlas. Karo jagongan sila ing dhuwure klasa, mubengi tumpeng lengkap karo lawuhe lan jajanan pasar.
Sakbacute maca donga ucapan syukur kang ditujukake marang Gusti Allah SWT kang wis menehi rejeki. Muga-muga diwenehi keslametan, di adohi saka goda lan alangan kang bisa ndadikake cilaka marang dheweke, kulawarga, lan liyane. Sawise iku maca dunga panutup.
Sawise rampung anggone dedunga, sakbacute mangan bareng-bareng. Bubar mangan kang wis disediani, wong-wong kang wis padha teka digawani berkat kanggo digawa mulih. Isine berkat yaiku beras ½ kg, teh, kopi, iwak sarden, lenga kelapa, lan mie instant sing didokon ing jero sangku utawa besek plastik lan dibungkus kanggo plastik kresek.
Tradisi kenduren isih dilakokake dening masyarakat ing jaman kang wis maju iki. Masyarakat bisa kumpul bebarengan ing omahe wong kang nganakake acara kasebut. Iki bisa ngraketake tali silaturahmi, karo ndongakake wong lan njaluk berkah marang Gusti Allah SWT kanggo ngucapake syukur amarga wis diwenehi berkah lan nikmat urip.



Drupadi Kudu Poliandri




Ekacakra modal-madul kasapu banyu segara. Luwihan amukane Bakasura isih katon ngruntahi. Rasa susah ing manah ndekep omah-omah warga kang kelangan sedulure, dadi tumbal kebringasane Bakasura. Nanging, ing tengah lara lapa mau, warga isih eling ngucapake sokur marang Gusti amarga ana wong kang ngentekna getihe Bakasura, yaiku Bimasena kanthi cara nyamar. Nalika ana sayembara ambengak-bengok anggoleki satriya, Dewi Kunthi nglawe Bimasena supaya mbacutake sayembara, melu ing nagari Pancala.
Bimasena playon, mbabadi dalan ing wana karo nggandeng Pandhawa. Gunung-gunung njubleg ndhodhoki bhumi, gawe eyub Dewi Kunthi. Nagara Pancala kang makmur, midak-midak Brahmana mlarat tetelu mau. Mung omahe tukang kendi bae kang gelem dijagongi.
Drupada ambuka sayembara ing nagari Pancala. pancen wis dadi tradhisi kang khas. Raja kang nduweni putri kang wis gedhe kudu nggelar sayembara kanggo milah semah kang becik kanggo putrane.
Wayah awan, jagad Pancala gumeter. Para satriya saka werna-werni nagari tumplek dadi siji ing alun-alun Pancala, ing tengahing kutha. Para satriya kumebul-kebul sirahe, wis kepengin anggarwa Drupadi.
Drupadi iku putri kang ayune kaya Dewi Ratih. Lambene lir manggis karengat awujud kembang asoka kang kumayu nalika kajamah srengenge kuning. Matane ndamar kanginan ngawasake kanthi endah kaya berleyan kijang kencana. Rambute ngandhan-andhan lan gulune ngelung gadhung tambah gawe sampurnaning ayune.
Warna kuning ing Kraton wetan, anget-anget ambakar alun-alun Pancala. Gawe satriya tambah kembul anjundal-jundal ora sabar nggarwa Drupadi. Para warga ugi padha ndedel alun-alun kaya-kaya arep wutah.
Para satriya katon ora sabar adu kasekten. Para satriya padha kuwanen, kaya-kaya dheweke kang wis menangake sayembara. Samono uga Duryudana sabala. Jare dheweke, mung dheweke bae sing bisa mboyong Drupadi marang Kratone.
Swasana alun-alun keramenen nalika gong sayembara dipentungna. Mbengok-bengok lan keplok nambah mengingi kuping kutha. Drupadi ngadeg mejegreg ing tengahing segara atoya janma. Drestajumena, rakane Drupadi kuwi terus ngudarake aturan sayembara.
“Para satriya kang mesthi sekti, aku arep njlentrehake aturan main ing sayembara iki” ujare Drestajumena. “Ing kene ana busur lan anak-anak panah, ing dhuwur kuwi kapasang sasaran kang dadi tujone anggonmu padha manah. Sapa wae kang bisa nyucus sasaran kuwi kanthi trep, nglewati bolongan ing pusate cakra iku ping lima, kuwi wong kang bakal menangake sayembara iki. Dheweke bisa mbopong adhikku, Drupadi marang nagarine” bacute Destrajumena.
Ewonan mripat ngglinding maring arena sayembara nalika siji-siji satriya uji kasekten. Gonta-ganti satriya, nanging durung ana sijia kang bisa njunjung busur, apa maneh narik busur marang sasarane. Duryudana kang kuwanen banget bakal menangake sayembara kuwi kudu ngeleg rasa kuciwa. Amargi satriya kang dikenal sekti kuwi nyata-nyata ora bisa mbuktekake kasektene. Anak panahe mleset sepucuking rambut. Malah, busure melu mencelat sawise anak panah mleset ing awang-awang. Panonton padha rumil dhewe-dhewe nganggep sayembara iku abot baget dilakoni lan ora bakal ana kang bisa menang.
Swasana andadak bisu nalika sawijining brahmana enom kang nrusul saka ramene panonton kang kececer ing alun-alun. Brahmana mau terus munggah ning panggung arep nglakokake sayembara. Nalika dheweke mlaku tumuju busur kang abot kuwi, panonton ambengak-bengok ngrubuhna langit. Akeh para satriya lan sebageyan panonton kang mecucu ngece Brahmana mau.
Ing tengah arena sayembara, sang brahmana enom kanthi alus nyuwun pirsa marang Drestajumena. “menapa angsal, kula ingkang sawijining brahmana njunjung busur menika?”
“Sapa wae sing menang, adhikku Drupadi saguh dipek bojo, ananging asale kudu saka kaluwarga kang apik.” Drestajumena njawabi.
Sang brahmana ya sang Arjuna kang nyamar  terus konsentrasi. Ewonan mripat ambelalak nalika Arjuna njunjung busur lan masang lima anak panah kanthi cepet lan endah. Para panonton padha mbengok “wah…” ora percaya yen brahmana kuwi bisa nglakokake kanthi sampurna. Kaya trelep, lima anak panah mlayu kaurutan nembus bolongan cakra kang terus muter. Cakra kabelah, mencok ing lemah. Bengak-bengok maning-maning mecah suwasana anteng. Tetembangan khas Pancala kauni, nyambut kamenanganing sang brahmana.
Drupadi kang nganggo sandhangan sutera kinclong emas permata ngadeg. Raine sumringah. Kanthi alus, dheweke ndelengake Arjuna banjur mlaku mareki Arjuna, ngalungke kekembang ing gulune Arjuna.. Bimasena tetep  anjaga Arjuna mbok menawa ana sing gawe rusaking suwasana.
Ujug-ujug, Para satriya kang kalah ing sayembara iku ngamuk, ngrasa diece-ece amarga sayembara dimenangake dening brahmana.
 “Aku ora lila Drupadi dipek bojo dening brahmana ina! Nek ora gelem mbojo karo salah siji ing antaraning aku lan para satriya, Drupadi kudu dadi prawan nganti nglakokake satya, terjun ing jero genining awu mayat. Ora pantes Brahmana dadi bojone putri raja. Aku para satriya ora sarujuk marang sesambungan iki, aku para satriya njaluk sayembara iki dibatalake. Sapa ngerti barahmana iku sebenere anduweni niyat kang ala!” bengoke salah sawijining satriya.
Suwasana saya cupet, Arjuna ngloyor lunga dijaga Bimasena tumuju ing omahe tukang kendi sing dienggoni pandhawa. Drestajumena jebul meloni lakune Arjuna. Putra Pancala iku ngrasa lega atine sawise ngerti yen sing menang sayembara kuwi para Pandhawa sing lagi nyamar. Nalika mulih maring Kraton, dheweke banjur lapur marang Raja Drupada.
 “Aku teteg banget pak, brahmana kang menang sayembara kuwi Arjuna lan brahmana prakasa kang njaga Arjuna yaiku Bimasena. Aku iya weruh wong wadon sing agung lan wibawa kae. Aku yakin nek kuwi mesthi Dewi Kunthi.” Ujare Drestajumena.
Sawise ngrungokake lapuran saka putrane, Raja Pancala enggal-enggal ngongkon para prajurit Kraton kanggo marani para pandhawa ing omahe tukang kendi .
Dewi Kunthi lan Pandhawa kang wis teka ing Kraton enggal-enggal ngaku yen iku para Pandhawa kang lagi nyamar. Dewi Kunthi uga ngendhika yen putrane lima mau bakal mbojo karo Drupadi. Raja Pancala ndadak mlotot mripate sawise krungu pangakuwan Dewi Kunthi.
“Ora pantes tenan nek anaku Drupadi kudu mbojo karo lima putra. Ora ilok! apa kang bakal dadi nek ana putriku anduweni bojo lima? Kepiye anggone para Pandhawa kang alus budhine nanging jebul nyleneh ing manah?” pitakone raja Drupada kanthi landhep mripat.
“nyuwun sembah nuwun, raja! Kula para Pandhawa sampun anggadhahi sumpah. Sumpahipun inggih menika bakal urip kanthi ambagi-bagi menapa-menapa ingkang dipungadhahi kula para Pandhawa. Kula para Pandhawa boten saged  cidra ing janji. Ibu kula para Pandhawa, Dewi Kunthi ugi ngestukaken dhawuh kula para Pandhawa.” Jawab Yudhistira kanthi nyembah.
“iki babagan kawin, Ngger…”
“inggih raja! ananging Drupadi ugi sampun sagah.”
“Ya wis, Ngger, aku ora bisa ngadang-ngadangi nek pepengine kowe kaya ngana, apa maneh putriku wis sarujuk.” Ujare Drupada. Dewi Kunthi, Drupadi lan para Pandhawa lega ing manah. Upacara agung lajeng kagelar ing Kraton Pancala.

TETENGER (M. Hadi Utomo)



Wis dadi tetenger sing Gusti Allah


Awaké dhèwèk : nyong karo kowen


Dilairna nang kéné


Mbrojol sing guwagarbané emboké nyong


Lan mboké kowen, tan bisa milih


Nang tlatah saloré Gunung Slamet


Tetegalan amba nang pinggir pesisir


Segara Jawa sing ombaké ora patia dhuwur


Tetegalan amba sing lemahé subur


Tetegalan sing mengkoné bakal dadi aran : Tegal


Tegalé dhèwèk…


Tegalé nyong karo kowen


Sing pan tak tembangi


Sadawané wengi


Nganggo puisi



Prosesi Tradhisi Sedekah Bumi ing Margadana, Kota Tegal





Tradhisi sedekah bumi dianakake kanggo nyegah supaya ora ana kadadeyan sing ora dikarepake, amarga tradhisi wis ana wiwit biyen ing panggonan kono. Rasa tanggungjawab kang gedhe minangka generasi panerus supaya nglestarikake lan marisi ing anak putu ing dina mengkone. Ing ngisor iki yaiku prosesi tradhisi sedekah bumi masyarakat Margadana, Kota Tegal.
a.       Prosesi arak-arakan sedekah bumi
Modin yaiku aparat desa ing bidang urusan agama karo pemangku adat nyebar sesajen. Kelompok jebeng-tulik yaiku kelompok nom-noman. Jebeng nggawa sesajen (jenang beras werna abang lan putih diganepi karo banyu), lan tulik ndampingi jebeng karo nggawa paying supaya ora kena sinare srengenge. Banjur kelompok ibu-ibu PKK, aparat desa yaiku kepala desa lan pamong, sarta masyarakat kang melu arak-arakan sedekah bumi. Pungkasan yaiku masyarakat kang ndeleng prosesi ritual iki, supaya suasanane rame.

b.      Maca donga
Sedurunge donga diwaca bebarengan, karo ngenteni warga padha kumpul, kemenyan kang isine kayu areng disiapake banjur dibakar ing dhuwur nampan kang digawe saka lemah lempung banjur diselehake ing dhuwure tampah kang isine kembang, kayata mawar abang, kanthil, lan kembang liyane. Kemenyan iki kanggo ngusir roh kang ala sing ngalangi ritual iki.
Kemenyan iku minangka kanggo mbukak slametan lan ora nduweni sanksi apa-apa. Sawise iku diwiwiti saka donga njaluk keslametan donya akhirat, supaya panguripane warga Desa Margadana aja nganthi ngalami sengsara.

c.       Rebutan berkatan
Sarampunge maca donga kang dipimpin dening modin (aparat desa) banjur warga padha rebutan berkatan saakeh-akehe. Sapa wae kang oleh berkatan iku, bakal oleh rejeki akeh, panguripane tambah layak.

d.      Pagelaran wayang kulit
Pagelaran wayang kulit dianakake ing cedhak pakuburan. Ing kuburane leluhur, sing dening masyarakat diarani Mbah Buyut. Pagelaran wayang kulit dianakake saben taun nalika Jum’at kliwon minangka hiburan pungkasan kang dadi kesenengane Mbah Buyut. Kanggo nyegah supaya ora ana kadadeyan sing ora dikarepake, kayata gagal panen kang bisa mudhunake kasile masyarakat amarga warga desa Margadana akehe pegaweane dadi petani.